Otot Kawat Balung Wesi4 min read

Bar subuhan mulih saka mesjid biasane aku thenguk-thenguk ing ngarepan omah. Yen ana tugas ya nyambi nggarap tugas, utawa yen arep ujian ya maca-maca piwulangan. Kabeneran iki dina Minggu. Tugas-tugas uwis padha dakgarap.

Ya yen mangkono, kagiyatanku mung nyawang Mbah Sarmi sing lagi nyapu kebone persis ngarep omahku. Iku wis dadi kagiyatan sing ora tau  keri nyambi nunggu wektu kuliyah.

Sok kadhang aku bingung, tanggaku siji iki sing omahe sisih kebone iku ora tau duwe rasa kesel prakara nyambut gawe. Saben dina anane mung resik-resik wae. Biyen aku nyawang krasa bosen, ananging saiki malah dadi lipuran.

“Kowe kok senengane nyawangi Mbah Sarmi resik-resik wae. Apa ora ana kagiyatan liyane? Bocah kok ora lumrah.” Gumune Ibu melu lungguh ing sisihku karo nyuguhake tela godhog lan teh anget.

“Nuwun ya Bu, mesthi tela lan teh-e enak. Hehehe…ya lucu wae, Bu. Yen rampung subuhan, panjenengane resik-resik mesjid. Saka njero nganti salatare ditandangi. Yen srengenge wis njedhul sithik, menyang kebon. Nglumpukake kayu garing, nyaponi kebon, lan ngobong larahan.”

“Banjur yen wis rampung saka kebon, kondur menyang daleme. Ngresiki daleme, makani pitik, umbah-umbah, lan pakaryan liyane. Nah mengko yen bar dhuhuran, genti menyang sawah. Yen ora ana gaweyan ya mung thenguk-thenguk njaga pari. Yen wis sorenan, nyapu latar.” Jlentrehanku dawa kaya sepur.

“Lha yen bengi?” Ibu bali takon.

“Yen iku, Andika durung ngerti. Hehe. Durung survey. Ibu kersa survey?” Pitakonku karo ndrenges.

“Kok tekan ibu. Wis, iki dipangan dhisik gelak adhem.” Pakone ibu.

Dakjupuk nganggo tangan tengen, banjur dakpangan. Pancen enak tenan hasil panen saka kebone dhewe. Ana rasa sing luwih nyess.

“Oh iya, rampung dientekake, mengko manci renteng iki wenehake Mbah Sarmi ya, le. Kayane panjenengane durung sarapan. Ibu masak gasik amarga mengko jam sepuluh ana arisan ning kene, dadi wis ngoberi masak. Mumpung isih anget sotone.” Welinge ibu.

“Siap, Bu.” Balesku.

Ora suwe ngentekake tela lan teh, aku golek sendhal banjur menyang kebone Mbah Sarmi. Daksawang, Mbah Sarmi lagi ngobong larahan.

“Mbah Sarmi…..” celukku banjur nyedhaki.

“Sinten?” Takone karo isih ngobong larahan.

“Andika, Mbah. Mangga mriki. Kula bekta manci renteng, Mbah.” Alokku kanthi semangat.

Mbah Sarmi mlaku thimik-thimik karo rada mbungkuk. Ya ora gumun, umure kira-kira wis ngancik sirah pitu. Aku ora sabar. Dakputusake marani Mbah Sarmi banjur dak-ajak lungguh ing papan adheman cedhak panggonane.

“Lenggah, Mbah. Ibu ngutus kula, panjenenganipun ndhawuhi maringaken dhateng panjenengan. Mangga dipundhahar, Mbah. Soto, taksih anget ugi seger. Kula bikakaken inggih, Mbah.” Alokku karo mbukake manci renteng.

“Ora usah repot-repot, Le.” Jawabe.

“Boten, Mbah. Panjenengan sepisan-pisan mbuk anteng wonten dalem kemawon. Boten usah nyambut damel. Sampun sepuh lho. Panjenengan menapa boten wonten raos sayah, Mbah?” takonku nyambi nata sarapane Mbah Sarmi.

Gambar mung ilustrasi. Sumber: Unsplash/Carles Rabada

“Ora, Le. Malah Simbah seneng yen ngene iki. Ning omah sepi. Yen Simbah ora tandang gawe, malah lara ning awak. Simbah seneng yen ning kebon. Nyawang ijo-ijo katon seger. Njur yen ana plastik-plastik ora enggal ditandangi, kapendhem malah bisa ngrusak tandhurane Simbah.”

“Simbah uga wedi yen ana kewan tuladha kaya ula mlebu ning jero omah. Dadine Simbah kerep ngresiki. Mangsa udan wingi, ana ula gedhe mlebu. Karepe Simbah takkepruk nganggo tekenku, malah sing dakkepruk kuwi sikilku. Alhamdulillahe ulane wis lunga. Saka iku, Simbah mbangetake anggone resik-resik omah lan kebon utamane.” Jlentrehane mondhag-mandheg.

“Walah kok boten ngendika lho, Mbah. Kula siap-siap ngepruk mangke.” Takonku gumun.

“Lali, Le. Simbah wis tuwa. Pikun.” Balese.

“Inggih, Mbah. Sumangga dipundhahar sampun siap sedaya.”

“Matur nuwun ya, le.” Alokke.

“Inggih, Mbah. Sami-sami. Dipuntelasaken kemawon. Menawi sampun, dipunsalapaken kemawon. Mangke kula pendhet manci rentengipun. Langkung semangat Mbah, nadyan sampun sepuh ananging sehat. Nyambut damel pareng, ampun supe lerem nggih, Mbah?”

“Jann… Mbah Sarmi ibarat otot kawat balung wesi.  Inggih sampun, Andika pamit rumiyin. Mangke dipunpadosi ibu. Matur nuwun Mbah.” Pamitku nyambi salaman banjur ngadeg ngelap-ngelap bokongku sing bar dheprok.

“Matur nuwun ya, Le. Ati-ati.” Welinge Mbah Sarmi.

“Siap, Mbah. Assalamualaikum.” Salamku banjur mlayu tumuju omah.

Satekane ing omah, banjur aku lapuran marang ibu. Ibu dakcritani mung ngguya-ngguyu wae anane. Kasregepane Mbah Sarmi pancen kudu diacungi jempol.

Ora ana tandhingane sadesa. Kaya-kaya jiwane wis myawiji karo alam. Ya pancen kudu kaya mangkono sing prelu dituladha. Tanggap sasmita, lan jaga-jaga marang papan sakiwa tengen utamané.

Arika Alifah
Latest posts by Arika Alifah (see all)

One Reply to “Otot Kawat Balung Wesi”

  1. Sae, Mbak. Kadosipun nyapu lan resik-resik latar lan kebon punika kebiasaanipun tiyang Jawi, nggih? Kadose kula yen pun tuwa kados Mbah Sarmi niku. Haha.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *