Pupuh 2 Gedibal Macan Gaib9 min read

Pasar saya suwe saya rame. Pawongan sing teka mbanyu mili. Pagelaran rampog wis rampung kaleksanan. Saben ati padha bungah amerga wis ora duwe tanggungan saka kraton. Samar-samar keprungu wong padha rasan-rasan nek mau sing menang pagelaran kuwi malah sima. Jan beda kaya patrap lumrahe, sing menang mesthine bantheng. Satengahing rasa gumun para brayat, Wakidi thingak-thinguk, njagani kakange umpama liwat, nanging tetep disambi jaluk-jaluk.

“Mesakake tenan ya bantheng lan macane mau. Tur kok rada nganeh-anehi, sing menang malah sima…” Tembunge Taji marang kancane loro sing penak banget anggone nyerot udud kretek.

“Ya wis garising Gusti. Ji.” Prucul, sing awake cebol nanging kebak otot nyemauri waton.

“Awak dhewe iki dikon golek, mbedhag kewan belang-bonteng kae thok. Banjur entuk beaya. Ngapa ngurusi perkara menang kalahe sing ngendi? Ngapa mesakake barang? Rejekine saben wong rak beda-beda ta? Padha kaya sing kaleksanan klawan bantheng mungsuh macan!” Marto mangsuli rada atos.

“Ho’oh, tinimbang dadi babu kraton! Dikon ngono manut, dikon ngene manut. Alesane ben ati rumangsa tentrem, anteng, tur ayem. Jane mengkono kuwi kapetung manungsa apa dudu…” Prucul ngiyani apa jarene Marto sinambi miren marang kauripane para abdi dalem.

“Huss… Omongmu ditata! Nek meri ya ora apa-apa, ning tetep sawangen kiwa tengenmu!” Taji ngelingake Prucul.

“Apane sing ditata? Salahe ndadak ngangel-angel beaya sima mau. Mara diwenehake apa ta rugine? Wis diangel-angel, narik upah barang! Jan Ripto ki marai gregeten. Dumeh dadi gladak Tuwa Buru!”

Hawa saya sumlenget. Sate wis mateng. Kebule dadi warta sing diomongake para kawula pasar. Nek dina iki jiwaning wong Jawa sing diwakilake marang bantheng malah nemahi kasoran. Apa kuwi pratandha nek wong Jawa bakal tetep kelangan prebawane ing ngarepan kumpeni Inggris? Tansah ora duweni daya uga kakuwatan. Saya meneh Sultan pasuryane katon gumun tur semu mangkel kena ngapa udu macan sing kalah. Kabeh brayat njajal ambedhah sandi-sinandi saka pagelaran rampog sing mentas kaleksanan.

Mung Wakidi sing ora preduli. Ora ngurus embuh sing menang bantheng utawa macan. Konggone dheweke pagelaran kaya mengkono kuwi ora cocog mungguhing diadekake sandi-sinandi nasibe wong Jawa. Senadyan ora bisa ngawedhar apa makna saka pagelaran rampog. Ati limpade sejatine bisa mangerteni, mangerteni menawa dheweke kuwi luwe!

Ora let suwe sate sing wis dadi diwenehake bakule marang wong-wong sing pating kleset nunggoni. Wakidi ngeleg idu. Mambu kebule jan marai meksa nguntal kahanan. Wakidi isih durung nemu kakange. Sirahe tetep clingak-clinguk.

“Renea, le…” Taji ngundang Wakidi sambi kecapan. “Tak wawas ket mau kok sajak wetengmu luwe. Ki panganen, mumpung aku bar entuk rejeki.” Sate diwenehke, Wakidi angger nyaut. Lali ngaturake panuwun marang wong sing ngewenehi tetulung. Kecap-kecap dhewe, nggragas kaya durung mangan pirang-pirang dina. Kaya codhot nemu pelem mateng.

“Saka ngendi kowe, le?” Pitakone Marto.

