Ana tresna sing lagi bisa kawedhar sarana wutahing rah sakdhuwuring lemah. Cerkak iki bakal aweh pepeteng marang sapa wae sing golek wujuding tresna.

“Pak, arep menyang ngendi?” 

“Mancing! rasah rame wae!” Wangsulane Karto marang bojone, sing mlayu seka pawon lan mung nganggo daster kembang-kembang.

Surti ngusap tangane sing isih ana cipratan bumbu pawon menyang dastere, banjur dhweke lungguh ing kursi emper. Pikire ngambrah-ambrah, ambegane rada nyendhal. Muga wae darah tinggine ora kumat ngrasakne bojone sing bendina gaweyane mung mancing.

Dhadhane rada sesek, kelingan anak lanange sing mau bengi telpon kandha menawa ora kuat nerusake pendidikan militer. Anak lanang siji-sijine dipeksa bapakke mlebu militer, kamangka wiwit cilik bocahe luwih seneng nulis. 

Saben wengi Karto nyeneni Surti supaya ora nangisi lakone anake, pilihan kuwi wis dipikir mateng dening Karto. Urip ing negara sing ekonomine ora stabil, dheweke emoh jupuk resiko.

Anake kudu duweni gaji sing mesthi, la ngapa ora dadi guru? Dadi guru saiki angel, urung karuan dianggat dadi pegawai negeri sipil, gajine ora sepira, lan wis ora bisa dibanggakake merga guru saiki wis ora kajen. 

“Wong lanang seprana-seprene ora tau ngrasakne kerja, ngrabi aku merga warisanku tikel-tikel, duwe kos-kosan, duwe ruko, duwe sawah. Dakrasakne bendina lupute ngopi lan udud ya mung ngongkang-ongkang jaluk kawin. Anak siji ora digemateni malah dipeksa nglakoni sing ora dadi kasenengane dhewe. Kabeh kuwi mung merga nuruti gengsi! Titenana, tak pungkasi gengsimu!” Surti ngudarasa, tangane nggenggem angin, kenceng, lan kringete abyur ing ilu. Uwis metahun-tahun dheweke ora betah. 

Hawa panas ketutup topine Karto, joran, gagang pancing, sing dawane ngebaki dalan desa, gawe wong nyawang langsung menciut. Senadyan sugihe banget, Karto dudu uwong sing diajeni dening tangga, amarga dheweke ora duwe jejuluk kaji utawa pangkat priyayi, apa meneh kyai. Mula kuwi Karto meksa anake mlebu militer, lan ngupayake supaya bisa dadi jendral. Pilihan liya supaya kajen, jendral.

“Pak, arep menyang ngendi?”

“Mancing!” Wangsulane Karto isih padha saben dinane, ora krasa wis telung tahun saka tangise bojone. Uwis ora ana luh ing pipine Surti, malih dadi angkara murka. Surti malih dadi wong sing seneng dolan, ketemu kanca-kanca sekolahe jaman semana, blanja barang mewah. Bendina ngupaya supaya atine dhewe seneng.

Sumber gambar: https://www.digitalspy.com/comics/a343692/huckleberry-finn-illustrated-by-eric-powell/

Karto mung meneng ing pinggir kali, ngalamun kaya saben dinane, kadang kala dheweke dedonga supaya ketemu peri sing jilma dadi menungsa kaya cerita sing tau viral kae, ana wong sing bebojoan karo peri pinggir kali. Surya wiwit lingsir mengulon, Karto ora sadar yen pancinge wis obah-obah, merga pikire mlayu ing awang-awang.

Kocake banyu kesilep ing imajinasi, Karto bayangke peri lagi nakoni dheweke kira-kira gelem dadi bojone apa ora senadyan beda alam. Ayune uwis gawe wuta Karto, ora sadhar dheweke manthuk-manthuk tanpa sebab.

Saumpama ana wong lewat mesthi dheweke dikira edan. Pancing mobat-mabit mung dienengke wae, apa dheweke mara menyang kali kuwi mung kanggo latihan imajinasi.

***

“Pak tulungi aku Pak!” Gabus cilik ngobat-abitke buntute, bengoke ora bisa banter, lambene kecanthol.

“Aja gegabah Le, aja gawe banyu saya buthek dening tingkahmu. Kalem!” Pak Gabus marani anake sing ditresnani kuwi.

Banyu kali anteng senadyan ana samirana mbeksa ora dadi ngapa, iline mung ajeg kaya pesthine. Bu Gabus wira-wiri ngawasi anake sing lagi ubyek golek pangan, welinge mung aja gegabah. Aja nganti nguntal sampah utawa nyanthol ing cacing sing ngambang. 

“Ayo pindhah Pak, ing kene bebayani. Wis ora mung pisan pindho anake dhewe mati.” Panjaluke Bu Gabus, melas ngawasi anak-anak sing polah ndrawasi. 

“Ya wis ayo pindhah cerak papringan kana. Ing kana keluargane Lik cethul ngumpul, sapa ngerti dheweke nyumbang anake kanggo sarapan.” Pak Gabus sarujuk karo panjaluke bojone, saking dheweke mikir panguripane anak-anake.

Migrasi, keluwarga kuwi migrasi ing papan sing dikirane aman kanggone. Pak Gabus minangka wong tuwa wis ora kuwatir babagan awake, nanging pindhah kuwi dadi siji-sijine pilihan nalika kepikiran nasib anake sing akeh lan isih cilik-cilik. Umpama dudu dheweke sing aweh pangayoman, menyang ngendi meneh paran anake. 

“Ati-ati, ngulati kiwa tengen, kali iki deres, lupute kejiret plastik ya popok bayi.” Bu Gabus bola-bali weling marang anak-anake sing lagi seneng guyon karo banyu. 

Seneng, ayem, nyawang keluwarga sing jagake pangan amung marang alam, sing dipikir mung kepiye carane mangan lan bisa ngendani pati.

Sumber gambar: https://www.artstation.com/artwork/Vd06DN

***

Wis ngancik wayah surup, Karto benakke topine sing wis mlengse amarga ditinggal ngalamun saksuwene mancing. Sambate dina iki ora ora entuk iwak babar blas. Embuh dheweke sing lali urung jejak lemah ping telu utawa pancen iki ngepasi dina apese yen ditonton seka wetone. Karto mungkasi ritual saben dinane kuwi. Kamangka kudune Karto wis gawa bali iwak senadyan mung cilik. 

Nalika ngadek dheweke krungu kemreseke papringan, banjur ana warna kaya lintang cumlorot. Apa kuwi peri sing kat mau diangen-angen dening Karto? Awake dredheg, anggone nyawang kaya arep kepuyuh. Dheweke langsung dedonga menawa kepenginan pengin ketemu peri kuwi mung guyonan. Banjur mlaku bali rada kemrungsung merga rada keweden.

***

“Sik Bu, anake kon mundur dhisik, ana rame-rame ing papringan.” Pak Gabus, mripate mentheleng, nyawang kedadean ing ngarepe.

Bu Gabus cekatan gawa anake mundur, biasane yen Pak Gabus uwis nyentak ngono iku tandhane ana bebaya, embuh ana iwak sing luwih gedhe, manuk gedhe, utawa baya sing kadhang kala dhagel mangani iwak cilik. 

Pener apa sing dianggit Bu Gabus, baya uwis mapan ing ngarepe, pas ing pinggir kali ngisor papringan. Anehe baya mung meneng nyawang pereng kali, ora obah, uga ora gatekake keluwarga Gabus. 

Kusak-kusuk sakdhuwure kali ngisor papringan, sajak kuwi sing gatekake dening para baya. Kaya kewan liyane sing duweni insting, baya-baya kuwi ora gelem kesusu anggone tumindak. Ngenteni wayah sing pas, ngenteni saka sing uwis dititeni.

***

“Emoh Bu, aku emoh metu.” Bayu nyentak Ibune sing wis dleweran iluhe.

Emas-emas sing kinclong nyenthel ing tangane nyebabake dheweke emoh ngusap iluh nganggo tangan, nanging ganti sapu tangan sing dijahit nganggo benang emas. 

“Keparat! Manuta Ibumu Le, kowe luwih tresna Ibu apa negaramu?” Pitakone Ibune Bayu sing wis garing iluhe. 

“Apa? Guru? Ra kajen meneh Bu. Sesuk aku budhal, iki aku bali mung nyuwun idi palilah.” Bayu malangkerik, sajak watake uwis malik, biyene banyu saiki wis dadi watu.

“Ora bab kajen ra kajen, iki babagan kamanungsan, prinsip simbahmu. Bebasan ora prduli yen diarani kowe mung anak lonthe, utawa kowe anak kuli, angger duweni welas kowe wis mesthi kajen.” Ibune nyingkuri Bayu sing lagi nyawang derese banyu kali.

“O, sampeyan wis ngakoni yen sampeyan iki saiki Lonthe?! Isin aku, isin.” Watu diuncalake ing kali, ngageti baya sing uwis pasang awak.

“Uwis ora sanggup Ibumu urip rekasa, kabeh banda entek nggo bandhani awakmu. Ibumu kuwi mung kuciwa, Ibu janji bakal nuruti panjalukmu sing jaluk metu, nanging tahun-tahunan ora paring kabar. Kok kira ibumu iki apa? Ora kurang-kurang Ibu ngajari, sing wigati kuwi tresna.” Tangane Ibune Bayu nyandhak pring gapuk sing arep tiba, matane mung ngrambah.

“Tresna? Ibu wae ra perduli piye perasaane Bapak? Lan..”

“Bapakmu?” Nyaut omongane si Bayu  sing urung rampung.  “Bapakmu kuwi sing ra peduli perasaane Ibumu? Bapakmu wae yo ora ngerti apa sing daklakoni, ya kuwi merga Bapakmu ora tau perduli.” Pungkase Ibune  Bayu.

“Ya sapa sing ngerti, sampeyan nglakoni serong yen awan, ya sapa sing reti. Nglonthe alusan!” Bayu nggrantes, ora krasa wiwit pisanan dheweke kasar karo Ibune. Wong sing ngajari tumindak apik wiwit cilik, ngajari maca, ajeg nukokne buku. Bayu wis gumanti lesus. 

“Ibu takon pisan meneh, kuwi tugas wajib apa milih?” Bayu mung meneng ngrungokne Ibune, bali ngadhep Ibune sedhelok sing isih nyingkuri dheweke, banjur balik nyawang banyu kali sing uwis peteng.

“Dakkira kanggo jaga negara, nanging kanggo mateni padha manungsa. Kowe? Bayu? Anaku? Jebul kowe? Kowe luwih lonthe ketimbang lonthe!” Ibune Bayu uwis ora bisa dikontrol, lambene wis atos kamangka dheweke terkenal ayu, lugu, lan alus. Ambyar saiki.

“Ngerti apa sampeyan babagan negara Bu? Aja sampeyan padhakake wong wetan karo kene, ing kana kuwi ora sithik sing gawe dredhah. Yen ora dheweke sing mati, aku sing bakal mati. Aku pimpinan saiki, isin yen tugasku ora kelaksanan.” Bayu jupuk watu gedhe, niate dibalangne Ibune, merga sakawake uwis kaya disumeti geni, nanging tangane pindhah, lan banyu kali, banyu kali sing dadi sasarane.

Sumber gambar: http://www.galeriemartel.com/index.php/les-expositions/ferenc-pinter

“Matimu ora ana rugine kanggo Ibu, kowe wis udu anake Ibumu.” Wadhuh bebaya jenis apa iki, Ibune Bayu sajak uwis nyupatani.

“Aku ya ra gelem dadi anak Lonthe!” Lemah pinggir kali diidak banter, ora ngaruh apa-apa.

“Ya wis, ya wis, kana, Matia!” Ibune Bayu mungkasi tembunge, lan mlayu ngadoh seka papringan kali, saya suwe ora katon cemloronge.

***

Pak Gabus ngajak bojo lan anak-anake ngadoh saka papan kuwi. Bu Gabus andang-andang nggiring anake menyang pinggir, nyedhaki omahe Lik Cethul. 

Iwak-iwak padha suka, baya ora bakal ganggu anggone golek pangan, lan ambu sampah kalah karo ambu bathange baya sing paten patenan.

Antenge banyu uwis gumanti, rame, getih-getih ngalir nanging ora nganti mulas kali gedhe kuwi. Warnane mlayu ngetutake iline banyu sing deres. 

“Pak, Baya ngapa pada gelem mateni siji lan sijine.” Pitakone Gabus cilik menyang bapake. 

“Amarga, sumber pangan kuwi penting kanggone wong sing ora bisa bersyukur, sakjane yen dibagi rata lan ya padha warege, lan iku uwis pepesthi, dadi alami. Awak dhewe mung kewan, apa meneh sing bisa dilakoni sakliyane ngupaya kanggo mangan, apa ya awakdhewe kudu ajar kamanungsan?” Jlentrehane Bapak Gabus menyang anake.

***

Ing papan liya, papan sing dadi papan utama ing cerita iki. Omah gedhong sing jembar latare.

“Pak, arep menyang endi?” Kaya ngono pitakone Surti menyang Karto sing dibolan-baleni, sajak wis dadi template monoton

“Arep nyang ngone Paijo, dina iki arep tarung Jago. Lho Bu, Jagoku apik ta? Wah iya, engko tak tilik kontrakan, wis wayahe padha bayar kontrakan.” Semaure Karto dina iki.

Surti ora gumun karo tingkahe bojone kuwi, malah saiki wis biasa wae. Kira-kira uwis seminggu Karto ora mancing lan sibuk ngurusi pitik jago ing omahe Paijo. Nanging dina iki Karto ora suwe anggone mara ing omahe Paijo, jebul jagone kalah lan dheweke lagi sumpek.

Tekan omah, Surti lagi lungguh ing ngarep omah, kipas-kipas. Surti mung meneng ngrungokake tembunge Karto sing cerita yen dina iki kalah adu jago. Karto ya omong yen dina iki pengin mancing wae. Surti ngadek saka lungguhe, banjur mlebu omah lan langsung mlebu kamar. 

Sak suwene Karto mlaku saka omah menyang kali dheweke ngrasakna rasa sing aneh, rasa kangen, kangen marang anake. Rasa kuwi diempet nganti anake rampung tugas, saiki anake uwis dadi dhuwuran marai atine Karto bungah.

Karto ora serantan bayangne nalika anake teka, wong-wong desa langsung nglumpuk, lan ngucapne selamat utawa mung nginguk. Dheweke ora sabar dadi wong kajen ing desa, senadyan gaweyane mung mancing lan saiki karo judi barang.

“Pak, rejeki gedhen minggu iki, pangan rumangsaku ora entek-entek.” Bu Gabus nyenggol bojone sing lagi ngipatne bokonge. 

“Iya Bu, aku nganti kewaregen. Lan tontonen anak-anake dhewe kae, uwis lemu-lemu, wis wayahe padha kawin.” Pak Gabus nyemauri tembunge bojone. 

“Pak, Pakne.” Bu Gabus ngundang bojone rada ngalem. “Pak, kepiye yen awakdhewe andum kasih kaya ndek semana? Mumpung anake wis gedhe lan sedurung awakdhewe mati. Ya Pak ya?” Aduhai, Bu Gabus godha bojone.

“Yawis Bu, ayo mara menyang sisih kana. Papane dhewe, ing kana Gabus-Gabus padha dipancing, awakdhewe kudu pasrah lan nglakoni pepesthi, awakdhewe kudu dipancing, kan awaked dhewe ki ya wis gedhe-gedhe, bar nguntal bendina tanpa leren, merga bathang turah-turah ing kene. Aku ya wis kangen ambu sampah” Pungkase Pak Gabus sing uwis dhisiki nglawan arus kali ditutke bojone.

Rada jirih Karto nyedhak kali, dheweke ngucap dedonga, dheweke nyesel uwis tau ngucap menawa pengin weruh peri, bareng weruh dheweke keplayon. Ora ngalamun, Karto njejak lemah ping telu, dheweke dedunga lan cacing diuncalake. 

“Nah entuk iwak gedhe langsung loro, pesta bengi iki! Surti mesthi seneng.”

Seneng, Karto ing dalan mulih nyapa tangga-tanggane, biasane dheweke papasan karo tanggane wae ethok-ethok nyawang lemah utawa upyek goleki udud ing sak. 

“Wah gedhene Pak, ayo gek dipangan.” Surti alus ngakon bojone mangan.

“Iki sing jenenge rejeki Bu. Aku arep cerita rungakna ya” Panjaluke Karto.

“Wah enak tenan Pak iwake. Ya age cerita dak rungokna.” 

“Aku meh cerita, sing kapisan ki aku keheranan, kae yen aku lewat ngarep omahe Pak Camat, dheweke nakoni awakmu terus Sur. Aku sakjane arep curiga karo kowe, ngerti dhewe Pak Camat kan duda, nanging yen weruh awakmu gorengne iwak lan macak ayu ngene aku dadi males bahas babagan kuwi. Aku meh cerita babagan sijine wae, dadi ngene, saben mancing aku ngalamun lan bayangke yen aku ketemu peri ing kali.” Urung tutug anggone Karto cerita langsung dipedhot dening Surti.

“Wah sampeyan sajak jaluk bojo kepindho pa piye?” Godhane Surti ngupaya supaya bojone kesengsem karo dheweke.

Sumber gambar: http://quickhidehere.blogspot.com/2012/09/lets-draw-real-life-dragons.html?m=1

“Ora Bu, Ora. Rungakna sik ta. Nah dilalah minggu wingi aku mancing nganti surup, seko ngisor papringan cumlorot cahya endah. Awakku gemeter, aku urung siap ketemu peri. Aku mlayu bali.” Ceritane Karto karo mbrakoti lalapan.

“Loh Pak, sampeyan yen mancing ing kali wetan to? Tak kira sampeyan ki ing kali kulon. Rumangsaku sampeyan yen budhal mancing mlakune ngulon.” Surti raine abang ireng tanpa sebab ngenteni wangsulane Karto.

“Ya jelas wetan, aku mlaku ngulon ki amerga mampir kebon jupuk cacing, terus muter lewat omahe randha kae banjur menyang kali wetan. Ups keceplosan.” Karto wangsulan karo guyonan.

Surti meneng, mung meneng. Iwak sing wis ana wetenge, aja aja ya melu mangan bathange, Surti mangan daginge Bayu, anake. Sing seminggu kepungkur dithuthuk cengele, dijoroke, lan dikroyok baya.

Srikandi
Latest posts by Srikandi (see all)