Pancarekasa Kasile Pancasila
Pancarekasa Kasile Pancasila

Pancarekasa Kasile Pancasila9 min read

Sasi Juni, tanggal siji, taun 1945, Soekarno entuk giliran kanggo nguntabake gagasan bab golek dhasaring negara. Rong dina sakdurunge, M. Yamin, Soepomo, lan liya-liyane. Dina iku, tanggal 1 Juni, Soekarno munggah podium tanpa nggawa wacanan pidatone. Dheweke mung bandha awak, thuthuk, lan apa sing ana ing njero sirahe.

Diwaca saka teks pidatone, wiwitane Soekarno mbandhingake dhisik kamardikan antara bangsa siji lan sijine sing ana ing donya. Utamane Arab Saudi lan Rusia. Sakwise kuwi, Soekarno ngajak para hadirin mikir apa ta pentinge ‘mardika’? Apa ‘mardika’ butuhake mikiri barang-barang sing nrithil?

Nalika wektu kuwi akeh sing rumangsa durung siyap mapag kamardikan amerga Endonesa ekonomine ora ketata lan isih akeh fasilitas, khususe pendidikan lan kesehatab, kanggo rakyat sing durung dipenerke.

Nanggepi panemu kaya mengkono Soekarno aweh wangsulan, menawa ngenteni kabeh urusan mau rampung kelakon Endonesa ora bakal mardika.

Soekarno. Sumber: Pinterest

“Pendidikan bisa digarap kanthi mardika nek awak dhewe mardika” Kira-kira kaya mengkono isi pikiraning Soekarno. Sakwise ngewenehi wedharan akeh, Soekarno lagi miwit mlebu menyang tema sidang BPUPKI kanggo nggolek dhasar ideologine negara.

Nalika mlebu wayah ngomongake gagasane, Soekarno jaluk ngapura dhisik marang Sultan Agung, Sultan Hasanuddin, lan Prabu Siliwangi, amerga miturute Soekarno, kabeh kerajaan sing disebut kuwi dudu representasi semangat nasionalisme sing nyawijikake nusantara. I

kandhane Soekarno, Endonesa nate mawujudake nasionalisme yaiku nalika Sriwijaya duwe kuwasa banjur dibacutake dening Majapahit.

Panemun dhasar negarane Soekarno ora beda adoh kalawan patang azas duwekke M. Yamin, nanging Soekarno nambahi siji;

1) Kebangsaan Indonesia, 2) Internasionalisme / perikemanusiaan, 3) Mufakat / demokrasi, 4) Kesejahteraan Sosial, 5) Ketuhanan. Ngelingi ana limang prinsip kuwi, Soekarno sempet nawani aran ‘pancadharma’, nanging dibantah dhewe.

M. Yamin & Tokoh Bangsa. Sumber: Kompas.id

‘Panca’ tegese lima, ‘dharma’ maknane kuwajiban. Soekarno ora pengin prinsipe malah dadi sewates materi tanpa isi. Soekarno pengine limang prinsip mau dadi tuntunan lan pedoman. Mula miturut ujar kancane sing ahli basa, limang prinsip mau dijenengi ‘pancasila’. 

Konon kancane ahli bahasa sing dimaksud Soekarno mau yaiku M. Yamin. Bab iki uga disekseni Masjkur ing buku NU Vis A Vis Negara: Pencarian, Isi, Bentuk, dan Makna. Disekseni dhewe dening Masjkur nalika tanggal 31 Mei 1945 padha kumpul ing omahe M. Yamin, klebu Soekarno.

Anehe, senadyan buku kuwi dianggep minangka tandha menawa sing aweh jeneng ‘pancasila’, nanging ulasane Erwin Dariyanto ing detik.com duduhake kahanan sing beda.

Diceritakake kanthi kronogis, rembugan antara Soekarno lan M. Yamin, banjur ing wekasan omongan, Soekarno muni dhewe nek kasil rembugan kuwi mau diwenehi jeneng ‘pancasila’,  “Mau saya usulkan Pancasila. Awas kalau ada yang mengacau. Awas!” Mengkono ujare Soekarno sinambi gojegan.

Gandheng faktane mengkono, mula isih dadi perdebatan sapa kanca ahli bahasane Soekarno sing aweh jeneng ‘pancasila’. Apa meneh nalika nglakoni ukuman buwang ing Pulo Ende, Soekarno ngaku lumantar buku otobiografine Bung Karno Penyambung Lidah Rakyat Indonesia, menawa dheweke wis mikirake bab ‘pancasila’.

Soekarno dhewe uga ngakoni, dheweke ora nggawe ‘pancasila’, dheweke mung ngumpulake tradisi sing ana ing Nusantara banjur dadya ‘pancasila.

Petilasan Pancasila

Nek ngarani Soekarno minangka wong sing nemu istilah ‘pancasila’ cethane ora mathuk. Wiwit jaman biyen, mligine sajroning konsep wewulang Buddha, wis dikenal arane ‘pancasila’. Mula ora bisa dibantah pengakuane Soekarno dhewe sing muni nek dheweke entuk ilham ‘pancasila’ saka tradisi ing Nusantara.

