Pitutur Lingsa6 min read

“Kepriye, wis ana calon durung?” pitakone Simbok nalika aku milihi lingsa ing rambut kang wernane wis anyak ana sing putih.

Ora krasa, Simbok sak iki wis tuwa. Sakdurunge aku ora sadar babagan iki. Saben dinane aku nganggep Simbok biasa wae kaya wong tuwa liyane. Nanging saiki, pas aku milihi lingsane Simbok, atiku rasane getir, tratapan kaya bubar nglakoni tumindak salah. Ora ngagas nganti kaya sak iki. Nyawang lan mikir Simbok teka semene.

Wis suwe pitakonan iki mlebu kupingku. Dakrungokake lan tak pikir kanthi temen. Mikir kepriye aku mangsuli pitakonan kuwi lan kepriye uga jawaban sing mantep lan ora gawe kuciwa. Ananging kuwi kabeh ora suwe. Sak banjure aku nglakoni panggawean liyane, aku mesti bisa nylimurake pikiran kuwi. Panggaweyanku saiki kan bisa dinggo nylimurake pitakonan saka Simbok iku.

Minangka wartawan, ndadhekake aku —wong wadon— kudu mlayu mrana-mrene kanggo nglumpukake warta. Warta kang wis dienteni akeh wong.

Warta kang penting lan bakal ditampa sakcepet-cepete. Opo ora ya ngono, warta ndadhekake saben uwong mudheng babagan informasi sing saben dina bisa ganti amarga bakale ana informasi-informasi liyane. Mula gaweyan iki dakanggep murakabi lan migunani kanggo wong akeh.

Panggaweyanku dadi wartawan ora gampang. Ora bisa sak kepenakku dhewe. Ora bisa lunthang-lunthung apa meneh leha-leha. Aku kudu ngoyak saben warta kanggo laporan marang kantor.

Kantor ora aweh kompensasi marang pakaryanku. Saben ana kabar sitik babagan apa kang bisa diliput, aku langsung playon tumuju panggonan kejadian kuwi mau. Sakliyane iku, sing dakanggep luwih penting, yaiku aku bisa entuk bayar ya saka panggawean kuwi. Gampange, ora obah ora mamah. Mulane mokal aku bisa males-malesan.

Ilustrasi kerja minangka wartawan. Sumber gambar: Freepik

Sakdurunge, aku tau seneng marang wong lanang. Saben tumindake, dak anggep apik lan cocok karo prejenganku. Dheweke gedhe dhuwur, manis, lan sregep. Panggaweyane padha kaya aku, dadi wartawan. Nanging aku lan dheweke beda kantor. Sak durunge uga dheweke tak anggep jodhoku amerga kerep banget anggonku ketemu, dakkira kuwi mau kalakon amarga panggaweyan sing padha iku mau. Dheweke kerja kanggo kantore, aku kerja kanggo kantorku. Padha-padha dadi wartawan mula kerep olehe ketemu.

Tur, aku lan dheweke uga kerep mangan bareng. Biasane mangan ana ing kantin Loji Gandrung. Kala-kala sakdurung utawa sakbubare ngliput warta babagan pemerintahan. “Mas Jatmika”—rikala aku nyeluk jenenge. Uwong kang bakal dadi bojoku—kuwi pikiranku ndhisik—nanging malah bubar ora karuan.

Dakkira lakuku lan Mas Jatmika bakal kalakon ijab. Bisa kalakon omah-omah kaya sing dak karepake. Kanyatane, dheweke malah rabi karo uwong liya. Dakkira Mas Jatmika bakal omah-omah karo aku, nanging ya iku mau, kabeh mung dadi kepengenanku. Saknyatane, aku lan dheweke mlaku dhewe-dhewe. Amarga sakbubare ijab karo wong wadon liya, aku wis ora tau ngerti wong kang sing nate tak anggep bakal dadi jodhoku.

Krungu-krungu saka kanca-kanca wartawan liyane, Mas Jatmika wis ora dadi wartawan meneh. Metu saka kantore, kandhane wong kang ganteni dheweke ing kantor kuwi. Aku ora mudheng apa kang anjalari nanging aku malah lega amarga ora bakal kepikiran meneh. Ora ewuh rikala sewayah-wayah kepethuk. Ah, aku ora pengin pethuk dheweke meneh. Aku wis janji karo awakku dhewe yen aku bakal nglalekake Mas Jatmika.

“Kepriye, wes ana, Ndhuk?” Pitakone Simbok dibaleni. Aku njondhil. Kaget amarga bubar ngalamun.

“Pangapuranipun, Mbok.” Dakwangsuli sakprlune.

“Kapan?” Simbok rada meksa. Ora menehi aku wektu kanggo mikirake jawaban.

Aku ngrasa salah amarga ora bisa nyenengake atine Simbok. Babagan iki, aku ngrasa apa sing wis daklakoni kabeh ora ana ajine. Amarga durung bisa nyenengake wong tuwa.

Kabeh iki amarga Simbok ngrumangsani umurku kang wis ora klebu enom maneh. Wis wancine ana wong lanang kang nuntun aku. Wis wancine aku omah-omah− ngelingi umur.

Sapa wae sing ana ini posisi saiki, rumangsaku bakal ngrasakake. Kabeh ora gampang. Nglakoni apa kang kokanggep durung bisa dilakoni. Kabeh bakale angel. Durung ana dalan sing bisa diangkah. Isih mandhek ing panggonan kang gawe kepenak. Apa ora ngono iku, kepenak amarga isih bisa didhawuhi wong tuwa. Isih duwe pangajab kanggo nyenengake wong tuwa. Apa ora iku sing kudu dilakoni anak. Nglakoni apa wae kang pawekase bisa nyenengake wong tuwa. Ora mikir liyane.

Ilustrasi wanita Jawa rabi. Sumber gambar: Behance

Ananging kabeh iku ora lancar-lancar wae. Amarga kepengenane wong tuwa karo anak kerep bedane. Anak pengen nyukupi kebutuhane wong tuwa sing wis wayahe liren. Pengen nyukupi kanggo urip sing cukup kanggo anak karo wong tuwa lan duwe celengan kanggo urip mbesuk. Nanging kanggone anak− wong tuwa− pengene anake ndang antuk bojo lan bisa urip mardika, banjur duwe anak. Amarga kanggone wong tuwa, gendhong putu iku senenge ora bisa diukur.

“Lekas golek, Ndhuk. Sakanane wae. Sedurung dadi rasan-rasan tangga kiwa-tengen.”

Krungu ukara mengkono, aku malih kelingan marang warta kang lagi wae dakliput minggu wingi. Wong wadon sing mateni bojone amarga duwe senengan liya. Babagan iki, aku dadi mikir.

Apa bener kang dikandhake Simbok? Sak anane? Kanggoku iku mono ngawur lan ora bisa daklakoni. Omah-omah tanpa rasa tresna bakale ora apik ing tembe mburi. Ora mangerteni tumindak siji lan sijine.

Nanging apa kang dakpikirake iku duwe jawaban. Simbok kaya mudheng apa sing dakpikirake. Banjur ngendika.

“Kaya panggaweyanmu saiki, Ndhuk. Kowe milihi lingsa. Kowe milih apa-apa kang miturutmu elek. Kowe bisa ninggal apa kang sing miturutmu apik. Sing elek yaiku lingsa. Aja kliru milih rambut ireng sing malah kok jabut,” Simbok ngomong kanthi temen.

Kepriye carane milih sing apik lan elek iku mau, pikirku. Manungsa beda karo lingsa. Lingsa katon ing mata. Ana rambut sing ireng lan putih. Nanging apa manungsa kang elek bisa katon aneng tengah-tengahe manungsa sing apik lan sing elek tumindake. Ora. Ora bisa segampang iku anggone mutusi. Aku ora mudheng apa kang diomongake simbok. Kepriye carane milih lan mbedhakne?

Ah, Simbok. Ana-ana wae. Kabeh bakal ana wayahe. Kari kepriye manungsa gelem nunggu. Kepriye carane manungsa gelem tumindak. Ah. Tumindak ya. Apa kang wis daklakoni saksuwene umurku iku. Aku dadi kelingan marang Mas Jatmika. Kepriye kabare dheweke saiki. Apa dheweke wis bahagia karo bojone.

“Lingsa iku, Ndhuk, Cah Ayu. Aja ditonton saka lingsane. Nanging uga sawangen rambut ing sak kiwa-tengene. Awakmu jupuki lingsa iku berarti kowe lagi sinau nyaring lan milehi ngendi sing apik lan sing elek. Ibarate, kowe milihi wong kang sing elek tumindake banjur kok singkirake. Banjur, rambut iku mau jodhomu. Kok tokne ana ing panggone lan kokeman. Dadi gampange kowe wis bisa milih. Gampang to?” Simbok menehi aku dalan.

Berarti sing kudu daklakoni yaiku milih jodho sing dakanggep apik. Ah. Aku apa bisa milih. Yen ngelingi Mas Jatmika, atiku rasane ora karuan. Milih siji sing dak anggep paling pas kanggo aku wae mrucut, apa meneh milih liyane sing durung mesthi daksenengi. Nanging kepriye wae carane, saksecepete, bisa apa ora, aku kudu ndang nyingkirne lingsa lan ora nganti kleru njabut rambut.

Simbok. Pangapurane anak wadonmu iki durung bisa nglegani atimu.

Eko Setyawan
Latest posts by Eko Setyawan (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *