Nyesep Ngelmuning Sepi9 min read

Neng tengah sepi kuwi ana penak ana ora penak e. Kanggo sing doyan nyenyepi utawa nyenyuwung ngadoh saka liyan, temtune nggolek sepi kuwi babagan sing wajib, ora bisa ditundha, minimal sesasi ana sedina nggo nyepi. Beda meneh kalawan wong sing ora demen nyepi, pengine neng nggon rame njur jagongan tekan esuk ro kancane.

Senadyan ana wong sing ora seneng marang ‘sepi’, tetep wae ana momen-momen tatemtu sing bakal nggiring wong sing demen rame mau golek swasana sepi. Embuh amerga bar pegatan utawa nalika dioyak utang. Mula nek miturutku, swasana sepi kuwi piye-piyea dibutuhake manungsa.

Nek ngomongake bab sepi aku mesthi njur kelingan karo lagune Iwan fals sing rilis taun 80/90’an rikala semana. Judhule, Antara Aku, Kau, dan Bekas Pacarmu. Neng tengah lagu ana chorus sing tekan seprene isih takugemi, nek di-Jawakake:

…dalan peteng sing kok pilih | kebak bolongan lan unggahan

(…jalan gelap yang kau pilih

penuh lubang dan mendaki…)

Sumber gambar: https://c-sf.smule.com/

Bayangake wae awak dhewe numpak pit motor neng tengah alas sing ora ana lampu babar blas, njur dalane kuwi ora rupa dalan tapi rupa cobaan!! Ya ana gronjalane, ana bolongane, ana unggahane, ana mudhunane, wis pokoke ati iki ibarat kaya di-prank bola-bali. Iya nek wong lokal kunu, bisa apal, lha nek awak dhewe dudu wong kunu, rak ya cilaka ta?

Pancen, angslup neng papan sepi kuwi medeni, nanging uga prelu diakoni menawa biyen awak dhewe lair saka panggon sepi lan suk mben bakal bali menyang sepi meneh. Mengkono iku wis saklumrahe.

Senadyan sepi kuwi medeni, ora banjur ora bisa dirantasi. Jenenge manungsa rak diwenehi sing arane daya kanggo adaptasi ta? Titeni wae, angger ujug-ujug omahmu mati lampu, sakkala mesthi ora katon apa-apa, nanging nek kowe meneng dhisik suwe-suwe rak bakal ketara warnane. Maksude, mripat bakal kulina. Nek wis ngerti menawa manungsa bisa adaptasi, kenapa wedi marang sepi?

Dalan Sepi tur Munggah

Dina Setu, tanggal 3 April 2021, aku sakkanca budhal mara menyang ereng-ereng Merbabu kanggo nekani acara limangtaunane Sraddha. Ana Yani, Mas Zak, Mas Imam, Tio, karo Krisna. Niyatku budhal gasik, budhal awan, kareben bisa melu urutan acarane, nanging lha kok malah ana tanggungan garapan ngedit video. Kepeksa wekasane budhal sore bareng ro kanca-kanca liyane.

Budhal udakara jam papat sore. Bandha sangu Google Map, nyoba ngetutke dalan tumuju ereng-ereng Merbabu, daerah Pantaran. Pancen Google Map kuwi senadyan nggampangke laku, nanging tetep wae marai keblasuk, nyatane tiwas muter dalan nganti sejam, jebul lagi tekan Prambanan. Gandheng wis kebacut tekan dalan Solo-Yogya, akhire ditetepake liwat dalan biyasa wae.

Kira-kira Isya lagi tekan kutha Boyolali, mampir angkringan dhisik sedurung lanjut menyang ereng Merbabu. Cukup anggone mbadhog sega kucing, njur nerusake laku. Bejane wis cedhak. Miturut Google Map, mung kurang setengah jam tekan panggonan.

Nanging… Nanging… Setengah jam kuwi malih dadi sejam ngelingi dalane sing munggah banget. Ora ana mudhune blas, munggah terus ora ana enteke. Muga-muga kaya ngono ya rejekine awak dhewe… Wkwkwk

Bareng wis cedhak panggonan, lha kok Supraku kampase kemebul. Mambune sedhep ibarat duduh mi indomi soto. Gandheng sawangane ora kuwat, Yani takkon mudhun supaya mlaku. Lha kok bisane aku sempet kelalen, dheweke isih adoh neng mburi, tur sambat nek arepe semaput! Bejane ana wong liwat aweh pitulungan. Dilalah, Mas Zak ro Mas Imam wis tekan lokasi, Tio ro Krisna isih adoh ana mburi.

Sumber: Dokumentasi Sraddha

Ora let suwe, jam sanga akhire tekan lokasi. Ana sing arane Glamour Camping, konsepe kaya lemah jembar diwenehi tendha permanen. Mbuh piye karepe tendha permanan iku. Bareng pisanan mlebu, jebul neng njero tendha ana kasure, ana jedhinge barang! Ajaib!! Yakin gumun. Jare wong Jawa ora entuk gumunan, tapi meh piye meneh, kuwi alamiah je…

Kanca-kanca Sraddha wis padha ngenteni neng pojokan. Aku sakkanca mlaku mara. Ora lali krubutan jaket karo sarung supaya ora kadhemen. Sakwise salaman ro kanca-kanca Sraddha, langsung ngadhep LCD ro sega sing wis dicepakake. Bubar mangan bareng, acara diwiwiti.

Pitutur Sepi

Acara dibuka dening MC. Wiwitane donga bareng banjur kenalan siji lan sijine. Kanthi gentian padha ngadeg ngenalake awake dhewe-dhewe. Cukup anggone kenalan, banjur nyetel video profil Sraddha. Saka video iku, aku lagi ngerti nek Sraddha kuwi madeg minangka wujud apresiasi marang swargi Rama Kuntara utawa Rama Petruk, sing sadawa urip masrahake daya urip marang ngelmu, utamane naskah Jawa sing saka Merapi-Merbabu.

Sakwise video rampung kabeh, acara dibacutake kanthi wejangan ngelmu bab Asrama saka Mas Zak, minangka Dosen Enom ing Sastra Jawa, FIB, UGM. Ing wedharan iku, Mas Zak nerangake bab Asrama sing tegese kuwi ‘ngeselake awak’ (melelahkan diri) lan sistem pamulang sajroning Asrama ing jaman Jawa kuna uga Asrama sajroning perspektif Hindhu.

Sumber: Instagram Sraddha

Ora prelu takwedhar ana kene, mundak marai seneng sing maca, aku wae mbelani adhem karo lara untu kanggo entuk wedharane Mas Zak, lha kok penak men sing maca entuk informasine saka tulisanku. Nek pengin ngerti kaya piye wulangane, mangga dikontak langsung wae Mas Zak. Eling, Jer Basuki Mawa Beya.

Intine, Mas Zak ngandharake menawa Asrama kuwi bisa minangka papan, wektu, malah bisa uga diarani minangka cara kanggo urip. Saben manungsa mesthi angliwati Asrama. Mula ana patang tahap lakuning Asrama kanggo mrantasi patang perkara urip. Konsep kaya mengkono tekan seprene isih kalakon, utamane konsep Asrama. Misale bisa disawang aneng sistem pondok pesantren. Kirane sistem pesantren kuwi padha kaya sistem Asrama ing mangsa Jawa Kuna biyen.

Sumber: Dokumentasi Mas Zak

Udakara ana setengah jam utawa sejam anggone Mas Zak aweh wedharan babagan Asrama. Sakwise diisi kalawan tanya-jawab, lanjut marang acara sakbanjure, yaiku acara refleksi sing digawakake dening Kang Rendra langsung, minangka cantrik Sraddha.

Rong dina sakdurunge, ing grup WA sakjane wis ana kiriman teks bab apa sing bakal diomongake dening Kang Rendra. Ing acara refleksi kuwi, dibagekake teks versi cetak marang kanca kabeh. Takkira tipis, jebul lumayan, ana wolung lembar. Aku wis cepak-cepak awak mbok menawa bakal ora betah, nanging nyatane malah betah!

Swasana sing sedurunge rame, nalika Kang Rendra munggah malih dadi anteng. Kang Rendra lungguh aneng ngarep LCD. Dheweke kandha menawa bakal maca teks, ora cul saka teks. Amerga anggone macakake katon urip, teks sing wis dibagekake kanca-kanca taklempit, takselehake, aku milih ngrungokake wae sinambi nonton slide sing ditayangake ana LCD. Malah luwih marem rasane!

Judhul teks sing diwacakake Kang Rendra, nek ora salah yaiku “Meretas Jarak (Otokritik Limangtaunan Sraddha)”. Pancen tenanan, Kang Rendra mung macakake teks, nanging masalahe dudu perkara ‘mung’, amerga ana rasa lan teknik sing digawakake Kang Rendra saengga sing nampa teks luwih milih ngrungokake tinimbang maca teks sing wis didumake sedurunge.

Ing bab pambuka, Kang Rendra njelasake menawa teks ditulis ing tanggal 2 April, pas limangtaun sewu dinane Rama I Kuntara Wiryamartana. Banjur Kang Rendra aweh wedharan sapa kuwi Rama Kun, apa perane, lan kaya piye nalika urip biyen.