Tembung ‘pancasila’ kaserat ana ing Kakawin Negarakrtagama karyane Mpu Prapanca uga, alamate ing sarga 53 sing unine, “Yatnanggegwani Pancaҫila Krtasangskarabhisekakrama”. Makna kasare, Raja kanthi sedya ora nrajang limang pantangan, mengkono uga upacara lan abhiseka.

Reca Buddha ing Prambanan. Sumber: Pinterest

Sakliyane ing Negarakrtagama, tembung ‘pancasila’ bisa uga ditemu ing Serat Centhini, ing antarane pupuh 282 – 293. Tinulis minangka Sinom saka bait 25 – 35, mengkene tembange mitirut tedhakan Kamajaya. Nalika Mas Cebolang mampir ngomahe Ki Demang.

25. Pantog sapuluh prakara | de kang padha nglaksanani | sinêbut aran Samana | utawi Biksu wawangi | mungguh ingkang prajangji | limang prakara puniku | kang padha linakonan | pra Upasaka rannèki | Pancasila pan mangkene têmbungira ||

26. Satuhu-tuhu kalawan | eklasing kang ati kapir | nglairakên prajanjeyan | kang rumuhun kita yêkti | nyanyêgah tan natoni | tanapi akarya lampus | lawan tan nganiaya | apadene anglarani | marang ingkang padha kasandhangan gêsang ||

27. Kapindho kita anyêgah | anyênyolong angapusi | ambujuk darbèking liyan | anyanyêgah kang kaping tri | nora bakal akardi | susah ribêt myang pakewuh | marang samèng tumitah | apadene anyidrani | marang ing pamuwus kang uwis winêdal ||

28. Kaping pat kita nyênyêgah | nora laku bandrèk tuwin | jina sapadhanira |[30] mêrdi tan nêdya ngrêmêni | myang dêdolanan maring | wadon kang lyan wajibipun | jablase nora liya | muhung bojone pribadi | ing jangkêpe lilima kita anyêgah ||

29. Anêdya ngombe utama | nora pisan niyat bukti | samubarang ingkang mawa | pakarti wuru ngêndêmi | mungguh kanang prajanji | limang prakara ing ngayun | yèku dadya wajibnya | wong kang nêdya anglakoni | ing agama Buddha Gotama minulya ||

30. Kang dadi paedah lawan | pikantuke wong nglakoni | ing prajanji Pancasila | tinartamtu bakal bangkit | kajèn uripirèki | adoh saking pakaryèku | bilai myang sangsara | sarta rukun ing sasami | kadunungan cipta marang kautaman ||

31. Mundhak-mundhak kawruhira | kang sarta bakal amanggih | enak lawan kapenak |[31] nèng jro urip têmbenèki | kalawan saya luwih | mungguh uwong iku sarju | gêlêm sartane bisa | anglakoni ing prajanji | kang ingaran prajanji Asthakasila ||

32. Têgêse wolung patrapan | katrangane kang prajanji | kang lilima Pancasila | iya kang wus kasbut ngarsi | pan winuwuhan ranning | têlung prakara puniku | kang dhingin nora nêdya | mamangan sawanci-wanci | de wêdhare lamun arsa amêmangan ||

33. Samubarang kang pinangan | kudu kang ajêg kang mêsthi | tinartamtu ing wancinya | lawan ing samurwatnèki | wuwuhan ingkang ping dwi | aninggal sarupanipun | kabungahan ing donya | kaya linggotbawa tuwin | langên swara kasukan sapapadhanya ||

34. Wuwuhan kaping tri nilar | iya maring sarupaning | rêrêngganing kabagusan | lire nganggo sarwa adi | gêganda wida amrik | apapaès amamangun | kêrik alis gumbala | jenggot ing sasaminèki | kang mangkono mungguh ta paedahira ||

35. Angêkèhkên maring mala | lalarane badan iki | rêgêd lan susahing manah | dene ingkang dènaranni | Dasasila prajanji | ingkang dènlakoni iku | marang sakèhing Sangha | sêpuluh patrapan janji | katrangane iya janji Pancasila ||

Bedane, ing ajaran Buddha, pancasila dimaknai minangka awisan utawa larangan kanggo manungsa supaya ora nganti ditrajang: 1) Ora entuk mateni titah urip, 2) Nyolong, 3) Zina, 4) Ngapusi, 5) Ngombe tuak. ‘Panca’ atages lima, ‘sila’ ateges kasusilan utawa tumindak.

Nanging ing ‘pancasila’ versi godhogane Soekarno, Pancasila diiseni kanthi wewarah lan ancer-ancer uriping bangsa. Kasarane, dadi gegayuham kabeh manungsa sing ngadeg ing bumi Endonesa. Kudu bisa kelakon kabeh tanpa ana sing ketinggal.

