Tradisi donga bareng kanggo mayit wis suwe dadi perkara. Tekan seprene ora ana enteke. Cerkak iki bakal nggawa sampeyan ngrasakake kahanan gonjang-ganjing bab kaparcayan lan akidah

Kabar yen Ustad Anwar arep nyewu Kiai Tohari wis tekan endi-endi. Akeh sing ngomongke bab kuwi neng ndalan, warung kopi, pasar, sawah, lan ngendi wae.

Jan-jane pancen dudu perkara sing kudu dirembug tenanan, nanging ngelingi yen Ustad Rohman, salah sijine putrane Kiai Tohari kuwi wong sing ora sarujuk banget marang slametan, kenduren lan bab sing sejenis iku, ya pantes wae yen bab iku dadi pocapan.

“Dadi tenan Ustad Anwar sida arep nyewu?” Takone Kang Pardi kang lagi andhok kopi neng warunge Mbah Din.

“Iya jare. Wong wingi wis pesen wedhus neng nggonaku kok. Kon ngeterke suk senen ngarep.” Bambang bakul wedhus nyauri.

“Lha ya ngapa ta, lak ya wis biyasa ana wong matangpuluh, mendhak, nyewu. Kok dha ribut wae?” Lik Man melu nambahi.

“Ya piye ya, Kang, kanggoku ki nyewu ki ora perlu ditindakke. Wong wis mati telung taunan kok isih dibancaki. Didongani lak ya wis cukup. Kok malah dinggo pista ngono. Bab kaya ngono ora ana tuntunane, bidengah.” Kamid nduwe panemu seje.

Ilustrasi padu. Sumber gambar: Fine Art America

“Halah bidengah..bidengah..ngomong wae yen medhit. Wong-wong nggonamu kuwi pancen ora gelem nguri-uri adat leluhur, ora gelem slametan, diundang kenduren ora mangkat, apa kaya ngono ora gawe tatune atine sing ngundang?” Aloke Bambang.

“Ya wong-wong nggonamu kuwi sing ora paham agama. Slametan dinggo tandha status sosial. Yen ora pepak ubarampene dadi rerasan. Wong ora nduwe direwangi utang-utang kedah-kedahe ben ora dirasani tangga. Kaya ngono ora ana tunt…”

Durung tutug anggone ngomong, Mbah Din teka nyapih sing lagi dha padu.

“Wis-wis, aja gegeran neng kene, gek dha ndang mangkat. Sing nyawah ya dang nyawah, sing bakulan ya ndang bakulan, selak kawanen.”

Kabeh padha bubar, nanging Bambang isih getem-getem gara-gara omongane Kamid. Nylekit tenan diarani ora paham agama. Prengus-prengus ngono dheweke tau ngaji nggone Kiai Tohari, senajan mung sedhela.


Ngrembug perkara slametan utawa kenduren ing desa Karangbatur pancen bisa dadi perkara sing sensitif banget. Jalaran desa kuwi saiki kepisah dadi rong blok, kulon prapatan lan wetan prapatan.

Desa kulon prapatan nulak kabeh bab sing magepokan karo bidengah, dene wetan prapatan pro banget marang perkara sing dianggep bidengah dene wong kulon prapatan. Jan ora tau gathuk tenan.

“Piye, Mal? Wis kok pesenke surat Yasin nggo nyewu simbahmu suk?” Takone Anwar marang anake, Kamal.

“Hmm..sedaya percetakan sami kebak order menika, Pak. Lha pripun, napa pesen wonten percetakane Lik Rohman?” wangsulane Kamal.

“Ya nek wonge gelem ya rapapa, ning kok aku rangu-rangu dheweke gelem nerima orderan kaya ngono.”

“Kula tak telpon rencang kula, Pak, menawi saged nyelake.”

“Yawis sing penting mengko sadurunge hari H kudu wis dadi.”

Kamal metu saka omah saperlu golek percetakan sing gelem nerima order saka dheweke. Lagi motoran neng ndalan kebeneran papasan karo Paklik-e. Rohman akon mandheg. Banjur wong loro kuwi minggir.

“Sajak kesusu ki arep nyang endi, Mal?” takone Ustad Rohman.

“Anu Lik..badhe…,” Kamal bingung anggone mangsuli.

