Pundhen Jati

Penjaga Hutan Danalaya. Seorang bocah disekap para pencuri kayu ketika hendak menghentikan mereka. Bagaimana kemudian nasibnya.

Srengenge mindhik-mindhik mesem ing sewalike gunung Lawu. Hawa sing mamangane adhem atis iku saya suwe saya anget rasane.

Manuk-manuk blekok miber turut sawah, mencok aneng pang-pang uwit koro, banjur mubeng-mubeng nggolek pangan. Endhute dibyaki nganggo cucuke sing wernane ireng, lancip, lan dawa.

Pak Tani mangkat numpak onthel tuwa sing gagange ana bel-e, unine kring-kring.

“Mangga Mas/Mbak ingkang taksih bingung saged diaturake ing kelas menika.”

“Inggih Bapak.”

“Pripun wonten boten? Artine uwis pinter kabeh iki. Dadi Bapak kari menehi tugas wae. Lha wong Mas/Mbak uwis padha pinter.”

“Dereng Pak. Dereng wonten,” saute bocah-bocah mahasiswa iku bebarengan.

“Oh inggih sampun. Tak wenehi  tugas wae.”

Nalikane aku arep ngomongake tugase mahasiswaku semester lima iku ana mahasiswa sing nyelani, “Pangapunten Bapak, kula Cakra NIM B0118010 badhe nyuwun pirsa babagan fungsinipun folklor, menika miturut William R. Bascom wonten sekawan salah sawijining yaiku alat pemaksa. Saestu, kula taksih bingung Bapak. Menapa saged dipunparingi tuladhanipun?”

“Jos tenan Mas Lanang pitakone. Alat pemaksa iku maksute yen carita lesan sing sumebar ing masarakat sakubenge kuwi bisa dadekake carita iku dadi aturan sing kudu dilakokake. Kaya dene yen ana mitos bab ora oleh ana sing krama antarane uwong lor dalan karo kidul dalan. Manut mitos kuwi dadine uwong-uwong sing percaya ya kudu nglakoni. Merga padha percaya yen ora dilakoni mengko bakal nemu cilaka.”

Kelas mata kuliahku rasane sepi. bocah-bocah mahasiswa iku ora padha takon. Sakjane padha mudheng apa mubeng?

Mesakake tenan, lha wong panase eram. Kobongan awake ditambahi sirahe umup. Kelas sing biyasane adhem saiki ujug-ujug panas banget. AC-ne mati jarene mahasiswaku.

“Mesakake Mas/Mbak, apa iya isih jaman saiki AC-ne mati? Yen jamane Bapak nalikane isih dadi mahasiswa ngana ya patut. Tenang wae, pak tukang service mesthi teka.”

Kelas folklor bubar. Aku mlaku metu kelas kanthi ora sabar. Ora sabar arep bukak sangu segaku sing dicepakake bojoku mau esuk.

Kira-kira apa lawuhe? Muga wae ana cabuke. Embuh ngapa aku pirang-pirang dina iki kok kepengin mangan cabuk.

Nnanging, ing Surakarta iki golek-golekane angel. Yen ing omahku Wonogiri kana akeh. Cabuk sing ginawe saka wijen iku rasane enak banget. Seger. Apa maneh yen dipangan karo urap.

Aku ngeling-eling kenapa aku seneng banget marang cabuk. Nganti kanca-kancaku jaman enom padha gumun karo aku sing mesthi gawa cabuk aneng ngendi-endi.

Aku nate gawa cabuk ing restoran, kampus, organisasi, sawah, kumpulan karang taruna, lan liya-liyane.

Kancaku malah kemekel ngerteni tumindhakku kuwi. Lha wong enake iku bener-bener ora ngapusi.

***

“Nang, ayo dolan ning pundhen!”

“Saiki? Mengko sore wae piye? Tak nggarap tugas dhisik.”

“Heleh, kok ya sregep temen ta Nang awakmu. Apik kuwi, yen uwis rampung aku nurun ya.”

“Ora oleh. Takkandhakake Pak Ismu, lho.”

Aku ngampiri kancaku. Jenenge Enggar, kancaku sing pawakane ireng, cilik, lan criwis. Bebarengan karo Budi nuju alas Jati ing sisih dhusunku. Saka omahku uwit-uwit jati sing tumancep lemah iku katon coklat semu kuning.

Satekane ing alas jati kene aku lan kanca-kancaku wiwit dolanan. Papan sing dienggo dolanan iku amba kaya latar. Dene kuwi latar pundhen. Pundhen tuwa sing umure atusan taun.

“Ora ngana Bud maine. Iki lo watu gacukanmu dhewe sing kok jipuk. Dudu genanku!”

“Awakmu kok kaya ora tau dolanan sundhah mandhah. Engkleka maju banjur baline jikuk gacukanmu.” Aku nerangake aturane tumrap Budi.

“Iya lho Denmas Lanang,” saurane Budi katon kecut kanthi ngeletake ilate menyang aku.

Nalikane aku, Budi, lan Enggar lagi seneng-senenge dhelikan. Dumadakan ana mobil pick-up ireng mlebu alas.

Arang-arang aku nemoni ana mobil mlebu kene. Dalane sing isih elek tur masarakat ora wani yen nggolek pang-pang garing lan suket-suket dadekake alas iki mesthi sepine. Bocah-bocah uga padha ora wani mlebu.

Mobil iku mlaku alon-alon ing dalan sing kebak watu. Swarane glodhak-glodhak. Thothoke mobil kaya arep tiba sangking dalane sing kaya ampyang.

Mobile mandheg, banjur ana uwong loro enom medhun. Kaosan ireng lan training-an klawu.

Aku ora ketok saka pandelenge uwong kuwi. Ketutupan uwit jati lan pangkas sing kemruyuk. Saya suwe aku rumangsa uwong loro iku kok lagate rada aneh.

Wong loro mau mlaku alon-alon, nemeti kiwa tengen kaya ora pengin diweruhi. Mlaku mlebu tengah alas.

“Ayo kae ditutake wae. Kayane ana sing ora pener,” ajakku kanthi tangan kemlawe.

Srengengene wiwit angslup. Jati-jati kang gedhe lan dhuwur-dhuwur kuwi katon ireng merga saya peteng.

“Din, kapure mau kok gawa ta? Endang ditokake!” Pitakone sing nganggo topi.

“Kosik, iki Lik.”

“Gundhulmu! Mung nggawa siji?”

“Iya Lik.”

“Kerja karo kowe kok mung gawe misuh wae. Kapur siji apa ya cukup dienggo nengeri uwit. Kurang akeh ta, Nyuk!”

Swara-swara gunemane uwong loro iku keprungu alon, kalah karo swara kewan bangsane jangkrik. Uwong sing nganggo topi nuthuk sirahe kancane. “Ayo dibacutake, pokoke eling-elingen uwit telu iku.”

Uwong loro iku bali aneng arah olehe markir mobile.  Cilaka tenan, Enggar midak pang garing ing lemah.

Aku mlayu banter nggeret Budi karo Enggar. Aku digacar ananging ora bisa kacandhak. Aku mulih pas mejid dhusunku diadani Pakdhe Sugi.

***

“Thole Lanang, ana siji warta sing arep tak aturake awakmu. Jaluk tulung wengi iki jam 12 mangkata menyang alas. Tunggunen ing jero pundhen.  Bakal ana kadadeyan ora pener. Bakal ana uwong ala mlebu alas gawe rusake alam. Tangia Le, tangi!”

“Panjenengan sinten?”

“Aku Mbahe mbah-mbahmu, Kyai Ageng Danalaya.”

Awakku gembrobyos, kebes kringet. Tangiku mak jegagig gawe atiku tratapan. Aku ngimpi ditekani uwong sepuh nganggo sandhangan sarwa putih jaluk tulung marang aku.

Kuwi mung ana alam pangimpenku, ananging kok rasane kaya tenanan. Apa iya tenan sing ngimpeni aku kuwi Kyai Ageng Danalaya sing baureksa alas Danalaya?

Pamikirku campur adhuk. Antarane wedi utawa percaya yen aku bener-bener dijaluki tulung.

Tanpa bingung maneh, aku  metu saka omah nyolot saka cendhela. Aku menyang omahe Budi lan Enggar. Tak tangekake saka cendhela kamare sing bukakan.

Nuju pundhen. Ana mobil ireng sing teka, kuwi mobil sing padha kaya wingi. Cacahe sing numpak ana papat. Ngarep loro, mburi loro.

“Iku mobil sing wingi nengeri uwit jati nganggo kapur.” Dhadhaku deg-degan wedi yen dingerteni anggonku nginceng uwong-uwong iku. “Ayo alon-alon wae!”

Kapak-kapak sing digawa mau saiki dipapakake poke uwit jati. Diwiwiti anggone arep negor telung uwit iku.

Thak-thok, thak-thok.

Kuk-kuk, kuk-kuk.  Swarane manuk dares ngebaki langite Alas Danalaya wengi iku. Aku ngakon Enggar bali mulih kanggo ngandhani bapak-bapak sing lagi rondha. Ananging awake ora wani dhewekan.

Wusanane aku ditinggalake kancaku dhewekan nginceng uwong negor kayu jati.

Aku nunggu limalas menit, Enggar lan Budi durung teka maneh. Anggonku ngenteni karo angop bola-bali.

“Ye, apa kuwi?” Bengokanku banter banget merga reti tikus lewat ing cedhakku.

Aku arep mlayu ananging apa daya kahanan sing peteng iki gawe aku ora bisa nemeti apa-apa. Aku glundhung banjur kecekel.

Tanganku lan sikilku dirut tali. Awakku dicemplungake kresek putih. Lambeku disumpeli kaos kaki. Aku nyoba bengak-bengok  golek pitulungan. Siya-siya.

Ambeganku mengkis-mengkis. Kresek sing ditali rapet iki marakake angin mandheg. Tanganku lan sikilku sing bola-bali tak jejak-jejakake saiki lemes. Sirahku kliyengan. Mripatku ora kuwat.

Kenthongan rame gawe geger alas wengi iku. Rombongan rondha nekani panggonane uwong negor uwit kuwi. Bapak-bapak iku nggawani lampu sentolop kang disorot-sorotake dalan nuju tengah alas.

***

“Suwe tenan aku ora dolan aneng pundhen alas kene, Nggar. Budi piye kabare?”

“Iya suwe tenan, keri dhewe pas lulusan SD. Si Budi mbara menyang Jakarta, Nang. Rong taun iki durung mulih.”

Aku bali mulih menyang papan mijilku. Awit SMP aku digawa Pakdheku ing kutha Sala, disekolahake nganti kuliahku.

Ibuku seda nalikane dina jipuk pawarta kalulusanku. Bapakku jaman aku isih kelas siji SD seda dhisik. Kuliahku nganti S2. Saiki aku dadi dhosen ing UNS prodine Sastra Daerah.

Ya iki alesane aku pengin mangan cabuk pirang-pirang dina iki. Aku uwis reti. Layak ana rasa kang rowang ing atiku. Aku mampir warunge Yu Darmi tuku kembang, banjur takgawa menyang pasareyan.

Leave a Reply

%d blogger menyukai ini: