Nalikane nyawang lemah sabrang
Amung katon ambartala kang werna abang
Ing sakpinggire kebak wesi-wesi kang anggon karya
Laku isun kabethek palang abang
Kang tinulis sira kudu bali
Isun bali
Ing kadohan isun natap sabrang
Rumangsa donya wus manjing surup
Biyen sabrang kebak jati
Biyen sabrang kebak meri
Biyen sabrang kebak rezeki
Lamun srengenge wis katon boyong ngulon
Pratandha yen manjing tua
Sing biyen kebak rupa
Saiki kebak arta
Sing biyen kebak guyon
Saiki kebak pacoban
Pancen donya wis nyurut tua

Lemah tanpa aji
Ora kebak tanduran
Sansaya kebak cor-coran
Samudra tirta asat
Samudra manungsa wuwuh
Jajar, 2020
Latest posts by Arif Fadil (see all)
- Nyawang Lemah Sabrang - October 21, 2020