Wayah korona, pemerintah isih meksa nganakake Pilkada. Sakjane, apa ta sing dipikir pemerintah? Kok nganti nekat nganakake Pilkada sing bakal ngoncatake nyawa manungsa?

Pupuh I

Sajroning kothak suwara. Peteng dhedhet kayadene langit wengi tanpa linaburan lelintang. Tumpukan kertas warna abang putih ora candhak kebak. Mung tekan setengah kothak. Foto-foto semono akehe padha tetangisan amerga pawongan sing budhal coblosan ora nganti ewonan.

Tiwas entek bandha, tiwas entek rekasa, lan tiwas nyangoni wong sakkabupaten. Getun dirasakake foto-foto ing kothak suwara. “Mesthine diundur wae.” Kandha salah siji foto sing nganggo blangkon, nyangking arit.

Sega wus dadi karak. Awit saka anane coblosan kuwi, ora let suwe ana wara-wara menawa para pawongan sing nyoblos kena korona. Apike, foto-foto ing njero kothak suwara sewates ngetung kudu ngentukake bandha pira supaya bathi ing tembe mburi.

“Aku wis adol sawah warisan, kudu dadi.” Jarene foto wadon nganggo jilbab. “Apa meneh aku, aku kudu dadi, lha wong wis kebacut adol anakku dhewe.” Imbuhe fotone wong lanang sing klambine necis.

Ora ana suwara liya sajroning kothak suwara kajaba suwara ngudarasa. Foto-foto nglempruk lemes. Ngaturake donga supaya sapa wae sing ora mangkat nyoblos kena korona. Disumpahi. Diipat-ipat.

Sumber gambar: Boredpanda

Foto-foto ora ngerti kahanan saktemene ing njaba kothak suwara. Kothak suwara mbalekake kabeh suwarane foto-foto, mula dikira dening foto-foto nek kuwi suwarane rakyat, kamangka suwarane dhewe sing mendal.

“Awak dhewe butuh pemimpin… Awak dhewe butuh pemimpin… Awak dhewe butuh pemimpin!”

Asline kuwi suwara duwekke foto wong wadon sing background e  lukisan bantheng, nanging amerga kena tembok papat kothak, malah balik meneh. Foto-foto liyane padha sorak, menawa pancen kudu kaya mangkono mesthine.

Tanpa pemimpin, sapa sing bakal ngatur lakuning daerah? Tanpa pemimpin, sapa sing bakal ngarahake rakyat marang kabecikan? Sapa sing bakal aweh kemakmuraning rakyat?

Ing njaba kothak, srengenge londot geser mengulon. Cahyane nibani kothak suwara. Adzan Ashar kumandang, sing adzan wong sepuh banget, diselani watuk-watuk. Wayah pujian, kaya ngrungokake wong sakaratul maut. Nalika qomat, ora ana bedane karo wayah adzan.

Isih ana wektu rongjam meneh, sakdurunge ngancik tahap ngitung suwara. Papan tulis putih lan spidol wis dicepakake. Para panitia lambene ketutup masker, pengin coblosan gek ndang rampung.

Sithik baka sithik ana pawongan sing mara kanggo nyoblos. Nanging miturut presensi, sing teka nyoblos tekaning jam telu sore durung pepak wong limangatus. Udakara mung telung atus seket. Kamangka cacahe pemilih ing wilayah kuwi ana nematus wong.

Pupuh II

“Apa kowe bakal nekat nganakake pilihan kepala daerah?”

“Iya.”

Cekak wangsulanmu nalika taktakoni. Rupamu katon biyasa wae. Ora banjur malih abang utawa kuning. Tetep kaya ngono tanapa ana sing owah. Tur anggonmu aweh jawaban ‘iya’ keprungu entheng banget.

Rambutmu ireng-ireng areng, kagawa maruta mabur ngrengkuh tawang. Tawang sing kasaput pedhut kelawu. Awak dhewe ngenteni, langit rontok, udan tiba.

Sakngarepe awak dhewe, ana pratelon. Ngetan lan ngulon parane. Awak dhewe ana ing sisih lor. “Rumangsaku dalane lurus, kok saiki pecah ngetan-ngulon?” Pitakonku kanthi bingung banget. Limang taun kepungkur, aku isih kelingan menawa dalan iki lurus. Ora ana pratelon kaya mangkene.

Swara cekikikan, Kowe ngampet ngguyu, weruh praupanku sing kaya bedhes ketulup. Senadyan ameh ucul guyumu, sorot mripatmu tansah landhep.

Anggonmu nggeguyu pitakonku cetha ora bisa taktampa. Apa jal sing salah saka pitakonanku? Aku mung ngelingi dalan iki limang taun kepungkur sing beda kalawan dina iki!

Ilustrasi pratelon. Sumber: Pinterest

Ing pinggir dalan, sisih wetan dalan sing dadi papan awak dhewe ngadeg, sedurung awak dhewe milih nerusake laku ngetan utawa ngulon, ana loji lawas tinggalan Walanda.

Miturut warta saur manuk. Loji kuwi klebu loji angker. Saben tabuh rolas wengi punjul limalas menit, mesthi noni sing nunggoni loji ngatonake awak marang sapa wae sing liwat.

Ngelingi warta saur manuk iku, wulu cengelku mengkorok, nanging Kowe ora ngerasa wedi babar blas. Kadya banyu kedhung ing mangsa ketiga. Kowe mlaku mengarep telung angkah, ninggal aku aneng mburimu. Tanpa madhep marang aku, Kowe nguncalake pocap, sajak pocap kanggo pitakonanku mau.

“Ora ana sing arane dalan lurus. Lempeng. Apa meneh ing dalan iki. Ing dalan awak dhewe nemtokake lakuning urip ing alam donya.”

Taktututi awakmu. Takcekel pundhakmu sisih tengen. “Apa kowe nate mrene?” Anggonku takon durung entek pamungkase. 

“Durung, aku mung omong apa sing dadi karsaning ngalam. Apa sing dadi garising takdir. Sunatullah.”

Omonganmu kaya-kaya wong sing wis urip suwe, sing wis ngerti sebab lan ganjaran. Aku ya ngerti menawa urip pancen kaya mangkono. Sakngarepe manungsa, tansah ana pilihan sing kudu dipilih. Mung wong candala wae sing ora wani milih. Ora. Malah luwih ala tinimbang wong candala. 

Manungsa sing ora wani milih lan ora gelem nampa ganjaran saka pakaryane ora beda kalawan sampah.

“Aku bakal ngulon.” Pocapmu manteb.

“Tenanan? Kowe bakal tetep nganakake Pilkada? Apa kowe ora ngerti nek milih ngulon tegese bakal akeh sing mati?” 

Kowe meneng klakep. Ora semaur kanthi cepet. Sajak Kowe mikir jeru kanggo weh jawaban marang aku. Wis sakmesthine kaya mengkono tingkahmu. Aja sembrono milih senadyan Kowe wis wani nampa ganjarane, lan ora selak saka akibate.

“Tenan. Pemimpin sing saiki ora bisa mrantasi masalah. Gelem ora gelem awak dhewe kudu cepet golek pemimpin liyane. Pemimpin sing bisa ngrampungi masalah saiki.” Jawabmu luwih manteb.

“Aku ngerti kuwi. Tegese kowe arep totoan? Apa kowe yakin bakal ana pemimpin sing pener satengahing para calon pemimpin sing bakal dipilih? Iya nek para calon pemimpin iku duwe karep kaya sing dadi kekarepanmu. Nek ora piye? Nek dilalah para calon pemimpin kuwi bosok kabeh piye? Rak tiwas ngurbanake nyawa semono akehe ta?”

Swaraku banter nyentak Kowe. Langit mendhung ndungkap thathit. Gumlegar swarane. Mecah pangangen-angen. Sithik baka sithik, grimis tibeng lemah. Ora deres, durung dadi udan. Kowe wis arep nerusake laku marang pilihanmu.

Aku dhewe isih mamang arep mlaku menyang ngendi. Aku ora duwe rasa kendel kaya dene Kowe, sing wani njupuk pilihan paling pait.

Mesthine Kowe wis ngerti, kabeh calon pemimpin kuwi bosok. Takkira Kowe sarujuk karo aku. Ora ana cahya satengahing pepeteng saiki. Awak dhewe kudu ngenteni dhisik sawetara wektu nganti pepeteng sing saiki rada kesorot srengenge. Ora bisa srampangan.

Kowe isih ngunci rapet cangkemmu sakwise taksentak. Aku salah, mesthine ora prelu nganti ngudal nepsu kaya mau. Mesthine takweling kanthi alus wae. Nanging nek takweling kanthi alus banjur kowe tetep nekat, apa gunane aweh piweling.

“Lur, aja gampang percaya karo calon pemimpin, tur aja gampang percaya karo sapa sing bakal dipimpin.” Kandhaku marang kowe.

Aku ora bisa golek pratelan sing gumathok tumrap kahanan saiki. Siji sing takpercaya. Akehe pemimpin sing bosok kuwi amerga para pemilihe pancen bosok-bosok.

Ameh kabeh wong nyalahake pemimpin sing pancen salah, nanging ora kepikiran menawa salahe pemimpin kuwi bisa ana jalaran pemilih sing salah milih pemimpin.

Kowe ngeleg idu, ngunjal ambegan. Sorot landhep mripatmu kawarnaa lir alas kobongan. Mendhelik nyawang aku, kanthi wengis praupanmu. Aku ora bisa mbethek apa sing dadi wosing panemumu. Aku mung rumangsa menawa ukaraku ana sing kleru mungguhmu.

Ilustrasi pemimpin bosok. Sumber: Pinterest

“Saumpama sapa lan apa wae ing donya iki salah, apa banjur kowe bakal nyerah marang sejatining bebener?”

Pitakonanmu mateni aku. Ganti cangkemku sing kekunci rapet. Ora nyana menawa aku mbokanggep minangka salah siji manungsa sing wis nyerah marang anane bebener. Nyerah marang kabecikan. Tundhuk sakngarepe rasa getun sing tan winates. 

“Nek pilihan saiki bakal ngunggahake wong sing bosok, isih ana pilihan sakngarepe. Nek umpama isih bosok terus, aku isih yekti bakal ana wong becik sing munggah. Embuh ing pemilihan kapan, embuh sapa sing kepilih. Mesthine awak dhewe ngerti, ora ana kembang mawar tanpa ginubet ri ing watange.”  

Wis anteng sorot mripatmu. Grimis ora sida tiba. Mung mendhung dina iku. Rambut dawamu isih dielus maruta. Ing selaning mripatmu, aku weruh ana luh sing kandheg. Ngelingi menawa dalan sing arep kokliwati bakal ndadekake wangke wong akeh. 

Muga pener pilihanmu. Tetep cekelen kanthi rapet apa sing dadi yektimu. Kowe luwih becik tinimbang wong ing alam donya sing ora wani nyekel apa-apa saumur urip kajaba nyekel butuhe dhewe lan kepenginane dhewe.

Ing pungkasan, kowe nerusake laku. Mlangkah ngulon parane ing pratelon sing ana ngarep awak dhewe. Adhuh, rambutmu isih kumlawe. Prasasat ngajak aku ngetutake Kowe. Emane, aku ana jejibahan liya. Aku duwe cekelanku dhewe. Aku duwe apa sing takyekteni dhewe. Lan kuwi beda kalawan kasayektenanmu.

Nek ngepasi ana pemimpin pener sing kepilih, mesthi pralaya saiki bakal tumpas, nanging nek ora, pralaya iki bakal sansaya parah. Kuwi sing dadi totoanmu. Totoan nyawa manungsa. Embuh manungsane gelem totoan utawa ora. Piye-piyea, manungsa dudu dolanan. 

Pupuh III

Sedina sakwise pemilhan. Kothak suwara wis kothong. Kabeh wis dietung. Saiki wis ketara sapa sing dadi pemimpin. Foto-foto sing maune debat sajroning kothak suwara saiki wis ora prelu bengkerengan meneh. Sapa sing kepilih, ya kuwi sing kudu ditut. Mengkono angger-anggere.

Kaya sing wis awak dhewe jangka, tenanan akeh banget wong sing kena korona. Puluhan, atusan, ewonan, akeh banget sing kena. Kuburan dikedhug pirang-pirang cacahe. Mayit-mayit dikafan plastik, kadya lonthong kemasan pabrik.

Jejer jinejer sakpinggiring kompleks pesareyan. Petugas sing ngedhug padha nutup lambe lan irunge. Sandhangane pepak plastik kabeh. Kareben ora ketularan. Mengkono uga para wong sing layat, sakorane padha nutup lambe lan irunge uga, senadyan sandhangane padha kaya adat sedina-dina.

Wiwit esuk nganti sore, aku wis ngedhug limangatus kuburan sing bakal dinggo mendhem mayit korona. Ing salah siji kuburan, ana sanak kadangku dhewe sing kudu takkubur.

Aku pengin sanak kadangku dikubur kanthi biyasane. Ana tarkime, ana sing ngomati, ana sing mbancaki. Ora kaya mengkene. Angger dikedhug banjur diurug ngono wae.

Taksawang para pelayat. Siji siji rupa takapalake. Kabeh pengin mlaku nyedhak, nanging wis diadhang dening polisi lan tentara. “Ora ana sing entuk nyedhak!!” Prentahe komandan polisi nglarang para pelayat sing pengin weruh sanak sedulure dipendhem, pepisahan.

Grimis tipis nelesi lemah. Angin tumiup maburake kembang-kembang kenanga sing ngubengi kompleks pesareyan. Kenanga abang, kenanga putih, lan kenanga kuning. Kembang kuburan sing embuh tekan kapan bisa ndadekake wangi gandaning para mayit korona.

Para pelayat tetangisan. Swara tangisan iku, nggedhor lawang nirwana ing tawang. Meksa mlebu marang Gusti, supaya sanak sedulur, sanak kadang sing mati, bisa bali urip meneh.

Wong tuwa kelangan anake, anak kelangan wong tuwane, kangmas kelangan adhine, adhine kelangan mbakyune, lan pacar kelangan pacare.

Ngejer sakojur awakku keprungu suwara-suwara iku. Aku pengin mbukak barikade aparat supaya para pelayat bisa tilik ing wayah pungkasan kanggo mayit korona, nanging aku kuwatir para pelayat bakal kena korona uga. Nanging aku ora tega. Batinku kecampur rasa nesu. “Pilkada jancok!” Unine atiku bola-bali, tan kendhat.

Aku tetep nyoba meksa anteng, ngedhug lemah-lemah supaya dadi kuburan. Cilakane, rasa antengku ambyar, amerga ngerti ana salah siji pelayat kerudungan sing bisa nrabas barikade kanthi cara mrangkak saka ngisor. 

Pelayat kuwi mlayu banter banget. Aku ora ngerti sapa. Dheweke nganggo masker, mulane angel dititeni kuwi sapa. Dheweke terus mlayu senadyan keprungu pambengoke aparat. Dheweke diadhang tentara lan polisi, nanging tetep bisa enda. “Edan! Sapa kuwi?” Batinku gumun, weruh kedadeyan kaya mangkono.

“Woy!! Mandheg!! Woy!!”

“Golek mati apa piye?! Woy!!”

Pambengoke aparat ora digagas. Pelayat iku mau terus mlayu. Para tukang sing ngedhug kuburan malah bingung, akhire para tukang nyoba melu ngalangi playune wong pelayat iku. Tangan pelayat ing wekasan bisa dicekel tentara, sikile dirangket polisi, awake ditahan para tukang kedhug kuburan.

“Aku salah!! Aku sing salah!!!”

“Oh! Wong gendheng!!” Sentake salah siji polisi.

Mak dheg! Utekku kaya disawat watu. Aku apal suwara iku. Swara sing dhek kae nate takweling. Suwara manteb sing wani mlaku ing dalane dhewe lan wis siyap ngurbanake sapa wae.

Kuwi swaramu. Kena ngapa Kowe ana ing kene? Arep nyuntakake rasa salahmu? Kena ngapa Kowe ana ing kene? Sakwise teka pratelon, Kowe budhal menyang ngendi?

Gandheng maskermu isih cumanthol ing lambe lan irung. Aku mung bisa mbatin. Ora bisa mestekake pener orane bethekanku. Muga-muga mung suwarane sing padha, nanging wonge beda. Wanodya angkuh sing biyen nate takpuja. 

Aku bali biyasa wae. Nalika para tukang kedhug kuburan ngewangi ngalangi lakune pelayat kuwi. Aku tetep nerusake tanggungjawab ngedhug kuburan.

Mripatku nyapu ngetan, ngulon, ngalor, lan ngidul. Aku ora ngerti nggoleki apa lan nggoleki sapa. Nanging siji sing takngerteni, saka semono akehe pelayat, babar blas aku ora nemoni pemimpin sing kepilih.  

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)