“Saking mrika, lik! Hla nika saking ngisore warung kae…” Mripate Wakidi mendolo. Wangsulane marai keselek, cepet-cepet ngombe banyu sing jane nggonane Marto. Dening Marto dibenke wae.

“Karep pitakonanku kuwi asalmu, omahmu…” Marto menerake pitakone Taji.

“Oalah, kula saking tlatah Kulonprogo, lik…”

“Kulonprogo?” Taji semu ora percaya. Dheweke semu gumun, “isih cilik kaya ngono wis blakrakan turut kutha?”

 “Kok bisa ya, To? Mokal nek ka Kulonprogo. Awak semono mesthine wis kelelep ing kali utawa dipangan sima nalika ngliwati alas.” Bisik-bisike Taji marang Marto.

“Kulonprogomu ngendi, le? Mrene karo sapa? Aja gawe-gawe!” Prucul sing awake kebak otot nakoni kanthi luwih cetha lan hawane panas. Dheweke nuntut panjlentrehan sing luwih pepak. Pancen wateke sapa sira, sapa isun. Tumindake nyrempet Werkudara.

Ditakoni kaya ngono Wakidi bingung. Dheweke ora ngerti kudu wangsulan kepiye. Umpama salah sithik wae bisa dadi sumbering cilaka. Sajroning ati gumeter, mesthine mau ora ninggal kakange, tur mesthine mau ora kandha blaka nek asale saka Kulonprogo. Lan sing paling bener, ora dadi wong jaluk-jaluk.

Yungallahhh… Batine sambat, dalah ora ana kakange sing biasa disambati. Tinimbang benjut mburi, Wakidi kepeksan wangsulan apa anane.

“Jelegong, Ledokan, lik…”

“Heh…?!!” Wong telu mau ngadeg bebarengan, jengkirat kaget, lan numplekke satene dhewe-dhewe. Mripat telung pasang nyawang Wakidi bebarengan. Nanging let sedhela tratapan amerga sate sing durung entuk padha tiba ing lemah. “Setan!” Prucul muntap, ngidak-idak satene. Marto lan Taji bali lungguh meneh banjur alon-alon ngombe.

“Anake sapa?” Pitakone Marto, swarane gregeten nalika kelingan sate sing pating kemlengkrah dhuwur lemah.

“Omahmu sisih ngendi?” Pitakone Taji sing banjur kemu banyu ombe.

“Ngapa tekan kene?! Marai apes wae!” Pitakone Prucul.

Marto ora mentala ngerti Prucul sing katon isih luwe, “kana pesen siji meneh Cul, nggo kowe.”

“Tenanan?” Sing ditawani bungah ati. “Ya, tak pesen!” Eseme Prucul bali sakkala.

“Cetha kowe gawe-gawe!” Kandhane Taji. Dheweke ngadeg meneh. Isih ora percaya marang bocah cilik sing ana ing ngarepe.

“Ho’oh!” Prucul bali nyekel sate anyar. Tangan kiwane mentheng kelek, lambene dinggo ngecapi sate.

“Ngaku ora?!” Tembunge Marto malah nggegirisi. Mripate mlirik nanging anggone nyuwara rada dilerem ben ora ngundang panyawange liyan.

Sakehing pitakonan mbedhil Wakidi. Dheweke mung meneng, mung anteng, ora ngerti kudu mangsuli sing ngendi dhisik. Pancen ora entuk kalodhangan utawa kasempetan kanggo aweh wangsulan.

Takon apa ngrampok jane. Sirahe thila-thilu, noleh nengen, noleh ngiwa. Sikile wis dicepakake kanggo mlayu. Arepe mlangkah, dumadakan tangane Prucul wis nyengkerem pundhak. “Ngapurane, lik… Ngapurane tenan, lik…” Wakidi ngelesot ing lemah.

“Eh, arep lunga menyang ngendi? Kene dhisik, wong ya wis entuk madhang kok ujug-ujug menyat. Ora sopan!” Prucul kanthi cepet ngrangkeh awake Wakidi.

“Aku arep kok kapakke lik?” Wakidi wedi. Mimbik-mimbik.

Taji lagi mikir. Embuh apa sing dipikir, bola-bali ngombe. Awake ana ing pasar, nanging pikirane ngumbara tekan piwelinge Kakung Jumakir, sesepuh tuwa buru. Marto ngematake wae, ngenteni kasil pikir adhine. “Jelegong?” Taji takon marang awake dhewe.

“Piye, Ji?” Marto sing ket mau ngenteni pungkasane nemu kasempetan kanggo nyela Taji sing maune lagi mikir.

“Kowe isih kelingan kandhane Kakung? Wong Jelegong kuwi ora bisa dikalahake nek bab mbedhag sima…”

“Iya, aku isih kelingan. Nanging saiki wis arang ana wong Jelegong sing isih mbedhag sima. Tur gandheng rentenge karo bocah iki apa?”

“Senadyan wis arang, sing jenenge getih ora bakal bisa diapusi. Ehmm… Awak dhewe kudu nggawa bali bocah iki. Ben dadi rewange awak dhewe.”

“Digawa? Sing ngrumati sapa, Ji? Golek mangan kaya ngono angele nganti toh nyawa barang malah makani wong liya!” Prucul sing keprungu ujug-ujug medhot panemune Taji.

“Gawa wae. Teneh awak dhewe ya pancen butuh rewang. Kareben ora ngaya banget nalika mbedhag macan.” Marto jebul sarujuk karo panemune Taji. “Bab mangan bisa digolek-golekake engko…” Kandhane Marto meneh.

“Anteng ta, aja obah wae!” Prucul nggetak Wakidi sing emoh dicekeli.

Kabeh padha tumandhang dhewe-dhewe. Ngurus butuhe dhewe-dhewe. Ora ana sing weruh regejegan antarane para pendekar bab Wakidi. Sing weruh mung bakul sate. Weruh kahanan kuwi, bakul sate melu takon, “Sapa kuwi cah? Kok nganti dicekeli barang?”

“Dudu urusanmu, Yu.” Prucul mangsuli karo mentheleng. Bakul sate ora wani takon meneh.

“Iki anake kancaku keblasuk tekan kene, Yu. Arepe tak ajak bali kok angel men!” Taji golek tembung sing trep ben ora ngundang panyawange liyan.

“Ya wis ora apa-apa, awak dhewe ya butuh rewang.” Marto sarujuk marang usul kanca-kancane.

“Lik… Culke… Arep digawa menyang ngendi aku iki…? Culke!!” Wakidi nyrengkal. Awake dikipat-kipatake.

Prucul ora gelem ngalah lan pancen ora bakal kalah mungsuh awak cilike Wakidi. Tangan kiwane disikepake ing wetenge Wakidi, lan tangan tengene dinggo nutup cangkeme Wakidi. Bakul sate ora wani tumindak apa-apa, dheweke emoh nek mung amerga ora manut banjur digagahi. Umure wis tuwa, ora bakal kuat ngeladeni wong telu sing pawakane methekel-methekel ing ngarepe.

Para kuli sing mau kepenak mangan sate uga pikir-pikir nek arep ngalangi. Para bakul pasar liyane ora ngematake kedadeyan kuwi, repot padha ngurusi wong sing lagi tuku ing dhasare dhewe-dhewe. Mripate Wakidi mbrabak, rasane kudu nangis. Taji tanpa kokean lambe mblusukake sirahe Wakidi ing sajroning keba warna soklat.

Taji, Marto, lan Prucul pancen ora ana sing menging. Nanging kudu tetep ngati-ati mbok menawa ana prajurit Inggris utawa abdi dalem sing liwat. Keconangan pisan, bakal bisa ngregeti kahanan. Untung wae para prajurit Inggris isih padha repot ngurus bendarane, Crawfurd. Tur para prajurit saka kraton sing sok jaga mubeng pasar sajak isih ngaso, mentas tumandhang gawe dadi panitya pagelaran rampog.

Peteng dhedhet lelimengan. Thuthuke Wakidi dibungkem, mripate ora bisa nyawang apa-apa sakliyane pepeteng. Mbah Kuwu wis ngapusi, ujare, kutha kuwi panggonane ayem tentrem, prebawaning ratu bisa ngasorake sekabehaning angkara murka. Begal, kecu, uga rampok kudu pikir-pikir nek pengin nggawe bubrah sajroning kutha. Wakidi kuciwa marang wong sing wis kaanggep guru saha bapake dhewe nalika weruh, omongan wong tuwa kuwi tan bisa cinekelan.

Keba minangka tedheng aling-aling bhawana. Dening para gedibal telu keba kuwi sok dinggo ngrukubi sirahe sima utawa dinggo wadhah jeroan macan. Isih mambu anyir, ketara tilas abang getih ing sajrone.

Ing sawalike ramene para brayat, Mas Ripto, punggawaning kraton, anteng ngematake para gedibal sarana ndelik ana sakwalike bakul-bakul. Mripate wiwit mau pancen nguwasi polahe para pendekar sing saktemene gedibal, sakwise ngewenehake upah setor sima. “Jan, ora nggenah!” Batine muni jengkel jalaran tumindake para gedibal sing ora manut tatanan lumrahe wong saba kutha.

Dheweke bingung antaraning kudu nyelametake bocah sing ditilep para gedibal apa bali mulih ngeterake kecambah sing dipesen bojone. Nek milih nyelametake, bojone bakal nesu-nesu jalaran dheweke kesuwen. Nek ora diselametake banjur kepiye tanggung jawabe dhewe minangka abdi dalem sing sakliyane ngabdi marang kraton uga ngabdi marang kabecikan?

Lakune para gedibal wis nrabas pra kawula pasar. Mas Ripto isih bingung kudu milih nindakake pilihan sing ngendi. “Yung allah, asem tenan ngene iki! Wis meh ora ketara sisan gerombolane Marto mau!” Ing ati, Mas Ripto ora bisa nampa tumindake para gedibal. Mula dheweke miwit mlangkah arep nututi para gedibal, mumpung isih bisa ditutake.

Nanging… Dheweke mandheg jegreg nalika nyawang pojokan pasar sing ana dhingklik dawa, sing sok dinggo mantri pasar jagongan karo para gentho pasar katon kothong. Senadyan kothong, Mas Ripto sajak weruh samubarang liya sing manggon ing dingklik dawa kuwi. “Apa kuwi? Masa barang alus wani metu awan-awan? Tur bentukane kaya macan lagi lingguh.”

Mas Ripto nyekeli keris sinengkelit. Tangan kiwane nyekeli iket. Alon-alon dheweke jumangkah. Nyedhaki dingklik dawa. Ramene swasana pasar disirep. Tanpa swara tanpa panduga. Donga-donga Jawa sing diwulangake dening Tumenggung Mlayukusuma miwit dirapal Mas Ripto. Sawijining rapalan donga kanggo nyawang barang alus. Sithik baka sithik gegambaran samar sing ngenggoni dhingklik wiwit katon wela-wela. Nanging ngelmu panyawange bubrah rikala barang alus sing bentukane kaya macan mau nyawang dheweke, kamangka wiwit mau panyawange macan mung menyang para gedibal. Mak klebat. Banjur ilang. “Asem keconangan!” Mas Ripto nesu-nesu dhewe.

Kedadeyane cepet banget. Jebul ngelmune durung nututi kanggo bisa ngungkuli wewujudan macan alus sing nembe wae ditemoni. Ancik-ancik banyu. Mas Ripto wis kelangan loro-lorone, si Marto lan si Macan gaib. “Uashem tenan!”. Mas Ripto unjal ambegan dawa, “srah pasrah ing Gusti” Mas Ripto nerusake laku, bali ngomah ngeterake kecambah.

Teruske maca Pupuh 3 (Pangeling-eling)

Gombalamoh

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *