Kisah tentang minuman keras di Jawa beserta penjelasan singkat jejak keberadaannya.

Cah enom wis saklumrahe dadi ndableg utawa mbeling. Kumpul kanca wayah wengi, bantingan utawa urunan kanggo tuku omben-omben. Kanggo surungan supaya luwih manteb anggone ngancik Kahyangan, ora lali kudu tuku tambur; bisa arupa kacang, gorengan, utawa sate. Sakjane apa wae bisa kanggo tambur, sing penting rasane gurih utawa asin. Amerga nek rasane legi bisa ‘menghambat perjalanan‘ tumuju alam kadewatan. Tur ora mungkin anggone ‘ngombe’ disambi nenggak susu apa meneh banyu klapa.

Pakulinane wong Jawa ing jaman dhisik ora kaya wong Cina, sing sithik-sithik mesthi ngombe teh. Uga ora kaya dene wong Eropa sing kulina ngombe banyu anggur. Ing Jawa, pakulinan wong Jawa yaiku ngombe banyu bening, maksude banyu putih.

Ngegeti jaman dhisik menawa ing Jawa ora kurang sumber banyu seger. Ujare Raffles ing The History of Java, wong Jawa biyasane lagi ngombe teh nalika ngaso awan-awan sakwise makarya ing sawah. Isih kandhane Raffles, ing wayah-wayah tatemtu wong Jawa uga ngombe ombenan alkohol sing lumrahe digawe dhewe.

Nek daksawang saka wacanan lan ngelingi kahanan geografis, manungsa sing urip saknjabane garis khatulistiwa kerep-kerepe duwe pakulinan ngombe ombenan ‘beralkholol’, utamane ing tlatah sing adhem kaya ing salju utawa negara teles sing duweni patang mangsa.

Tambur kacang goreng. Sumber: Google Image

Menawa pawongan sing urip ing tlatah khatulistiwa, ombenan alkohol uga isih tetep ana nanging anggone ngombe ora sakwayah-wayah, biyasane lagi diombe ing wektu tatemtu, tur dudu pakulinan saben dinane nenggak ombenan alkohol.

Omben-ombenan ing Jawa pancen diproduksi dhewe dening masyarakat. Tanpa label. Mula aja mbayangake neng jaman Jawa kuno awak dhewe nemu heineken, bintang, orang tua, vodka, red label, lan sakpiturute. Eling, ombenan ing Jawa kuwi tanpa label, sajak uga isih kelakon tekan seprene.

Ciu Banyumas. Sumber: https://lifestyle.okezone.com/read/2020/03/20/481/2186717/ciu-dimanfaatkan-jadi-hand-sanitizer-ampuh-lawan-virus-corona

Biyasane, label ombenan alkohol Jawa kuwi manut marang jenis ombenane, dadi ora prelu diwenehi merk. Apa meneh, jenis ombenan neng Jawa macem-macem, malah jenis lan jeneng ombenan mau uga gumantung wewengkon dhaerahe dhewe-dhewe. 

Kahanan bedane nama lan jenis ombenan iki rasane jalaran bahan baku sing diduweni saben wewengkon utawa dhaerah.

Contone kaya neng dhaerah Jawa Timur, luwih trep e ing Tuban, ombenan alkohole diarani tuak. Isih padha Jawa Timure, ing dhaerah Gerbang Kartasusila rata-rata ombenan alkohole diarani arak. Dhaerah Madiun sakubenge ngaranine brem.

Banjur ing dhaerah Surakarta, lan Mataraman umume, ombenan sing kawentar yaiku ciu. Tur ing Yogyakarta dhewe ana ombenan alkohol khas arane Lapen, biyen salah siji pedagang penyetan mbengi ing trotoar Malioboro ana sing adol, embuh saiki.

Sansaya tambah umure jaman, jeneng-jeneng khas ombenan wiwit muncul meneh, senadyan bahane meh padha; ing Salatiga ana ombenan khas sing diarani anggi, ing Kulonprogo ana ombenan arane sarvo (sari vodka), lanjut ing Semarang ana ombenan terkenal sing arane congyang. Iki dudu presensi ombenan alkohol lho, mung pendataan wae, soale sinambi ngeling-eling.

Jeneng-jeneng ombenan ing dhuwur mau sebagiyane bisa dilacak tekan mangsa Jawa kuno. Ing mangsa Jawa kuno ombenan alkohol isih legal, para panguwasa uga kerep ngombe ombenan alkohol ing wayah tatemtu.

Senadyan ing ajaran Hindhu lan Buddha, ngombe alkohol klebu pantangan, kajaba sing klebu Bhairawa, nyatane para panguwasa kraton tetep ngombe. Apa meneh nek tiba wektune pesta, mesthi ombenan alkohol dadi kanca melek amerga mendem, sinambi nyawang pagelaran seni.

Tuak Tuban. Sumber: Google Image

Eling, tulisane ‘mendem’ (mabuk), dudu ‘mendhem’ (ngubur). Aja nganti salah omong utawa nulis, “aku mendhem ciu”, soale nek kowe muni utawa nulis ngono berarti kowe ora sida mabuk tapi ngubur ciumu dhewe.

Ma Huan sajroning cathetane nalika mara Majapahit abad 13 M, nate nemoni wong-wong Majapahit lagi cakruk, klebu ing antarane Gadjah Mada, anggone cangkruk sinambi menakake awak ngombe arak bebarengan. Gojeg lan ngguyu kemekelan. Ing beda wayah lan panggon, Ma Huan nemoni wong Majapahit sing lagi mendem, gelut mungsuh wong liya amerga wong liya iku mau ora sengaja nyenggol sirahe wong sing lagi ngombe arak. Tanpa rasa wedi kena ukuman, wong Majapahit sing lagi ‘dhuwur’ kuwi nglolos bethok (sejenis keris) duwekke.

Kahanan nggegirisi kaya mengkono ing jaman Mataram Islam ora tinemu kanthi kerep. Senadyan agemane wong Jawa salin Islam, ora ateges wong Jawa emoh ngombe alkohol. Kaya sing disekseni Raffles nalika mubeng ing padesan Yogyakarta, Raffles nemoni kulawarga Jawa sing tandhang ngracik arak. Bahane saka tebu sing difermentasi banjur wayah dicem diwenehi campurannkethokan lombok. Cikal bakal ombenan iku dibenke udakara seminggu, saya suwe saya marem rasane

Panguwasa Ngombe

Miturut Siti Maziyah, 2018, sajroning artikel kanthi judhul Implikasi Prasasti dan Kekuasaan Pada Masa Jawa Kuno, ing Prasasti Rukam, udakara ditatah taun 907 M, saka manga Mataram Hindhu, nalika netepake lemah Sima, biyasane metu suguhan-suguhan panganan lan ombenan. Panganane ana daging babi, sapi, pitik, urang, iwak kali, iwak laut, gramian/pacitan/nyamikan emtheng lan sakpiturute. Banjur stengahing ombenan iku ana ombenan alkohol kaya ta tuak, siddhu (ombenan alkohol fermentasi tebu, lan cinca (fermentasi banyu gula).

Jeneng ombenan ing jaman kuna ora sewates tuak, siddhu lan cinca. Nek saka Historia, ana ombenan Jawa meneh sing jenenge sura, waragang, minu, jatirasa, madya, māsawa/māstawa, pana, tampo, badyag/badeg, budhur, duh ni nyu, juruh, lan kinca. Sajroning Kitab Adiparwa kaserat jeneng ombenan alkohol arane sajêng. Kitab Adiparwa kuwi katedhak ing jaman Dharmawangsa Teguh 9 M. Jeneng ombenan brêm lan tampo tinemu sajroning Kakawin Arjunawijaya anggitane Mpu Tantular.

Nek kanggo ombenan jeneng minu, ana sing ngarani nek kuwi saka fermentasi anggur, nanging jaman semono nyatane durung ana budidaya anggur ing Jawa. Bisa diarani isih durung cetha minu kuwi asli Jawa utawa wis gawan Eropa. Bahan kanggo nggawe ombenan alkohol Jawa jaman dhisik umume yaiku kelapa lan nira. Nanging kanggo ombenan brêm lan tampo bahan ombenane bisa saka beras, ketan, jagung, utawa singkong.

Pakulinan ngombe ing jaman Jawa kuna ora bisa ucul saka panganan daging sing rasane gurih tur asin. Ora pedhes manis campur mayones lan keju!

Pendeta mendem. Sumber: Pinterest

Wektu kanggo ngombe alkohol ing jaman Jawa kuna diatur ora kaya jaman saiki sing bar putus utawa ditinggal rabi wae luwih pilih mendem. Tur ora kaya seniman utawa penyair modern jaman saiki sing kanggo golek wangsite Gusti wae kudu ngebir. Wektu ombe alkohol ing jaman Jawa kuna ing antarane nalika ketekan sanak kadang ing omah, ketekan tamu agung, ana upacara agama, utawa ana upacara negara. 

Senadyan duwe wektu tatemtu, nek dipikir nganggo logika manungsa, tetep wae ing jaman Jawa kuna ana wong sing ngombe alkohol amerga kalah bandha kanggo ngoyak tresna, pegatan karo bojone, utawa ora katut seleksi prajurit kraton. Nanging kanggo kasus penyair Jawa kuna golek inspirasi sarana mabuk, durung ketemu buktine. Rata-rata para penyair anggone golek inspirasi nenepi menyang gunung utawa pantai, mengkono kandhane Zoetmoelder.

Ombenan alkohol disurung nganggo panganan lan ora lali yaiku sinambi ngecapi sirih. Tambur alkohol jaman Jawa kuno nek manut kaya sing katulis ing dhuwur cetha beda banget karo jaman saiki sing bisane mung kacang karo chiki. Saumpama kelakon kaya ngono, lumrahe sing bisa nglakoni ya wong-wong turah dhuwit.

Pisan meneh, tekane Islam sing duwe paugeran ketat supaya ora ngombe alkohol nyatane ora mempan ing tlatah Jawa. Isih ana wae wong Jawa ing jaman Islam, senadyan dheweke Islam, tetep duwe pakulinan ngombe alkohol. Malah, kaya sing nate ditulisake Peter Carey sajroning Kuasa Ramalan menawa Pangeran Dipanegara seneng ngombe gin, utawa wine nanging ora nganti mabuk utawa mendem. Saka wawancara karo Tempo, Peter Carey uga kandha menawa Raden Said uga kerep ngombe gin. Pangeran Dipanegara lan Radem Said sakal mung ngombe fermentasi khas Eropa kuwi amerga seneng rasane lan bisa naker piye carane ora kebablasan.

Bab tulisan sejarah Pangeran Dipanegara sing seneng ngombe anggur iki nate dadi gegeran ing media sosial, jalaran Tempo mbangun narasi sing ora trep. Untung beritane wis dikoreksi.

Para Raja Jawa sing wis ngrasuk Islam, kaya Sultan lan Sunan, nalika ketekan ‘eyang’ (pejabat tingkat dhuwur kolonial) uga kerep ngombe alkohol anggur utawa vodka bebarengan. Sinambi, mangan pasugatan, ngrungokake swara pradangga lan nyawang beksan. 

Fakta sejarah mengkene iki sakjane ora prelu digawa sentimen dening wong Jawa modern luwih-luwih wong Jawa modern Islam konservatif. Piye-piyea narasi sejarahe rak ‘wong Jawa biyen seneng ngombe’ dudu ‘wong Jawa jaman biyen seneng mendem’. Mula kudu digatekake bedane iki. Tur, bisa uga tumindake wong Jawa, kaya Pangeran Dipanegara, Raden Said, Sultan, Sunan lan akeh pejabat Jawa liyane mau ngombe alkohol amerga kanggo pantes-pantesan wae sakngarepe wong Eropa. Piye-piyea ana kemungkinan tumindak apus-apus ngombe alkohol kuwi minangka cara diplomasi.

Bersambung…….

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)