“Ditakoni kok malah gojag-gajeg,” Ustad Rohman anyel

“Badhe pados percetakan…,”

“Kowe ki lho kaya ora nguwongke dulurmu dhewe, lha Likmu iki lak ya nduwe percetakan, ndadak bingung olehmu golek, apa wis ra percaya…,”

“Kangge nyetak surat Yasin ngge acara nyewunipun simbah Yai…,” Kamal akhire kawetu ukarane.

Ustad Rohman lagi dhong ngapa kok ponakane kuwi ora gelem blaka anggone lunga arep neng endi. Mesthi wae Kamal ora wani yen pesen percetakan surat Yasin nggone dheweke. Wong wingi dheweke bar nguliahi ponakane kuwi.

“Oh ngono, yawis teruske, yen bapakmu pancen ora bisa dikandhani.” Ngomong ngono langsung nyengklak motore, digas banter ninggalake Kamal neng pinggir ndalan.

Buku Yasin kosongan

Kamal ambegan landhung. Jan-jane dheweke bingung kudu kepriye. Yen mung perkara adu argumen dheweke jane ya turah isa, wong gawene dadi orator dhemo neng kampuse.

Nanging iki beda, sing beda panemu antarane bapake lan paklike. Dheweke mung bisa nggah nggih ora bisa ngluputake lelorone. Isih kelingan nalika wingi dheweke dikojahi paklike.

“Kowe lak ya mahasiswa neng Perguruan Tinggi Islam, awakmu yawis metu-metu ora mung ndhekem neng ndesa iki thok, mesthi lak ya ngerti ta ukum-ukum agama? Gek ya ngapa bapakmu kuwi isih arep nyewu-nyewu barang, gek sing arep disewu Kiai Tohari. Apa ora mikir ta bapakmu yen Kiai Tohari kuwi panutan?”

“Mengko yen mulih omongana bapakmu kon murungke acarane kuwi yen ora pengin dicap bidengah. Apa ora ngeman pasedulurane dhewe iki congkrah gara-gara ngeboti bab sing ora ana tuntunane.”

Kamal tumungkul wae. Ora mbantah ora barang. Bareng tekan omah dheweke ya mung ngandhake apa sing dikandhake paklike mau marang bapake.

“Ora ana salahe kok acara nyewu iki. Wong Mbahmu kae pas sugenge mbiyen ya ora tau menging. Niatku amung pengen sodaqoh, nganaake pengajian, ngraketke paseduluran, ndonga bareng. Jaman Walisongo nyebarke agama Islam mbiyen lak ya nganggo cara-cara alus kaya ngono, ta? Ora langsung kabeh adat dibusak, nanging diselarasake.”

“Nggih, Pak, kula nggih ngertos kersane panjenengan, kula namung samar perkawis menika dados padudon para warga.” Ujare Kamal.

“Yawis mengko tak uruse. Sing penting kabeh warga diulemi, ora usah dipilihi.”

“Nggih, Pak.”


Pancen sing dikuwatirake Kamal ana benere. Warga dadi pecah rong blok. Warga kulon prapatan ngenut Ustad Rohman supaya ora teka neng acarane Ustad Anwar, yen teka neng kono padha wae nyengkuyung praktek bidengah. Warga etan prapatan suwalike.

Ustad Rohman lan Ustad Anwar kuwi tunggal bapa biyung nanging yen perkara pemahaman agama pancen beda. Jan-jane perkara beda ora usah nganti dadi padu, nanging yen urusane karo wong akeh kadhang pancen dadi kisruh.

“Kabeh ora ana sing luput, jenenge mahami agama pancen ora bisa dipadhaake. Sing penting piye carane ora nggawe tatune liyan,” ngendikane Kiai Masrom, sesepuh desa sing wektu itu dijaluki panemune dening warga sawise sholat Isya.

“Dospundi niku Kiai?” Takone Bambang selak pengin ngerti.

“Sing sarujuk kenduren, slametan ya mangga, sing penting niate sodaqohan, ora njaluk marang saliyane Gusti, ngraketake paseduluran, ora kok dinggo gaya-gayanan. Saingan apik-apikan ambengan, iku maraake sing kecingkrangan dadi susah, kenduren dadi kewajiban sosial, yen ora melu slametan dadi rerasan, yen berkate ora apik uga dadi rerasan, banjur utang-utang kedahe ben ora dirasani. Prinsipe iku lak njaga silaturahim, ngonjukake panuwun marang Gusti dene isih diparingi slamet, rejeki cukup, kepara turah..,”

“Semana uga sing ora sarujuk marang kenduren ya aja banjur ngece wong sing kenduren. Diundang ora mangkat, diteri berkat, segane dibuwak. Apa kaya ngono ora gawe tatune liyan? Kamangka dhawuhe Kanjeng Nabi awake dhewe aja nganti nglarani atine wong. Yen pancen ora sarujuk karo praktek kenduren isih akeh cara kanggo ngomongke apik-apik, ora usah nganti antem-anteman.”

Kabeh padha meneng ngrungoake ngendikane Kiai Masrom. Banjur Kamid melu takon, “lha nek nylameti tiyang sing mpun pejah napa mboten percuma ta Kiai? Ngantos pista-pista ngaten? Niku kan mboten wonten tuntunane..,”

“Becike awake dhewe kabeh ora gampang nggawe dudutan. Apa bener Ustad Anwar kae nggawe acara sing muspra? Pista-pista sing tanpa guna? Wong awake dhewe durung ngerti sebenere ta? Kebeneran aku diundang ngisi pengajian neng acara nyewu kuwi. Becike mrana dhisik sadurunge nggawe dudutan sing ora-ora.”

Rombongan kuwi bubar, banjur mulih nyang omahe dhewe-dhewe. Ngenam pikire dhewe-dhewe, ana sing marem, ana uga sing isih krasa ngganjel neng ati.


Esuke neng omahe Ustad Rohman uga ana kumpul-kumpul ngrembug bab nyewu Kiai Tohari. Kabeh padha udhu panemu. 

“Lha piye Lik? Awake dhewe nekani uleman apa ora?” salah siji wong miwiti rembug.

“Ora usah nek kanggoku. Awake dhewe ora usah melu-melu acara sing ora-ora,” liyane nyauri.

“Lha mengko nek dadi cecongkrahan piye? Aku kok samar..,” 

“Lha abot endi? Yen toleransi terus karo bab bidengah kapan arep njejegake pemahaman agama sing bener?” 

“Yen kanggoku awake dhewe pisan iki kudu tegas, yen ora, bakal akeh praktek-praktek sing ora ana tuntunane kanggo sateruse.” 

Ustad Rohman nglumpukke panemu siji-siji digoleki sing cocok karo atine, wusanane dheweke nggawe keputusan.

“Yawis suk pas dina dhong-e, awake dhewe mrana kabeh, dhemo, protes, kapan maneh ana kesempatan kaya ngene.” 

Sajake Ustad Rohman kegawa anyel marang sedulure mula nentuke keputusan kaya ngono, suk yen dina dhonge acara nyewu, dheweke lan rombongane arep dhemo. Saiki apa-apa kena didhemo, ngapa kok nyang kakange dhewe ora bisa.

Adicara nyewu wis teka dina dhong-e, hari H. Kabeh padha ubet. Ibu-ibu padha masak ana pawon, cah nom-nom nata kursi kanggo pengajian, tratag lan liya-liyane.

Ustad Anwar rumangsa marem dene gotong royong isih durung luntur ana ndesane. Kamal nyiapke surat Yasin kang wus dadi saperlu didumke marang undangan sing teka mengko bengi.

Esuk ganti awan, awan ganti sore, sore ganti bengi. Bubar sholat Isya, Para undangan siji mbaka siji wis padha teka. Sawetara kursi lan papan lesehan wis keisi. Kiai Masrom uga wis rawuh, pejabat desa kayadene Pak Lurah lan andhahane uga wis rawuh.

“Pripun, Pak? Kapan badhe dipunwiwiti?” Kamal takon marang bapake, semu kuwatir amarga acara ora ndang diwiti.

Ustad Anwar ora ndang gage mangsuli, dheweke mikir sedhela. Sawetara tamu pancen wis padha teka, nanging racake saka wetan prapatan kabeh, sing saka kulon prapatan durung ana, dheweke samar.

“Pripun, Pak?” Kamal mbaleni anggone takon.

Saka adoh katon iring-iringan rombongan wong, katone saka kulon prapatan. Saya suwe saya cedhak. 

“Sik, Mal, sedhela engkas, entenana sik rombongan saka kulon prapatan kae,” wangsulane Ustad Anwar kanthi pasuryan kang sumringah.

Impian Nopitasari
Latest posts by Impian Nopitasari (see all)
  • Nyewu - November 14, 2020