Punggawa5 min read

Jaman semana, aku oleh panggilan ing pabrik. Dak pikir-pikir, tinimbang ing desa, luwih becik ngadu nasib ing kutha kana. Mbokmenawa panguripanku luwih mapan. Apa maneh, jaman semana pagaweyanku mung dadi guru honorer. Bayaran ora cucuk karo kesele. 

Kanthi ukara mbokmenawa kuwi mau, aku nekat menyang Jakarta. Dening Ibu, aku lan Dewi, bojoku, disangoni beras sekarung cilik. Ngendikane Ibu kanggo jaga-jaga sadurunge aku oleh gaji. 

Aku ngerti, menawa sejatine Ibu ora tega marang anakku sing nalika kuwi lagi umur rong taun. Mesthi wae dheweke kepikiran amarga aku lan Dewi durung nate lunga adoh saka omah. Apa maneh, Seto, anakku, dadi putu mbarepe Ibu.

“Ibu mung bisa nyangoni donga. Beras sak las iki gawanen, muga wae bisa dadi pengayem-ayem.”

Kanthi mripat mbrabak, Ibu nguntapake aku lan Dewi menyang stasiun. Ora mung pisan anggone ngambung Seto. Bocah rong taun kuwi mau katon bungah nalika sepur sing arep dak tumpaki teka. Ngertiya, dheweke bakal dak jak ngadu panguripan ing kutha gedhe kana. 

Dewi mung meneng wae sak suwene ing njero sepur. Mripate tumuju sesawangan ing njaba kana, ing sak dawane tegalan sing garing kebrongot panas ketiga. Aku ngerti menawa sejatine dheweke ora sreg karo panemuku menyang Jakarta.

“Jan-jane apa ta sing mbok pikirake?” Pitakonku. Dewi isih mandeng kaca cendhela.

“Sepira-pira ora apa-apa, Mas. Aku wis trima karo pengasilan Sampeyan ing desa,” Dewi mangsuli tanpa noleh. 

“Aku ngerti. Anggonku ngajak kowe lunga kuwi jan-jane ya mung kepingin nyenengake kowe lan Seto. Supaya uripe awake dhewe tambah apik, tambah ayem,”

“Sampeyan apa ora mikir Ibu ta, Mas?”

“Mikir piye karepmu?”

“Ibu wis bola-bali ngendika, ora usah lunga. Yen Sampeyan wis ora gelem dadi guru, Ibu uga sanggup ngedekake toko kanggo Sampeyan.”

Aku lagi arep mangsuli, Dewi  malah nambahi, “Urip ning Jakarta kuwi jare ora gampang, Mas. Mbok Sampeyan nonton tangga-tangga kae, nyatane padha bali desa.”

“Mula kuwi, Wi, aku kepingin nduduhake yen awake dhewe bisa urip mandhiri, ora gumantung Ibu. Apa maneh dadi tanggungane maratuwa.”

Dewi noleh kanthi pasuryan sing ora nyenengake. Banjur dak cekel tangane, dak elus-elus, “Iya, aku ngerti. Ibumu kuwi ya wis dadi ibuku, nanging aku mung kepingin nyenengake kowe lan Seto saka kringetku dhewe.”

Dewi lerem. Pasuryan sing maune katon peteng, saiki malih padhang.

***

Gambar mung ilustrasi. Sumber: pinterest

Rong tau ning Jakarta, pranyata ayem-ayem wae. Gajiku saka pabrik cukup kanggo urip. Aku uga bisa nyelengi kanggo sekolahe Seto mbesuk.

Aku bisa kirim kanggo Ibu sanajan ora akeh. Mung kanggo pengayem-ayem menawa anak lan putune dak openi kanthi tememen. Aku ngerti, sepira-sepira sing dak kirimake ora bakal bisa ngganti ayeme yen aku lan Dewi mulih. 

Nanging, ngancik telung taun, aku mulih. Kekarepanku, mung sedhela, banjur bali maneh. Nanging kahanane ora jumbuh karo sing dak karepake.

Ibu gerah lan njaluk ditunggoni Dewi lan Seto. Aku pasrah, ora bisa piye-piye. Arep bali dhewe tetep ora mentala. Ora sreg yen budhal dhewe tanpa anak bojo.

Ndilalahe, Ibu seda nalika genep sewulan aku ing omah. Dheweke meling aku supaya manggon ing omah iki. Dakiyani. Aku mung ora kepingin dheweke sedhih sanajan kekarepane kuwi mbuh dak lakoni apa ora.

Durung genep satus dina Ibu tilar ndonya, Pakdhe Sukijan mara. Pakdhe Sukijan kuwi kakange Ibu siji-sijine. Dheweke ngandika menawa ing wektu cedhak iki bakal ana pilihan bayan.

Coblosan bakal digelar ing kelurahan kanthi tanggapan wayang kulit sewengi nutug. Terus apa hubungane aku karo coblosan bayan. 

“Bapakmu ndhisik mantan bayan ning kene. Panemuku, tinimbang kowe nganggur, becik melu nyalon coblosan, mumpung daftarane durung tutup.”

“Kok jenengan malah gadhah penemu kados mekaten, Dhe?”

“Iya amarga bapakmu wis nduwe jeneng apik. Aku yakin menawa kowe uga nduwe swara akeh mengkone. Apa maneh kowe nate dadi guru, ra ketang sithik, mesthi nduwe pengalaman.”

“Nggih, Pakdhe, mangkih kula pikir rumiyin.”

Ora let suwe, antarane seminggu sak wise Pakdhe mara, Dewi nyedhaki aku. Dheweke mathuk yen aku nyalon bayan. Apa maneh, aku pancen nganggur tenan sak suwene ing desa. Bali dadi guru ya ora mungkin.

Kanthi semangat sing murup, Dewi karo Pakdhe Sukijan nyepakake apa sing dakbutuhake. Dhuwit sepirang-pirang kanggo administrasi uga dicukupi dhisik nganggo dhuwite Pakdhe. Aku mung trima beres. 

Kersane Pangeran, aku dadi bayan tenan. Ora nyana yen dadi bayan kuwi nyatane ora gampang. Apa maneh, nalika kudu milihi warga sing pantes nampa bantuan. Krungu sruwang-sruwing saka warga wis gawe atiku tratapan. Pirang-pirang wengi iki, aku mung turu sedhela-sedhela. 

Sak wise Seto turu, Dewi uga ngancani aku nggarap data. Ya mung aku karo dheweke. Pakdhe Sukijan ora nate mara. Mungkin wae kesel amarga lagi akeh gaweyan ing tegal. Sak bubare coblosan kae, aku mung bisa menehi dhuwit limang yuta kanggo ngaturake matur nuwunku sebab dheweke wis kersa repot wira-wiri ngurusi administrasi.

Ngancik jam sewelas bengi, aku lan Dewi lagi rampung nggarap data. Dumadakan, lawang ngarep ana sing ndhodhog. Aku lan Dewi inget-ingetan.

Sapa sing wengi kaya ngene mara? Njur apa prelune? Ah, mbokmenawa Pakdhe Sukijan kepingin dolan. Banjur dak bukak. Jebule Pak Sardjito, tanggaku sing dadi juragan beras ing pasar kana.

“Wonten punapa, Pak, dalu-dalu tindak mriki? Mangga pinarak.” Pitakon lan pangajakku.

“Badhe dolan mawon, Mas Bayan. Sengaja kula mriki ing wayah dalu. Kula kinten Mas Bayan nembe longgar sak menika.”

“Wonten perkara wigati punapa, Pak? Mangga-mangga, pinarak lenggah.”

Pak Sardjito lan aku lungguh ing kursi tamu. Dewi mlebu kamar, mbokmenawa dheweke isih melek, ananging sengaja ora metu. 

“Ngeten, Mas,” pasuryane Pak Sardjito malih. “Kados ngendikane Pak Sukijan, menika piyambake nggadhahi utang kalih kula. Menawi kula badhe nggunakake, kula disuwun tindak dhateng Mas Bayan.”

Mak deg! Mripatku sing maune ngantuk, dumadakan benter maneh. “Utang punapa niku, Pak? Lajeng napa hubungane kalih kula?”

“Ngendikane damel coblosan sewulan kepungkur. Ngapunten saestu, ananging kula nembe kepepet sak menika. Pak Sukijan mboten saged dihubungi. Menika sedayanipun petang puluh yuta, Mas.”

Sanajan aku manggut-manggut, nanging atiku bingung. Aku plonga-plongo.

Ora let suwe Pak Sardjito pamit. Dheweke bola bali ngaturake pangapura. Dewi metu saka kamar. Dheweke ora takon apa-apa. Sajake, maune wis turu tenan. Aku malah bingung arep ngomong apa. Aku wedi yen dheweke ora percaya karo tumindake pakdhene. 

Wis setengah jam aku mapan ing kasur. Mripat iki, sanajan wis dak rem-remake, isih tetep mentheleng wae. Getun tenan atiku, gampange diapusi uwong. 

Daksawang Dewi lan Seto sing wis turu. Pranyata, aku durung bisa nyenengake pawongan loro kuwi sing dadi sigaraning atiku.

Gemolong, Juni 2020

Latest posts by Latif Nur Janah (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *