Pupuh 3 Pangeling-Eling

Pasar ilang kumandhange. Kemruyuk seselan wong disulihi wit-witan jati. Wakidi ora weruh nek dheweke saiki wis ana satengahing alas Mangiran. Batine bola-bali takon, ana ngendi dheweke saiki. Tangan sing wiwit mau ngekep lambe wis diculke. Arep digawa menyang ngendi, lan kena ngapa sirahe didelikake njero keba. Kabeh pitakonan mau ora bisa diwangsuli. Nanging, mumpung wis bisa omong, “Lik, ngombe…” Wakidi nembung meneh, tetep ora digagas. Sing ana para gedibal malah ngrasani liyan.

“Kowe kabeh ngerti ora nek Srunthul ngetengi Winasih?” Takone Taji.

“Ngetengi Winasih?” Marto rada kaget keprungu pitakonane Taji. “Jare sapa kowe kuwi? Aja ngayawara!”

“Jare kung Jumakir dhewe.” Cekak semaure Taji.

“Ya ben ta, meteng ora meteng ya urusane wong loro kuwi. Dudu urusane awak dhewe, ning embuh dadi urusane Marto apa ora…huauhahaha” Ujare Prucul sinambi kemekelen.

“Srunthul keparat! Wani-wanine nikung aku!” Marto malah muni-muni dhewe.

Pancen wis suwe Marto mendhem brangta marang Winasih. Kanthi tekad uga bandha tresna selawase, Marto nate kandha bab pependheman rasa sing dirasakake marang pujaning ati. Emane, kahanan urip sing isine mung rekasa anjalari Winasih mikir pindho nek arep urip bebrayan karo dheweke. Apa meneh urip sakomah dudu sewates perkara gagah pideksa, tur bagus rupa, nanging piye carane bisa nyukupi butuh sedina-dina.

Ora mungkin wong wedok bisa wareg dipakani katresnan! Isih kandel anggone Marto kelingan, sakwise blaka tresna, Winasih malah aweh wangsulan,

“Gemang kang! Aja tresna aku nek mung marai atimu lara. Apa meneh kowe ki wong susah, ora duwe pakaryan sing trep, ora bisa nyukupi butuhe dhewe, tur kowe ora duwe omah, untung wae kowe duwe tangga. Paribasan awak dhewe iki urip ing jaman Hindu-Budha kowe kuwi cetha klebu pawongan candala…”

“Sih, tresna ora nyawang kahanan donya. Ora bakal tresna bisa diwaca, dibethek, lan dititeni ana ngendi tibane. Kena ngapa kowe wedi mlarat nek tresna wae wis cukup marakake sugih? Kanthi tresna manungsa bisa anggayuh panjangka mulya apa wae!”

“As, mbel… Saiki pitakonanku kang. Kena ngapa wedhus wadon kudu mangan lan ngewenehi susu marang anak-anake?”

“Ya amerga tresna dheweke nyusoni anak-anake.”

“Kleru kang. Dudu kuwi. Ya bener ngono nanging wangsulane ora mung trima ngono thok.”

“Lha banjur kepiye?”

“Amerga wedhus wadon wae ngerti. Kajaba rasa tresna, anak-anake ya butuh mangan. Mokal cempe bisa wareg nek mung disun ibune! Nek pancen tresna aku mesthine ya cepak karya sikik!”   

“Ora ngalamun, To!” Taji nyurung pundhake Marto nganti si Marto nggeblak sangisore wit ringin sing godhonge ngrembuyung ijo. Lan oyode sing pating gumantung ngeyupi bumi. Jane nek mung tiba ora dadi ngapa, perkarane, bar tiba sirahe Marto diteleki manuk.

“Manuk asu! Keparat! Ora ngerti tata. Masa sirahe wong diteleki?!”  Marto ndangak nyawang godhong-godhong wringin sing bentuke waru kemresek amerga dinggoni manuk menclok. Telek warna putih rada kuning tumemplek ing iket. Marto nguculi ikete sing kena telek, banjur telek dibuwang nganggo carang sakpinggire. Bar dibuwang, irunge Marto penasaran, mula ikete diambu. “Hmmm… Sedhep tenan…” Mripate Marto nganti mrecing ngrasakake mambune telek, “eh leren sik cah…” Jaluke Marto marang Prucul lan Taji.

Tanpa akeh rembugan. Prucul lan Taji mung sawang-sawangan banjur bebarengan manthuk. “Aku ya pengin ngaso sedhela.” Ujare Prucul.

Mumpung mandheg, Wakidi jaluk ombe meneh. Saiki karo nggruneng sinambi sesengukan. Sapa ngerti welas asihe Gusti bakal diwenehake, “Lik… Ngombe, aku ngelak banget… Tenan…”

“Wenehana ngombe bocah kuwi. Mesakake ket mau urung ngombe.” Taji ora tekan atine. Prucul ngudari keba, banjur ngelungake ombe sing diwadhahi kendhi soklat cilik. Saka tangane Prucul sing nyekeli kendhi, banyu kuwi diombe Wakidi tanpa ninggal tilas. Bejane isih ana kendhi banyu liya.

Cancangan tali ing tangane Wakidi sing ket mau digujengi Prucul saiki diubetke wit randu. Taji, Marto, lan Prucul wis mapan ing panggonan sing beda-beda. Srengenge gumantung ing kulon prenahe. Arepe angslep, nanging isih rada suwe. Sumiliring angin mrembeti mripat, nggawa rasa ngantuk. Liyut-liyut.

Wakidi ora apal dalan. Dheweke ora weruh lagi ana ing alas ngendi. Kiwa tengen anane mung wit-witan. Rada adoh sithik kebak rungsepan pring Jawa, pring ori, lan pring pethuk. Kamangka golekane pring pethuk angel banget, lha kok ana kene malah akeh banget. Wakidi jajal ngeling-eling, tetep wae ora bisa kelingan. “Alas kok sepine nggilani, cetha iki alas sing rada wingit.” Wakidi sambat.

“Lik, aku ki arep kok gawa menyang ngendi ta? Tak kandhani wae ya, aku iki dudu anake wong sugih. Saben dina emak ya mung mburuh tani ing sawahe wong liya kerepe ya ngurusi klapa. Sampeyan kabeh nek weruh kakangku, wah, durung duwe gaweyan sing trep. Saben dinane ya mung melu Mbah Kuwu mlebu alas. Mbedhag iki, mbedhag iku. Mula, aku diculke wae, manganku ki akeh, ora umume wong. Tinimbang mung marai repot ta? Durung meneh aku ki bocah goblok.” Wakidi usul bab dheweke marang para gedibal sambi klesetan nganggo bantal watu. Amerga tangane dikencang, dheweke nunduk, nyokot salah siji suket banjur digegeti. “Percaya aku ta, lik. Aku iki ora ngerejekeni…”

Gedibal telu senadyan keprungu omongane Wakidi, ora ana sing duwe karep kanggo mangsuli. Marto ngundang dulur-dulure banjur miwiti rembug sing ana gathukane karo Wakidi. “Cah, mreneo.” Undange Marto. Cekat-ceket, Taji lan Prucul mara lungguh sandhinge Marto.

“Kakung apa ya gelem nampa lan ngrumati bocah kuwi?” Pitakone Prucul mbukak omong-omongan.

Taji melu urun rembug, nyemauri Prucul. “Cul, Bocah kuwi ki saka Jelegong. Sithik akeh, mesthi dheweke nate nindakake mbedhag sima ing alas. Sakorane ngerti tata cara mbedhag. Kowe krungu dhewe ta omonge iki mau nek kakange gaweyane mbedhag ing alas? Bisa uga sing dibedhag kuwi macan. Padha awak dhewe! Lha tinimbang seprana-seprene awak dhewe dikon mlebu alas, golek kewan belang bonteng nganti toh pati? Ki lho sawangen wetengku sing kecakar, kuwi sisan sikilmu sing kecokot. Kurang ajare apa jal? Kakung malah tampa leyeh-leyeh, pasrah bongkokan, ngenteni kasil saka awak dhewe, tampa dadi! Nek ana bocah kuwi sajake rekasane awak dhewe rada kelong. Tur aku wani nggawa bocah kuwi amerga isih kelingan kandhane Kakung.”

“Ana penere kuwi Cul kandhane Taji…” Marto mung ngegongi. Ora gelem urun usul babagan sing dheweke sejatine bingung antarane kudu percaya marang Taji apa Prucul, lha wong dheweke wae rada samar anggone kelingan pituturing Kakung Jumakir bab pawongan Jelegong.

“Aku ki rada mesakake jane….” Sirahe Marto ndungslep sajroning sandhangan. Kareben ngusapi dleweran kringet.

“Padha, nek dipikir bocah kuwi lho ya ora gawe salah apa-apa…” Srengenge saya angslep. Urung peteng. Taji mlumah nyawang mega abang. Sikile panggah nekuk, sila.

“Nanging ora ana dalan liya meneh supaya awak dhewe bisa rada leren mbedhag banjur miwiti kanyatan urip. Kaya omah-omah, duwe bojo, lan liya-liyane…” Marto nguwatake tekad. Apa meneh tekad sing selaras kalawan kekarepane urip omah-omah. Kuping cilike Wakidi sing tajem, ngrungokake, nanging kuping sing durung dhong werna-wernane urip kuwi nglayut. Swasana surup pancen paling penak dinggo turu, nanging Wakidi ora wani.

Isih kelingan senadyan cumenthel ing awang-awang. Emak tansah mbabar gugon tuhon sedurung dheweke budhal turu wengi. “Aja turu surup-surup, engko kupingmu diuyuhi setan.” Piweling emak katulis ing jaja. Mawujud malih dadi prasasti, pangati-ati. Wakidi merem-melek ngampet ngantuk. Gedibal telu meneng-menengan.

Teruske maca Pupuh 4 (Bilai ing Kaliprogo)

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)
nDilalah founder Jawasastra Culture Movement. Pecinta sastra Jawa, novel grafis, dan pengetahuan ekologi tapi tidak yakin dalam hal praktek lapangan. Penggembala dosa.

2 thoughts on “Pupuh 3 Pangeling-Eling

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top