Pupuh 1 Entut dan Raja Jawa

Wayah esuk pra kawula kumpul. Ngebaki alun-alun prasasat mbako susur. Akeh lanange, nanging nek tlaten ngamatake, ora sithik sing wadon. Kabeh padha nggawa gegaman rupa tumbak. Senadyan sorot srengenge mratandhani neraka sing lagi bocor, jebul babar blas ora marai silap apa meneh kepanasan ewonan mripat sing pating pentholo-mencorong, menthelengi kandhang kayu satengahing alun-alun. Manungsa semono akehe ora komanan pangeyupan. Garising wong cilik, pangeyupan mung kanggo priyayi lan Gubermen utawa sapa wae sing kok ndilalah getihe werna biru.

Para punggawa praja mlebu, dikawal sakehing prajurit. Tumenggung lan saben-saben panggedhe klebu adipati saka mancanagara katon gagah. Sandhangane sarwa endah. Pawakane padha jejeg nalika nunggang turangga, keris disengkelit ana mburi sok-sok digujengi nganggo tangan kiwa utawa tengen. Arak-arakan kuwi banjur bubar dhewe-dhewe. Saben gusti, saben kanjeng, jumangkah tumuju palungguhan sing wis dicepakake.

Ora let suwe, isih saka gerbang, saiki sing mlebu arak-arakan kumpeni. Pisanan sing mlebu pra prajurit pangkat cilik, cacahe atusan. Ditutake prajurit sing nunggang kuda. Ing antarane arak-arakan wadyabala Inggris ana sawijining pawongan sing sandhangane beda. Luwih apik, luwih ngatonake wibawa. Warnane biru, celanane ireng, boeke putih dawa nganti dengkul. Ing sisih tengen lan kiwa ana bedhil menteng kelek, lan sing cetha, ngemu teges menawa dheweke kuwi minangka panggedhe saka Inggris sing kedhapuk dadi eyang residen ing Yogyakarta, Crawfurd.

Nalika Crawfurd lungguh sinandhing Raja Jawa, keprungu surak komendan para wadyabala Inggris sing direwangi wong Sepoi miyak segara manungsa, mubengi alun-alun, mapan ana ing baris ngarep dhewe. Ngerti nek dialang-alangi amerga awake prajurit Inggris luwih dhuwur lan gedhe tinimbang brayat sing teka, para brayat padha muni-muni, “Asu, teka-teka nentengi”

“Lha ya, heh! Ra ketara goblok!”… “Ngerti nek awake gedhe malah manggon ana ngarepan. Jan ngajak padu kok!”

“Perang meneh pa piye?!” Salah siji kawula ana sing bengokane ugal-ugalan. Tanpa ana prentah. Kanca-kancane sing ana sandhinge klakep meneng, nyawang wong sing omong kuwi mau kanthi rupa abang. “Ngapa malah dha nyawang aku?!” Pitakone kawula pekok kuwi.

Gendhing monggang tinabuh. Arak-arakan panggedhe kraton metu. Kanthi lumaku alon, Sultan mlebu liwat bangsal, banjur lungguh ing Dhampar Singasana. Sisihing Crawfurd. Diturut dening para bregada lanang lan bregada wadon. Katon umbul-umbul kraton gambar bulan tinunjem curiga muda cacah papat digujengi pra bregada. Banjur ana bregada sing kedhapuk mayungi Sultan. Angin krasa alus, srengenge mandheg, lan swasana dadi sepi mamring nalika Sultan mudhun saka Siti Hinggil. Ora lali para bregada tetep ngetutake. Sultan nyedhaki gandhek sing lagi wae mapan ana satengahing Paseban.

Swasana dadi medeni banget nganti angin sing ngepasi liwat wae kudu mikir pindho kanggo sumribit rikala Sultan lumampah. Kanyatane anane Sultan tetep ora bisa marai angin sing liyane melu anteng.

Prut… Prutt… Pruuut…Cesss…Cs…css

Bocah cilik kuwi wis ora betah ngampet. Untung swara entut sing linambaran tekan bol nganti keprucut tanpa sengaja mau ora sepira banter olehe muni, mung ngewes unine. Wong sacandhake keprungu, bisik-bisik dakwa kancane amerga ora ana sing weruh manungsa modhel apa sing wani ngentut ing adicara agung, adicara kanggo nampa tamu agung utusan Inggris nalika mengeti bakdan, utamane nalika Sultan lagi miwit upacara.

“Di! Kurang ajar tenan kowe kuwi!” Setro muntap amerga tumindak adhine. Kandhane meneh sambi tetep bisik-bisik, senadyan swara entut adhine ameh wae ora keprungu, nanging Setro jebul titen sarana mambune, “Untung ora ana sing ngerti!!”

“Ora betah, kang. Mau rak aku wis jaluk mbok liren sikik ana ing lepen, lha kowe malah ngelewes wae…” Sing diseneni ora trima.

“Mbok ya diampet sikik, engko nek Sultan wis lunga rak isa ta lagi koktokke!” Setro isih nggremeti cengel adhine amerga gregeten.

“Lha kok kira ngampet entut ki ora marai lara?! Masa ya bagas warasku kudu nggagas Sultan.” Wakidi ngeyel sinambi sambat, ora gelem manut panemu kakange. Kandhane meneh, “Isih untung aku mung ngentut, ora kecirit!”

“Trembellane!! Mboh… Karepmu!!”

Nanging kedadeyan entut ora mung cukup tekan semono. Unine wis sirna. Saiki mambune ngumbara, mabur ing awang-awang, ginawa angin, ndulit saben-saben wulu irung. Kabeh nyepit bolongan irung nganggo jempol lan driji duding, ana sing ngampet ambegan, lan uga ana sing malah wahing, jebras-jebres.

“Asu! Mambune nggilani!” Salah siji wong ing pinggiring Setro sambat.

“Hajjjingg!”

“Yungalllahh… Mambu bathang tikus!”

“Haa…haaa…hhhhaaaajjuuuing!!”

“Nek iki ora sewates bathang tikus, iki mono bathang tikus sing sedurung matine malah lali ora adus!!”

“Brrrr… Murang tata tenan mambune…!”

“Kok ya wani-wanine ana Sultan malah ngentut! Tak dongakke silite buntu!”

“Ha… Haa…” Urung rampung niyate wahing lambene wong sing bola-bali nggebres ditutup wong sapinggire.

“Ha… Jjingan!!”

Bisik-bisik sesambatan sing ngebaki kuping ora digagas dening Setro tuwin Wakidi. Bocah loro sing let umure rada adoh kuwi tetep kudu katon anteng. Pancen wis patrape wajib anteng. Ora prelu melu rame ben ora ngundang wong liya mikir aneh-aneh, tur ben ora diarani ngentut senadyan pancen ngentut. Mula butuhe saiki yaiku ngawekani awak nek dilalah ana sing nudhuh.

“Kang, awak dhewe arep ngapa kok nglumpuk ing papan kene?” Pitakone Wakidi marang kakange sing mripate katon mengkerut.

“Kowe rak wis dikandhani emak ta. Saka papan kene kowe bakal ngerti sejatining urip. Sinau ben weruh ngendi dayoh ngendi sing duwe omah. Ngerti kanyatan menawa sapa sing duwe kakuwatan sing bakal diajeni. Keri sapa sing bakal menang, macan apa bantheng.”

“Woo… Wangsulanmu kaya-kaya wis urip kaya satriya wae. Emak ya ngono, meksa supaya aku ngrasakake bakdan ing kutha barang. Gemang aku dipeksa mrene. Takmulih wae!”

Wakidi malah maido kakange kanthi narik tangane saka gujengan kakange. Pancen dheweke ora sepira seneng ana ing papan rame. Apa meneh nyawang tontonan sing kandhane wong-wong medeni banget. Malah kerep ana brayat sing mati barang.

“Heh! Arep menyang ngendi kowe ki? Kandhani iki engko ana pagelaran sing luwih apik tinimbang wayang, apa meneh tledhek.” Setro menging adhine sing cepak-cepak ngalih.

“Ah ora! Ora tekan atiku nek nyawang!” Wakidi mlayu. Ndhusel satengahing ewonan wong sing rapet banget anggone nglumpuk. Untung wae isih cilik, dadi bisa mrucutake awak. Perkarane nek kesandhung sethithik wae, bakal bebayani urip amerga cetha bakal kepidak-pidak.

Setro arepe nututi adhine nanging ora bisa mblusuk. Kamangka saka ngomah wis dipasrahi emak supaya jaga si adhi, “Di… Wakidi! Bali ndene!!” Ngono pambengok kakange, nanging Wakidi wis ilang dipangan kruyukan manungsa, “Cilaka ngene iki! Engko wae pa ya olehku goleki, saiki tak nonton sikik. Eman-eman nek ditinggal, apa meneh aku mau wis kadhung pasang totohan dhuwit.”

Wakidi pungkasane bisa metu saka kruyelan. Cepet-cepet golek kolah nek ora ya kalen, wetenge kaya ditabuhi panjak tledhek. Nalika wis ketemu, lagi wae ndhodhok mak breett sekabehaning rereget awak ditokake.

Saiki wis rampung urusan weteng. Wakidi mblakrak turut pasar. Wakidi nyawang saben-saben wujud dolanan sing beda banget karo papan uripe ing desa. Dheweke ngrogoh sak, emane ora nggawa sangu dhuwit. Praupane mung ndomplong nyawang dolanan-dolanan sing bentuk uga wujude nganeh-anehi, umpama bisa nggawa bali bocah-bocah desa cetha meri.

Dikirane godhong, bareng dicekel jebul mung plastik, dikirane saka lemah lendhut jebul atos, keramik. Anggone ngadeg nggejejeg jalaran baguse rupa-rupa dolanan baka sithik ilang. Wetenge kemrucug. Sajak amerga ditokake sedurung diiseni. Wakidi Luwe. Ara-ara pagelaran rampog sing ora sepira adoh disawang saka papane ngadeg marakake Wakidi pengin bali marani kakange, nanging wis kebacut angel goleki, tur wegah kecepit meneh.

Ana bakul sate lan lontong. Embuh ngapa dagangan sate kuwi bisa payu banget, paling ya amerga lagi ana tontonan ing lapangan alun-alun. Para kuli angkut pasar lungguh klesetan ing lemah, ngenteni pesenan sate rampung dibakar. Kuli angkut ndobos ngalor ngidul bab pakaryan sing seprana-seprene tansah ora cukup kanggo makani anak bojo.

“Iki lomboke pira, cak?” Pitakone bakul sate nganggo logat Madura.

“Telu wae yu…”

“Mangga, cak…” Ora prelu ngenteni suwi, sate pesenan wis dadi banjur diwenehake.

Wakidi mlaku nyedhak. Dhasare bocah limpad. Rupane dioseri lebu dalan ben ketara ora krumat wong tuwa, mula nek disawang malih dadi kumus-kumus. Dheweke gawe-gawe dadi wong jejaluk. Lha piye meneh, jenenge wae kepepet tur wis nemen banget olehe kaliren.

“Dhe, nyuwun sawontene…” Rupane Wakidi dimelas-melasake.

“Wadhuh. Cilik-cilik wis jaluki wong. Lha ana ngendi wong tuwamu?” Pitakone sing dijaluk marang bocah ngemis sing sejatine Wakidi.

“Ndadak takon aneh-aneh. Wis wenehana wae, kowe rak ya bar entuk rejeki ta?” Ngono pocap kancane salah siji kuli angkut.

“Rejeki ya rejeki, ning sing tak cekel iki wis ana kanggone.”

Nalika kuli angkut padha regejegan bab sapa sing mesthine ngewenehi piwelas marang Wakidi, teka wong lanang cacahe telu nganggo sandhangan sing rada beda karo wong pasar lumrahe. Sandhangane dadi tandha nek kuwi para pendekar, wernane ireng polos. Kanthi bebarengan pesen sate lontong.

Teruske maca Pupuh 2 (Gedibal Macan Gaib)

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)
nDilalah founder Jawasastra Culture Movement. Pecinta sastra Jawa, novel grafis, dan pengetahuan ekologi tapi tidak yakin dalam hal praktek lapangan. Penggembala dosa.

One thought on “Pupuh 1 Entut dan Raja Jawa

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back To Top