Disawang netra katon ampuh tur sangar. Nyatane, ‘pancasila’ malah malih dadi gegaman sing bisa kanggo ngrusak katentreman liyan. Jalaran, ngelingi kabeh wong duwe hak kanggo maknani. Lan biyasane, makna amalane pancasila mau kerep dicekeli dening sapa wong sing lagi duwe kuwasa.

Soekarno. Sumber: Pinterest

Cekake, Pancasila ora tansah jumbuh marang gegayuhan mulya sing diangen Soekarno. Mesthi ana wong kuwasa sing nganggo Pancasila minangka gegaman kanggo mbungkem karepe siji-loro bangsa. Uga bisa dadi sarana perpecahan, dudu mung sarana persatuan.

Mula ora gumun, menawa Pancasila duweni sipat kuwalikan sing miturutku arane Pancarekasa. 

Pancarekasa iki dadi buntut saka maneka warnane makna Pancasila lan kekarepan golongan kanggo awek makna marang Pancasila banjur kabeh wong dipeksa supaya nampa. Embuh kuwi tibane marai lara ati utawa mati. ‘Panca’ tegese lima. ‘Rekasa’ tegese kasusahan. Piye-piyea, konsep negara sing becik ora ajeg nuwuhake tumindak becik.

Mbabar Pancarekasa

Ana Pancasila, ana Pancarekasa. Baleni meneh, Pancasila sing ora ditindakake kanthi lurus bakal anjalari muncule Pancarekasa. Durung meneh, saben wong duwe cara dhewe aweh makna marang Pancasila. Biyasane sing duwe kuwasa sing bisa sakkarepe nerjemahake nilai-nilai Pancasila.

Pancarekasa padha nyatane kalawan Pancasila. Pitakonane, menawa wong sing lagi kuwasa padha ora preduli marang Pancasila tegese sing dadi cekelan para wong duwe kuwasa mau yaiku Pancarekasa. Neng pikirane mung awake dhewe, saengga marai manungsa bangsane nglakoni Pancarekasa.

Ora usah kesusu ndakwa sapa-sapa. Satengahing manungsa bangsa Endonesa dhewe wis keperang dadi rong golongan. Loro-lorone ngrumangsani nek dheweke sing paling pener anggone nindakake Pancasila utawa ngamalake Pancasila.

Kamangka, durung ana paugeran cetha sing bisa dadi ukuran sepira dhuwur rasa Pancasilane wong.

Sing siji muni, “Kowe mesthi anti Pancasila amerga mesthi posting lan mikir babagan PKI!!” Banjur sing sijine meneh muni, “Ya kowe kuwi sing jelas anti Pancasila soale mesthi posting lan mbahas babagan Islam-Islam gaya HTI!!”

Let sedhela. Kabeh bubrah. Tukaran, padu. Paten pinaten. Nalika lagi regejegan, ana meneh wong sing niyate misah nanging malah manas-manasi, “Aja tukaran! Nek kowe kabeh tukaran bakal digeguyu Yahudi Israel sakkancane!!”

Illustrasi Garuda Pancasila. Sumber: Pinterest

Sik ta! Lha terus sapa sing bisa diarani Pancasila lan ora patia Pancasila? Pancen apik menawa kabeh wong Endonesa padha muni, ‘Saya Indonesia Saya Pancasila’, pitakonane, apa sing dinggo ukuran kok bisa nganti muni nek dheweke sing paling Pancasila lan apa Pancasila mesthi padha karo Indonesia? Apa wong Eropa utawa Arab ora entuk ngamalake Pancasila?

Aku ora duwe ukuran kaya piye wong sing Pancasila banget utawa ora. Sakjane aku dhewe ya ora peduli aku iki wis Pancasila apa durung. Aku mung nglakoni cara urip ilining banyu, atose lemah. 

Pancasila durung ana ukurane. Wong sing bisa gawe ukuran mesthine para wong suci lan negarawan sejati. Nanging, aku wis duwe ukuran Pancarekasa. Yaiku tandha kanggo niteni kosokbalene Pancasila sing ditindakale dening wong-wong sing duwe kuwasa.

  1. Rada meksa anane sakjeneng nggo Tuhan kanthi alus (persuasif/struktural) utawa kasar (represif)
  2. Ora peduli adab marang liyan lan dadi azab marang liyan
  3. Nyawiji kanthi njajah kabudayan, pikiran, utawa lan papan panguripan
  4. Rembugan tanpa mufakat kalawan rakyat
  5. Luwih akeh adhil marang sedulur lan kancane tinimbang marang wong sing nandang kasusahan

Nek kowe muni “Pancarekasa ya jelas bakal terus ana selawase angger manungsa isih ana.” Artine awak dhewe prelu mbalekake wijining Pancarekasa mau marang pribadhi. Aja-aja, awak dhewe sing wis dadi pelaku nindakake Pancarekasa mulane negara sansaya manut dalane Pancarekasa.

Ibarat unen-unen, “Ora ana maling ngaku”. Iya pancen maling ora bakal ngaku saka lambene, nanging ing atine mesthi wis ngaku nek dheweke maling.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *