Pupuh 4 Bilai ing Kaliprogo

“Aja turu surup, engko kupingmu diuyuhi setan.” Piweling emake dieling-eling meneh, dibolan-baleni ben ora bablas turu. “Aku emoh kupingku mambu pesing! Uyuhku dhewe wae wis pesing, saya meneh uyuhe setan. Aku ora entuk turu!”

Getun rasane ati nalika mlayu ninggal kakange mau awan. Nek dheweke anteng, tetep ana ing alun-alun, lelakon sing lagi dilakoni saiki ora prelu kelakon. Lha arep kepiye meneh, batine ora tekan nek dikon nyawang getihe sima lan bantheng mung supaya dadi bungahe para priyayi. Atine ora kuwat. Macan lan maesa kuwi ya makhluk gaweyane Gusti, lha kok didu banjur dipateni kanthi wengis.

Crita dalan uripe macan sing kaya mengkono dientuk saka emake. Amerga critane nggegirisi, dheweke selawase sakjane emoh nonton pagelaran wengis rampogan sing saben bakdan utawa nampa tamu kaleksanan ing kraton. Kojur tenan, lha kok emak ngakon kakange ngajak dheweke nonton pagelaran kuwi. Ujare kakange macan kuwi pralambang tumindak ala lan banteng kuwi tumindak becik. Ujare Setro, kakange.

“Nek titi olehmu ngematake, macan kuwi sejatine kumpeni, maesa kuwi wong Jawa.”

“Ah, sapa ta sing nggawe pralambang kaya ngono?” Takone Wakidi ing njero batin. Kena ngapa anggone golek pralambang ora wujud liya sing sekirane ora prelu dipilara? Kena ngapa kudu macan lan bantheng utawa maesa sing sakelek-elek titah tetep wae manungsa ora duwe hak kanggo mateni, durung meneh kok bisa manungsa migunakake makhluk sing ora bisa nglalar nalar? Banjur sing kewan ki jane sapa? “Bayangke, mung kanggo pralambang! Neng desa kebo bantheng dieman-eman, neng kutha malah dikon padu mungsuh macan. Engko nek kentekan kebo bantheng utawa wis ora duwe macan malah bingung dhewe.”

Pikirane Wakidi ngumbara ngancik pitakon-pitakon sing ora bakal bisa diwangsuli dheweke dhewe. Saben pitakonan diampet, prelune engko ditakokake marang emake sing wis ngrasakake pait sajroning urip, nanging piye olehe takon. Lha wong dheweke wae lagi dicekel karo gedibal telu sing ora cetha.

“Apa saiki emak goleki aku? Emak kangen aku apa ora? Saiki emak lagi ngapa?” Saya suwe Wakidi angslep menyang rasa jirih, kamangka surup durung entek lan jereng lintang-palintang durung wayahe ngumbar cahya. “Oh iya, kang Setro? Apa kakang goleki aku? Ana ngendi dheweke saiki? Cetha kakang bakal diamuk emak nek wis bali ngomah jebul ora karo aku”

Angslep, sepi wekasane sepa. Wakidi gegancangan tangi. Dengkule nekuk, kiwa tengen didempetake, banjur tutuke ngambung dengkul sisih tengen. Brol. Luh sing ket mau emoh metu saiki wis wutah saka batin. Kebak rasa mangkel, anyel marang awake dhewe.

“Dak kira cukup anggone ngaso. Ayo nerusake laku!” Marto ngadeg. Bala-balane nututi ngadeg. Papan sing dituju wis cedhak, mung keri nyabrang kali, banjur mlaku ngulon lempeng rak tekan. Prucul nyekeli Wakidi. Keba sing mau wis diuculi saiki dipasangake meneh. Nutupi mripate Wakidi.

Gandheng ora bisa nonton apa-apa, Wakidi ngasah prungon. Mau ana swara manuk-manuk prenjak bali mulih. Sajake bali ing susuhan sakdhuwure wit-witan. Angin ora patia banter. Wakidi anteng, niteni papan apa sing lagi dilewati. Lemah sing ditapak sikil, sing sakdurunge garing, saiki malih rada teles. Samar krungu ilining banyu. Sansaya suwe, sansaya seru swarane. “Kali? Apa Kaliprogo?” Batine Wakidi takon.

Ana wong tuwa, pakaryane nyebrangake liyan. Sakjane ana kreteg nanging kreteg kayu sing sok dinggo nyebrang lagi ambrol kena lindhu. Para gedibal lan Wakidi munggah ing gethek pring sing nek diidak bisa keprungu nyuwara ciut..ciut. Katon tuwa nanging tetep dipeksa. Umur tuwane gethek sajak ora beda adoh karo tukang sing nyebrangake.

“Lik Won.” Ujare Marto nyapa.

“Oalah… Lagi bali saka kutha?” Pitakone Lik Won, tukang nyebrangake ing Kaliprogo karo watuk-watuk.

“Iya lik.” Semaure Taji.

“Kuwi sapa kok ndadak ditutupi keba sirahe?”

“Anu, iki… Anu lik…” Prucul arep semaur nanging mung marai ndrawasi.

“Iki putra kancane kakung. Arep gladhen pencak.” Taji cepet-cepet ngadhemake rasa pengin ngertine Lik Won.

“Lha ditutupi barang sirahe?”

“Iki pesene kakung dhewe. Embuh apa karepe.” Marto nambahi.

“Ya wis, ayo mangkat lik. Selak maghrib.” Marto ngajaki nyabrang sinambi ngulu idu.

Ngerti nek ana kasempetan, Wakidi arepe mbengok jaluk tulung. Lagi wae mbukak lambe, Prucul wis ngekep lambene kanthi rapet banget. Nganti angel anggone Wakidi ambegan jalaran irunge melu rada ketutup.

Gethek wiwit disurung. Wakidi keprungu omong-omongan mau. Arep melu omong nanging ora bisa. Lambene dikekep rapet. Swara wong tuwa mau sajak dheweke ora pangling. Mesthine tau ketemu. Nanging sapa kuwi. Wakidi rada berontak, Prucul saya bakoh anggone nyekeli. Nganti gethek krasa miring-miring.

“Heh! Aja kokean obah. Mundak kejlungup!” Marto nyentak Prucul lan Wakidi.

“Nek ora anteng. Tak uncalke kowe! Dipangan baya mbok ben!” Prucul mbisiki Wakidi.

Lik Won watuk-watuk terus nalika nyurung gethek sing pucuking lanjaran pring mancik dhasaring kali. Kamangka wis arepe tekan, lha kok dilalah watuke Lik Won ndadi. Jebras-jebres ora aturan.

Ora ngerti apa perkarane, mak crut getih muncrat saka lambene Lik Won, awak sing mung ninggal balung klawan angin dumadakan tiba nglempruk! Pring kanggo nyurung ucul saka gegeman banjur kelelep kali. Tanpa ana sangga lan sing nyurung, gethek alon-alon ngetutake milining banyu kali, mengidul.

“Wadhuh, cilaka!!” Taji wedi.

“Lik, kowe ngapa? Lik? Ora waton lik!” Marto takon alon-alon marang awak tuwa sing wis nglempruk lungguh ing sakpinggire gethek. Kahanan sore nggegirisi.

Srengenge angslep. Angslepe jan tenanan angslep ing pepeteng. Lintang surup semu abang anggelari langit. Bendharane wis lingsir. Bang-bang abang ilang. Pitakone Marto ora disemauri. Dheweke mlaku alon-alon nyedhaki, “Lik, tangi!” Tangane ndulit pundhake Lik Won, nanging malah, byurrrr…. Wong tuwa sing sok ngewangi liyan nyabrang Kaliprogo kuwi mau malah kecebur kali amarga didulit Marto. Let sedhela mayite munggah kumambang banjur keli ngetutke iline banyu.

Para gedibal kamitenggengen, ora bisa omong apa-apa. Lik Won, wong tuwa sing kudune dadi sarana ben tekan ngomah ujug-ujug ketekan pati. Ditekani pati ing wayah mbiyantu liyan. Sajak Lik Won anggone lara wis suwe. Weruh kahanan kaya ngono, pawongan sing ana dhuwur gethek bisane mung tolah-toleh nyawang siji lan sijine.

“Biyuuuunngggg…. Tuuulluuunnggg!!” Prucul sing awake kebak otot kasil nyilih saka Gathotkaca malah ndadak nangis celuk-celuk biyunge, kamangka dheweke durung nate weruh sapa biyunge.

“Wis arepe tekan kok ya ndadak ketekan apes…” Mengkono sambate Taji.

“Piye iki, lik?!” Takone Wakidi marang Marto amerga Prucul wis ora ngekep meneh. Sirahe clingak-clinguk. Ora bisa nyawang apa-apa. Dheweke rumangsa ana kasempetan kanggo mlayu, nanging piye carane mlayu nek gethek sing ditumpaki ngambang ngetutake ilining banyu?

“Ora ana cara meneh. Ayo tangane dinggo kecipuk-kecipuk ben awak dhewe bisa tekan iringan.” Sajak rada ora masuk nalar. Liyane mung tolah-toleh. Let sedhela tanpa dikongkon meneh tangane padha dinggo nyurung gethek.

“Ayo… Ayo… Siji… Loro… Siji…!!” Marto aweh etungan, ngabani.

Gethek sing disurung nganggo tangan sansaya nyedhak pinggir kali. Kurang sethithik meneh. Mung Wakidi sing ora melu nyurung, jane pengen ngewangi nanging tangane isih dikencang tali. “Tak ewangi donga, lik…” Pocape Wakidi sajak ngece.

Taji, Marto, uga Prucul tangane padha keju. Beja tenan. Gethek wis tekan pinggiran. Kabeh nggeblak nggelempang, mijeti tangane dhewe-dhewe. Wakidi ancang-ancang arep plencing mlayu. Ora preduli senadyan mripate isih ditutupi. Settt… Tangane Prucul jebul awas banget. Urung keturutan mlayu tenan, sikil kiwane Wakidi wis dicekeli kuwat banget. Dening Prucul keba sing nutupi mripate Wakidi diuculi, kareben kebane kanggo ngusapi sandhangan sing teles merga cipratan banyu.

“Adhuh, adoh banget teka gubug. Awak dhewe katut iline banyu nganti tekan kene. Nek ngono ayo gek ndang mlaku, mumpung durung peteng banget. Bulane ya lagi terang. Ayo ndang…” Marto ngadeg. Ngajak kanca-kancane mlaku meneh. Tenaga lan ambegan sing wis Senin-Kemis dipeksa dadi ambegan pasa Daud.

Marto lan kanca-kanca ora nggawa oncor. Pancen kedadeyan ing kali mau ora bisa disangka. Mesthine sedurung surup dheweke wis tekan padepokan. Wis madhang, adus-adus, banjur turu, ora malah kelayapan turut alas wayah wengi.

Alas ing pinggiran kali Progo petenge nggilani. Swara jangkrik lan kodhok dadi geni munggeng kayu mungguhing Marto sakanca. Jangkrik uga kodhok ngobahake godhong-godhong, mlumpat pindhah-pindhah panggonan menclok, nganti nek dirungokake malah dadi lelanggam jagad. Wakidi rumangsa kulina ing papan dheweke liwat. Dititeni kanthi ati-ati, dipikir kabeh baka siji apa wae sing bisa dadi tetenger, jebul tenan. Alas kuwi ora adoh saka ngomahe.

“Eh, lik… Ora mampir omahku wae pa? Kesel kabeh ta? Ayo mampir omahku wae mumpung cedhak saka kene. Ngombe lan madhang sikik, bar kuwi ayo neruske laku meneh, piye…?” Pocape Wakidi katon lugu. Nawani leren, ngaso ing omahe dhewe marang para gedibal.

“Wah, apik tenan atimu, le…” Taji mesam-mesem. Wetenge sing wis luwe banget ngruda peksa ben nampa tawanane Wakidi.

“Huss..!! Goblok! Awak dhewe nek mampir, malah diantemi wong Jelegong. Kowe ki diapusi cah cilik ya manut wae. Ora sah mampir, wong kurang sethithik ya tekan kok.” Marto nesu-nesu marang Taji sing kelangan nalar. “Cul, kebane ditutupke meneh!” Marto mrentah Prucul.

Tanpa kokean takon Prucul nutupke keba ing sirahe Wakidi meneh. “Eh… Culke, lik… Kandhani ayo mampir wae, emak engko bakal adang akeh lho… Lik… Lik…” Wakidi jrantalake awak, tenagane Prucul tetep ora kelong senadyan wis dinggo nyurung gethek.

“Piye iki? Nek bocah iki polah terus suwe-suwe kesel aku. Kepara kahanan wetengku ya padha karo Taji.” Prucul takon tanpa ninggal sesambatan sing dirasakake.

“Gedhik wae…” Atine Marto dimantep-mantepake. Sakjane ora tega, nanging wis ora ana cara liya. Nek tetep kaya ngono, bocah kuwi bisa ngundhang para warga ing sakubenge alas. Tur sing paling medeni, bisa dadi lantaran tekane macan.

“Gedhik?!” Wakidi kaget keprungu rembugan kuwi. Urung sempet rampung anggone protes tanpa dinyana, byugggg.. Tangane Prucul sing abot tur atos wis mapag cengel Wakidi. Awak cilik kuwi ambles, lemes, ora bisa ngerasakake apa-apa sakliyane ngantuk. Brukkk… Wakidi wis ora sadhar. Dheweke semaput.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)
nDilalah founder Jawasastra Culture Movement. Pecinta sastra Jawa, novel grafis, dan pengetahuan ekologi tapi tidak yakin dalam hal praktek lapangan. Penggembala dosa.

One thought on “Pupuh 4 Bilai ing Kaliprogo

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top