Usume padha duwe gegayuhan dadi PNS, nanging cerkak iki marai awak dhewe sadhar menawa senadyan tiba satengahing upaya kudu tansah tangi lan ora angslup kelangan karep

Srengenge dina Senin awan kuwi tansah gawe panase donya. Sanajan panas, nanging ora dirasakake dening Subejo, dheweke terus nggenjot pit onthele. Kringet sajagung-jagung tansah ndlewer ing awake. Sragam PSH sing di nggo mulang wis teles kebes kena kringete.

Pancen sedina-dina Subejo dadi guru ing salah sijine SD ndesa Sumbersari sing jarake watara 10 km saka omahe. Najan mung guru wiyata, nanging semangate kanggo minterake murid-muride gedhe banget. Direwangi saben dina ngonthel nganggo pit onthel sing umure wis kalebu tuwa. Kuwi wae tinggalane simbahe nalika semono.

Bayaran kang ora sepira ditampa Subejo kanthi ati eklas. Sapa ngerti kanthi eklas kasebut mbesuke dheweke bisa diangkat dadi pegawe negri. Ibarate saiki rekasa sik ora dadi apa sing penting mbesuke bisa nemu mulya. Wong dheweke bisa dadi guru kuwi wae kagayuh kanthi rekasa. Wong tuwane direwangi adus kringet saben dina kanggo ngragadi kuliah PGSD ne.

Saiki dheweke wis kasil lulus lan bisa nyambut gawe dadi guru. Bungahe atine  Karman bapake Subejo lan Parti simboke Subejo nalika saiki Subejo wis bisa dadi guru. Najan wong ndesa lan ora mambu sekolahan, nanging wong tuwane Subejo nduweni gegayuhan kang mulya yaiku kepengin yen Subejo bisa dadi wong kang mulya uripe kanthi sekolah.

***

Seminggu maneh Subejo arep ngadhepi tes CPNS. Sapungkure dheweke wisuda ya lagi iki ana CPNS. Banget pangarep-arepe supaya mengko dheweke bisa katut lolos. Mendah bungahe wong tuwane yen mengko dheweke bisa dadi PNS.

Wis akeh gegayuhan kang pengin digayuh. Salah sijine yaiku bisa  ngunggahke kaji wong tuwane minangka bekti anak marang wong tuwa. Wong tuwa kang tansah ndedonga saben dina kanggo mulyaning uripe. 

“Aja kendhat anggonmu sinau lan ndedonga, Jo, Bapak lan Simbokmu mung bisa ndongakke muga-muga lancar anggonmu nggarap tes lan bisa lolos”, ngendikane Bapake Subejo

“Inggih, Pak pangestunipun, mugi-mugi gampil anggen kula nggarap, saged lolos”, wangsulane Subejo 

“Dongane Simbok muga kasil, Jo”, saute Simboke 

“Aamiin, matur nuwun, Mbok”

Bengi kuwi Subejo tekan wengi anggone sinau. Dheweke mono rak isane mung usaha lan ndedonga marang Gusti. Dene hasil ngono mengko kareben Gusti Allah sing nentokake. Yen wis rejeki mesthi wae bakal kecekel. Nanging dioyak kaya ngapa yen ora rejeki ya ora bakal kecekel. Kuwi sing tansah dadi pangeling-eling tumrap Subejo. 

    ***

Dina Jumat, tanggal 16 September Subejo wis tangi gasik. Dheweke nyiapake kabeh ubarampe kang bakal dinggo kanggo ngadhepi tes CPNS. Merga panggonan kanggo tes ning kutha sing jarake watara 20 km saka omahe.

Rencanane Subejo mengko bakal numpak pit tekan terminal sing jarake 5 km. Pit onthele arep dititipake ning terminal supaya bisa cepet anggone tekan kutha.  

“Pak, Mbok, kula budhal riyin, pangestunipun mugi mangke kula saged lancar lan benjang saged lolos”, ujare Subejo pamit marang wong tuwane

“Iya, Jo, sing ngati-ati ning ndalan, muga-muga lancar sakabehane, aja lali ndonga sik yen arep nggarap”, wangsulane Bapakne 

Sawise nyalami Bapak lan Simboke, Subejo banjur nggenjot pit onthele. Praupane sajak bingar-bingar. Kayak ana cahya cumlorot kang bakal diparani dening Subejo. Cahya kanggo nggayuh gegayuhane.

Sadawane dalan dheweke terus ndonga. Nanging ujug-ujug “Greekkkkk” , pit onthele mandheg ora bisa mlaku. Subejo medhun banjur ndelengke. Jebul rante pit onthele pedhot.

Pikirane Subejo gage-gage golek bengkel kanggo ndandani. Kringete wis nelesi klambi sing di nggo. Najan kaya ngono dheweke ora nglokro. Sing wigati dheweke enggal nemu bengkel. Watara sekilonan ning sacedhake pasar wis ana bengkel sing buka. 

“Pak, nyuwun tulung niki rante pit kula nggih, wau pedhot teng mrika” ujare Subejo marang sing nduwe bengkel

“Oh, inggih “, kanthi cekatan tukang bengkel kuwi mau mbenerake rante pit onthele Subejo. Atine isih rada ayem merga pancen olehe budhal rada esuk. Dadine durung pati kuatir yen nganti keri anggone arep melu tes CPNS. 

Watara sepuluh menitan pit onthele wis kasil didandani. Subejo banjur nggenjot pit onthele. Olehe nggenjot kepara luwih banter merga dheweke pengin ndang tekan terminal. Durung nganti sepuluh menit, ban pit onthele gembes.

Subejo lenger-lenger, ing kahanan kaya mengkono geneya kok ana-ana wae alangan ning dalan. Ning yen mung lenger-lenger tok ya ora bakal rampung. Dheweke banjur nuntun pit onthele golek tambal ban. Ning dalan dheweke wis wiwit ora jenjem pikirane.

Kepiye carane dheweke kudu nemokake tambal ban. Dalan nuju terminal isih dawa, yen nganti dheweke ora nemokake tambal ban njur kepiye mengko dheweke, kamangka jadwal tes jam 8. 

Gusti Allah isih nulung Subejo. Ora watara suwe anggone mlaku nuntun pit onthel, dheweke nemokake tambal ban. 

“Pak, nyuwun tulung tambal ban pit kula nggih, menawi saged radi cepet, kula radi kesesa”, ujare Subejo marang tukang tambal ban

“Meh ning ngendi ta, Dhek? Kok sajak kesusu?”, pitakone tukang tambal ban

“Kula badhe teng terminal, badhe dherek tes jam 8 teng kitha”, wangsulane Subejo

“Apa nyandhak mengko yen jam 8 kok kudu tekan kutha, kamangka iki wis meh jam 7 hlo”, tambahe tukang tambal ban

“Mugi-mugi saged nyandhak wekdalipun”, wangsulane Subejo cekak aos. 

Atine Subejo blas ora ayem. Dheweke wiwit ketar-ketir wedi yen nganti telat anggone teka ning panggonan tes CPNS. Lathine ndremimil, ndonga marang Gusti supaya dheweke isih isa melu tes CPNS. 

“Sampun, Mas. Mangga enggal nglajengaken lampah malih, mugi-mugi boten telat lan kasil anggene dherek tes”, Ujare tukang tambal ban

“Oh, inggih, Pak matur nuwun sanget” , wangsulane Subejo karo ngelungake dhuwit ongkos nambal ban, sawise iku nerusake nggenjot pit onthele.

Klambine wis teles kebes merga kena kringet. Nanging subejo isih semangat. Anggone nggenjot sansaya dibanterake. Tekan prapatan cedhak pasar, Subejo sing wiwit mau ngebut anggone nggenjot pit onthele ujug-ujug kaget merga ana bocah cilik nyabrang dalan tanpa noleh ngiwa nengen. 

Brakkkkk!!! Subejo tiba ngglangsur ning aspal, bocah cilik sing ditabrak uga ketiban pit onthele Subejo nangis kejer. 

“Piye ta Mas karepmu ki? Numpak pit ora ngati-ati. Pokoke sampeyan kudu tanggung jawab. Kudu ganti rugi, anakku gawa nyang rumah sakit”, pambengoke Ibune bocah sing ditabrak Subejo mau sinambi nggendhong anake sing tangan lan bathuke metu getihe.

Subejo sing ngerti kahanan kaya mengkono kaya wis ora isa mikir maneh. Karo ngrasakake lara merga sikil lan tangane uga lecet kena aspal. Subejo ngadeg nyedhak Ibune bocah kuwi mau. 

“Bu, nyuwun pangapunten, kula lepat, nanging….nanging kula boten gadhah arta”, ujare Subejo karo ngampet perih sikil lan tangane

“Aku ora urus! Sing baku sampeyan kudu tanggung jawab, saiki anakku kudu mbok gawa nyang rumah sakit, yen nganti ora mbok tambakke, aku bakal lapor nyang kantor polisi”, saute Ibune bocah kuwi mau.

Wong-wong sing padha ngrubung mung bisa pandeng-pandengan meruhi kahanan kuwi. Najan ta pancen kuwi mau lupute Subejo merga olehe ngonthel banter, nanging ibune bocah kuwi mau uga luput amarga ora njaga anake nalika arep nyabrang dalan. 

Pungkasane bocah cilik kuwi mau dicegatno angkutan sing ndilalah lewat. Ibune bocah mau mbopong anake.

“Ayo saiki sampeyan melu aku ning rumah sakit, kabeh prabeya kudu sampeyan tanggung”, ujare Ibune bocah cilik marang Subejo.

Subejo ora bisa apa-apa, sawise nuntun pit onthele sing ban mburine peyok kuwi mau, genah yen wis ora isa ditumpaki, mula banjur dititipake ning kios cedhak pasar. 

Subejo banjur mlebu ning njero angkot, lungguh ndhepipis ning jok mburi. Ibune bocah cilik kuwi mau ning dalan ora bisa meneng. Dheweke isih njaluk yen Subejo kudu tanggung jawab merga wis nabrak anake. 

Ing kahanan kaya mengkono Subejo wis ora eling marang tes CPNS. Subejo kaya-kaya wis ora bisa mikir. Pikirane wis kaya benang ruwet. Saka ngendi duit kanggo mbayar rumah sakit? Saka ngendi duit kanggo ndandani pit onthele sing wis tugel?

Mripate Subejo wiwit kumembeng luh sing ndlewer ning pipine. Gegayuhan kanggo melu tes CPNS wis sirna. Wis ora bisa kagayuh maneh.

Cuthel

Fajrin Dwi Artika
Latest posts by Fajrin Dwi Artika (see all)