Panembahan Makukuhan

SAWIJINING dina Mbok Randha ing Purwakanda katon lungguh ijen ing ngarep omahe. Polatane katon suntrut. Sing dipikirake ora liya mung Joko Teguh, anak siji-sijine sing duwe pepenginan bakal lunga ngumbara. Cethane, yen anake klakon lunga saka omah ateges dheweke bakal urip ijen.

Senajan batine ngakoni yen anake nduweni tatakrama lan subasita jangkep marang sapa wae sing njalari bakal aman lan becik-becik wae ing papan ngendi sing diambah.

Durung yen ngelingi anake lanang duwe kaprigelan ing babagan obat-obatan lan bisa nambani sawernane lelara, mbokmenawa akeh wong sing mbutuhake pitulungane. Nanging minangka jejere wong tuwa, kaya ngapa wae tetep kabotan yen kudu ditinggal anak siji-sijine sing tansah ditresnani.

“Geneya Simbok katon suntrut?” Mbok Randha kaget nalika ngerti-ngerti Joko Teguh takon lan saikine lungguh ana cedhake.

“Ana apa, Mbok?” pitakone Joko Teguh maneh karo nyekeli pundhake simboke.

Mbok Randha unjal ambegan sedhela, banjur kandhane, “Apa kowe sida arep lunga ngumbara, ninggalake Simbok?”

“Iya, Mbok. Tekadku wis kenceng. Karomaneh aku rak wis dhiwasa. Aku arep ngumbara saperlu ngudi ngelmu lan pengalaman murih uripku ing besuke bisa temata. Bisa nyuwargakake Simbok.”

Krungu tembunge anake sing kaya ngono Mbok Randa meneng. Anake lanang disawang manther.

“Simbok ora perlu kuwatir. Ora-orane yen aku nglalekake Simbok.”

“Nanging…….”

Durung nganti Mbok Randha mbacute tembunge, Joko Teguh wis ndhisiki gunem, “Rilakna anakmu lanang sing bakal ngudi panguripan. Saiki aku mung nyuwun pangestu lan pandongane Simbok wae.”

Mbok Randha bali unjal ambegan. “Yen kekarepanmu wis kenceng kaya ngono, Simbok ora bisa ngalang-alangi maneh. Mung panjaluke Simbok, kowe tansaha ngati-ati lan waspada ing saparan-paran. Udinen ngelmu sing murakabi kanggo sapepadha,” kandhane sabanjure keprungu kedher.

“Yen ngono dina iki uga aku nyuwun pamit, Mbok,” Joko Teguh banjur sujud ing ngarepe simboke.

“Joko, yen kowe kepengin ngudi ngelmu, suwitaa marang Panembahan Hardo Pikukuh ing Ngargo Sari. Ing kana mbokmenawa kowe bisa nemu apa sing mbokgoleki. Simbok ora bisa nyangoni apa-apa, kajaba donga pangestu, endhog manuk emprit iki sapa ngerti mengko ana pigunane,” kandhane Mbok Randha keprungu alon. Mripate sing kawit mau kaca-kaca saiki ambrol dadi tangis.

Senajan atine sumedhot ninggalake simboke sing kudu urip ijen, Joko Teguh banjur pamit budhal tumuju menyang Ngargo Sari. Sawise mlaku sawetara suwene; ngunggahi gunung, ngudhuni jurang, nyabrangi kali paribasane, wekasane Joko Teguh klakon tekan Ngargo Sari.

Kaya sing dadi kekarepane, sawise klakon bisa ngadhep ing ngarsane Panembahan Hardo Pikukuh, Joko Teguh banjur blaka suta nelakake pepenginane sing bakal suwita.

“Sapa jenengmu lan saka ngendi asalmu,” pandangune Panembahan Hardo Pikukuh.

“Kula pun Joko Teguh, asal kula saking Purwakanda.”

Panembahan Hardo Pikukuh kendel sawetara. Joko Teguh sing ana ngarepe disawang manther. “Joko Teguh, yen kowe kepengin suwita, ana sarat saranane,” ngendikane sabanjure klawan aris.

“Menapa sarat sarananipun, Panembahan?”

“Kowe bisa daktampa suwitamu sauger bisa minangkani pamundhutku. Dene pamundhutku ora liya kowe kudu bisa nggawa jaran sembrani ing ngarsaku. Jaran sembrani mau ora liya minangka sarat sarana kanggo ngusadani putriku Dewi Sri Lintang Katon sing wektu saiki lagi nandhang wuta.”

Kaya ngapa kagete Joko Teguh bareng krungu sarat sarana sing kudu diwujudi murih bisa suwita marang Panembahan Hardo Pikukuh. Nanging kagawa kencenging teka, wekasane Joko Teguh nyaguhi.

“Kula, sagah, Panembahan. Senaosa awratipun kados menapa, kula badhe ngupadi jaran sembrani minangka sarat sarana anggen kula ingkang badhe suwita dhumateng Panembahan Hardo Pikukuh.”

“Yen tekatmu wis golong-gilig lan kenceng temenan, aja kesuwen enggal upadinen jaran sembrani mau. Yen wis ketemu enggal larapna ing ngarsaku.”

Joko Teguh banjur pamitan. Lakune saparan-paran tanpa ngerti tujuwane sing cetha. Sawise mlaku mrana-mrene ngupadi wujude jaran sembrani kaya sing dadi pamundhute Panembahan Hardo Pikukuh, sawijining awan ing satengahe dalan Joko Teguh ketemu karo sawijining sudagar sugih saka Ngembuh Kawuryan.

Ing ngarepe Joko Teguh, sudagar mau nelakake yen anggone ninggalake papan dununge lan kepeksa mlaku kedharang-dharang tekan ngendi-endi ora liya bot-bote ngudi usada kanggo putrine sakloron, Endang Gadung Melati lan Endang Rantam Sari, sing saiki lagi nandhang lumpuh.

“Mbokmenawi kula saget ngusadani putri panjenengan ingkang nandhang lumpuh menika,” tembunge Joko Teguh sawise ngerti apa sing dikarepake sudagar mau.

“Kebeneran banget yen kisanak saguh aweh pitulungan. Yen nganti putriku sakloron bisa bali waras wiris kaya wingi uni, luwar saka panandhange lumpuh, bebana utawa panjalukmu bakal dakturuti.”

Joko Teguh meneng sedhela. Dumadakan dheweke kelingan tujuwane sing lagi ngupadi jaran sembrani. “Menawi kula saged ngusadani putri panjenengan, kula nyuwun jaran sembrani minangka bebananipun. Menapa panjenengan sagah?” kandhane sabanjure.

“Yen mung kuwi penjalukmu mesthi bakal dakturuti, sauger putriku sakloron bisa luwar saka panandhange.”

Kaya ngapa senenge Joko Teguh bareng krungu tembunge sudagar mau. Tanpa ngulur-ulur wektu maneh, Joko Teguh banjur ngajak sudagar mau bali menyang Ngembuh Kawuryan.

Ing sangarepe Endang Gadung Melati lan Endang Rantam Sari, Joko Teguh banjur kelingan endhog manuk emprit sing nggawani simboke. Kanthi kapitayan lan kencenge donga marang Gusti Kang Akarya Jagad, kanthi sarana endhog manuk emprit katambahan ramuan obat-obatan, pranyata putri sakloron mau bisa diusadani.  

Nyumurupi putrine sakloron saiki wis ora lumpuh maneh, kaya ngapa senenge sudagar mau. Ing wektu kuwi uga jaran sembrani duweke banjur diwenehake marang Joko Teguh.

Ora mung kuwi wae, Endang Gadung Melati lan Endang Rantam Sari sisan-sisan dipasrahake marang Joko Teguh murih kawengku dadi bojone.

Sawise sawetara wektu urip bareng karo Endang Gadung Melati lan Endang Rantam Sari ing Ngembuh kawuryan, Joko Teguh banjur pamitan bakal tumuju menyang Ngargo Sari. Saperlu minangkani pamundhute Panembahan Hardo Pikukuh lan ngaturake jaran sembrani.

Kanthi nunggang jaran sembrani Joko Teguh lan bojone sakloron sedhela wae wis tekan Ngargo Sari. Mangerteni Joko Teguh teka karo nggawa jaran sembrani, sakala penggalihe Panembahan Hardo Pikukuh dadi bungah banget.

Semono uga Dewi Sri Lintang Katon, bareng ngerti tekane jaran sembrani dumadakan panyawange dadi pulih. Bisa nyawang apa lan sapa wae sing ana ngarepe.

“Joko Teguh, gegandhengan kowe wis bisa minangkani pamundhutku, pasuwitanmu daktampa,” ngendikane Panembahan Hardo Pikukuh.

 Joko Teguh mung bisa ngaturake panuwun.

“Joko Teguh, gegandhengan kowe wis bisa gawe pepadhang ing Ngargo Sari, sisan-sisan kowe dakganjar putriku Dewi Sri Lintang Katon. Ora mung kuwi, kowe uga dakparingi bumi perdikan Kembang Madu. Kowe dedununga ing kono kanthi sesebutan Panembahan Makukuhan.”

Joko Teguh mung bisa ngestokake dhawuh. Kanthi tekun, tlaten lan tanpa rasa sayah, Joko Teguh kang wis ganti jeneng Panembahan Makukuhan kanthi disengkuyung dening bojone cacah telu, Dewi Sri Lintang Katon, Endang Gadung Melati lan Endang Rantam Sari, bumi perdikan Kembang Madu sing maune ora patiya kocap saikine dadi reja, subur lan makmur.

Sansaya suwe Panembahan Makukuhan sansaya kawentar tekan ngendi-endi. Para warga kang dedunung ing Kembang Madu kabeh padha sumuyut marang Panembahan Makukuhan sing pancene adil lan wicaksana.

Ora mung kuwi, ora sethithik warga saka jaban Kembang Madu sing padha kepengin meguru lan ngangsu kawruh marang Panembahan Makukuhan.

Latest posts by Irul S Budianto (see all)
Irul S. Budianto, lair ing Boyolali lan saiki dedunung ing Donohudan, Ngemplak, Boyolali. Kejaba geguritan, uga nulis crita cekak, crita anak lan sapanunggale.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top