Sumber: Instagram Sraddha

Nitik saka crita bab Rama Kun sing diwedharake Kang Rendra, aku dhewe sakjane malah meri. Ya meri amerga ora tepung marang Rama Kun, tur uga meri amerga durung diwenehi tekad kaya Kang Rendra sing gelem anjlog ing suwung lan nyrawung. Kasarane, Kang Rendra nerusake visi Rama Kun sing arupa ngedhunake kawruh sing ana ing kahyangan marang masyarakat.

Satengahing acara refleksi kuwi, Kang Rendra mbabarake akeh perkara, nanging saka sakehing perkara sing dibabarake, sing paling takugemi tur takelingi tekan seprene lan sakteruse yaiku perkara wates kawruh, utawa ‘jarak’ antarane masyarakat kalawan kawruh, khususe kawruh Jawa, klebu sejarahe, sastrane, adate, lan sakpiturute.

Apa sing diandharake Kang Rendra babagan ‘jarak’ ngelmu saka masyarakat marang kawruh sing tumemplek ing kahyangan pancen nyata anane. Mula ora gumun judhul tekse ‘Meretas Jarak’. Senadyan saiki kuwi jaman internet, nyatane ora sithik masyarakat sing kangelan entuk, bisa, lan duwe akses marang kawruh Jawa sing dianggep mung dingerteni dening wong ‘wingit’ ing bangku kuliahan!

Kang Rendra nalika refleksi. Sumber: Dokumentasi Sraddha

Tumrap perkara ‘jarak’ ngelmu mau, Kang Rendra aweh conto saka mitos menawa wong Jawa lan wong Sunda ora entuk bebojoan. Tanpa ana alesan sing cetha, mitos bab Jawa vs Sunda mau didhasarake marang peristiwa Bubad. Miturut Kang Rendra, mitos sing kaya mengkono mau kacipta amerga anane ‘jarak’ ngelmu.

Masyarakat mung nyawang hubungan Jawa-Sunda saka sakkedadeyan sejarah, ora nyawang saka sejarah liyane, kamangka, kandhane Kang Rendra, dhisik ing abad 16 ana pawongan saka Sunda sing ngumbara tekan Jawa kanggo ngangsu kawruh menyang para guru ing gunung, mengkono uga sakwalike, ana wong Jawa sing ngumbara tekan Sunda kanggo golek ngelmu.

Kang Rendra jupuk conto nyata saka Bujangga Manik, wong laku saka Sunda sing sempet mara menyang Merbabu utawa luwih pase ing Pantaran, papan kanggo kumpul Sraddha wengi iku. Conto saka tekane Bujangga Manik menyang Merbabu emane jarang banget dimangerteni dening masyarakat, mula mitos Jawa vs Sunda tetep langgeng tekan seprene. Meneh, sakliyane Bujangga Manik, ana tokoh arane Jayengresmi, sajroning Suluk Tembang Raras, sing ngumbara tekan Gunung Karang, ing wilayah tatar Sunda kanggo golek kawruh.

Awit anane ‘jarak’ ngelmu saka ‘kahyangan’ aneng masyarakat mau, masyarakat mung duwe sakreferensi kanggo ngukuhi mitos sing diugemi, kamangka mitos Jawa vs Sunda mau babar blas ora relevan meneh.

Ing pungkasan macakake otokritik, Kang Rendra ngajak kanca-kanca sing padha ngrungokake supaya bali marang sepi, bali ing dalan sepi Sraddha sing tegese ‘yekti’.

Takkira cukup semono wae tulisan iki. Tulisan iki takaturake marang kanca-kanca Sraddha sing ora gigrig lumaku ing dalan sepi. Pancen sinau Jawa, utamane Jawa kuna luwih akeh sepi tinimbang ramene. Sakliyane sithik banget sing mlebu kanggo sinau, kudu direwangi kalawan tekad sing ora bakal obah.

Foto bareng kanca-kanca Sraddha. Sumber: Dokumentasi Sraddha

Senadyan dalan sing diliwati Sraddha kuwi dalan sepi, nyatane bisa dilakoni kanthi wani. Suk mben, aku yakin Sraddha bakal dadi papan ngangsu ngelmu bab Jawa kuna sing ngluwihi papan kuliah, amerga bisa njumbuhake antara pamulang teori kalawan panganggone ing satengahing masyarakat.

Nek kanca-kanca Sraddha ngarani dheweke dhewe kuwi ‘pergerakan amatir nan serius’, nek kanggoku Sraddha kuwi serius tenan. Nek ora serius piye carane bisa tetep ana tekan seprene lan sakteruse suk mben? Luwih utama meneh, serius anggone angslup ing samudra sepi ngelmuning Jawa kuna.

Iman marang dalanmu, Sraddha…..

Gombalamoh

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *