Raja Walanda Willem-Alexander lan bojone, Ratu Maxima mara menyang Indonesia tanggal 11 Maret 2020 wingi. Nalika teka ing Indonesia, Raja Walanda kuwi banjur muni sajroning pidatone menawa jaluk pangapura marang Indonesia amerga ing jaman rikala semana wis gawe sengsara lan patine wong Indonesia.

Kanthi cetha, Raja Walanda anggone jaluk pangapura yaiku kanggo taun 1945 nganti 1949, Agresi Militer I lan Agresi Militer II. Gandheng wis jaluk pangapura, para kurban ing jaman semana, utamane para korbane Westerling ing Sulawesi nuntut ganti rugi saka Walanda.

Jokowi nampani Raja Walanda. Sumber: https://static.euronews.com/articles/stories/04/55/82/00/773x435_cmsv2_060b1cae-a3cb-5618-907d-800e20ce8dd1-4558200.jpg

Ing taun 2013 wingi jane uga ana wong Walanda, Duta Besar Walanda, sing marani para kurbane Westerling ing Sulawesi banjur ngewenehi ganti rugi sing gedhene 273 Juta marang kulawarga kurban. Bab iki ditulis cetha dening Merdeka.com.

Taun 2013 Duta Besar Walanda mara ing Sulawesi. Sumber: https://m.merdeka.com/amp/dunia/sudah-dua-kali-belanda-minta-maaf-kepada-indonesia-beri-ganti-rugi-rp-270-juta.html

Presiden Indonesia, Jokowi, nampa pangapurane Raja Walanda tur aweh pangapura kanggo Walanda. Miturut Jokowi saka sing tinulis ing The Jakarta Post, sejarah pancen ora bisa diowah, lan penjaluke Raja Walanda supaya dingapura mbuktekake menawa sejarah kudu dinggo sarana sinau.

Luwih pepake, Jokowi uga yekti menawa sakwise Raja Walanda jaluk pangapura lan diwenehi ngapura, hubungan ekonomine Indonesia – Walanda bakal sansaya apik.

(Jawasastra)

Senadyan wis jaluk pangapura, tetep isih ana wong Indonesia sing ora trima kajaba sakwise jaluk pangapura Walanda aweh ganti rugi, kaya sing wis ditetepake dening Mahkamah Internasional taun 2011. Ing antarane sing ora trima yaiku Abdul Halik, keluarga korban lan saksi urip pembantaiane Westerling. Bab iki diceritakake kanthi cetha ing BBC.

Ubo Rampe Pangapura


Sakdurunge jaluk pangapura, Kraton Walanda kanthi urut lan runtut mbalekake benda-benda bersejarah sing mbiyen diangkut saka Indonesia sajroning mangsa kolonialisme. Kamangka Pemerintah Indonesia wis ngirim layang wiwit taun 2015, nanging baline barang-barang bersejarah lagi kelakon ing pungkasan taun 2019 lan wiwitan taun 2020 kanthi gedhen-gedhen.

Saka wartane Vice, ing wiwitan taun 2020, Kraton Walanda mbalekake benda bersejarah cacahe 1.500’an benda sing digawa saka Indonesia nalika semana. Benda-benda bersejarah kuwi ditampa langsung dening Dirjen Kebudayaan, Hilmar Farid.

Let rong sasi, ing wiwitan sasi Maret, Kraton Walanda mbalekake keris sing konon pusakane Pangeran Dipanegara, yaiku keris sing dijenengi Naga Siluman. Sakdurunge ana srah tampa antarane Raja Walanda lan Jokowi, keris kuwi wis ditampa dhisik dening Hilmar Farid.

Srah tampa Keris Naga Siluman. Sumber: https://bebas.kompas.id/baca/opini/2020/03/12/mengurai-kontroversi-keris-diponegoro-setelah-190-tahun-dikuasai-belanda/

Crita luwih pepak bab kepiye proses baline Keris Naga Silumane Pangeran Dipanegara bisa diwaca luwih pepak ing Kompas.

Dadi, dibaleknane benda-benda bersejarah Indonesia dening Walanda sakjane wis wiwit ditindakake taun 1975 sarana perjanjen antarane Kraton Walanda lan Indonesia, mengkono kandhane Prof. Margana, sejarawan saka UGM, marang Kompas.

“Perkara pener orane kuwi keris duwekke Pangeran Dipanegara tenan isih bisa dirembug. Aku minangka tim lan sejarawan mung bisa omong menawa sumendhe ing data lan pengalaman sing tak lakoni nalika ing Walanda dhisik.” Pocape Prof. Margana.

Sajake, baline benda-benda bersejarah mau sengaja digawe mengkono supaya bisa dadi ubo rampe ditampanine pocap pangapurane Raja Walanda. Nanging, prakara iki rada ora mlebu nalar, sebabe Vice uga aweh warta menawa baline benda-benda bersejarah menyang Indonesia mau jalaran aktipitas museum ing Walanda lagi lungkrah.

Bab jaluk pangapurane Kraton Walanda tumrap Indonesia ditanggepi kanthi sangar dening Petrik Matanasi ing Tirto. Dheweke ngarani menawa anane penjalukan pangapurane Kraton Walansa kuwi padha karo nglotek telek rupane elit pamrentah Indonesia.


“Nalika Kraton Walanda wis gelem jaluk pangapura marang Indonesia, apa Indonesia wis jaluk pangapura marang para kurban ing Papua lan klebu para kurban ing kedadeyan 1965?” Mengkono ujare Petrik Matanasi.


Baline benda-benda pusaka Nusantara mau ing pungkasan marakake penjalukan sing luwih banter saka katurunan raja Nusantara supaya Walanda mbalekake kabeh benda-benda pusaka Nusantara klebu naskah-naskah kuno. Kasepuhan Cirebon uga nuntut supaya Walanda mbalekake umbul-umbul Kasepuhan Cirebon sing wis digawa Walanda 500 taun.

Bab benda-benda pusaka sing jaluk dibalekake mau apa iya wong Indonesia bisa luwih gemati anggone ngrumat? Apa iya Indonesia wis duwe cukup fasilitas ing museum lan perpustakaane kanggo ngrumat?

Anggere kesadaran sejarah wong Indonesia isih ‘nggatheli’, mendhing benda pusaka mau tetep ana ing manca.


Malah, sakjane nek sing awujud naskah-naskah, para tilas kolonial ing Indonesia wis nyepaki akses digital. Dadi naskah-naskah kuno mau bisa diwaca sarana internet tanpa prelu diusung menyang Indonesia. Gandheng naskah kuno kuwi angel rumatane, mbok mendhing ben ana ing manca wae. Perkara benda liyane ya mangga arep dibalekake apa ora.

Gathukan Walanda lan Raja Jawa


Tekane Raja lan Ratu Walanda ing Indonesia temtune ora mung sowan marang Presidhen. Gandheng mbiyen Walanda duwe gathukan sejarah kalawan kraton-kraton ing Nusantara, Raja lan Ratu Walanda ngrumangsani kudu uga sowan marang tetilasan Kraton, ora ketang siji utawa loro.

Dijupuk saka Euronews, jaduwale Raja lan Ratu Walanda sakliyane sowan presidhen uga sowan menyang Kraton Yogyakarta. Banjur uga menyang Danau Toba ing Sumatra Selatan, lan Taman Sebangau ing Kalimantan. Miturut warta paling anyar, nalika ing Danau Toba, Raja Walanda mbaleni meneh jaluk pangapura.

Saiki jajal niliki gathukane Walanda lan kraton-kraton ing Nusantara. Sakdurunge Indonesia ngadeg, Walanda pancen anggone napak ing Nusantara cetha mawa kraton-kraton sing ing nalika semana isih kepetung minangka negara mandiri.

Gandheng kraton ing Nusantara wis lebur nyawiji ing pangkuane Indonesia, mula sing diparani mung Kraton Yogyakarta, ngelingi nek Kraton Yogyakarta isih duweni hak ngolah negarane dhewe senadyan dadi perangane negara Indonesia.

Sowane Raja Willem-Alexander menyang Yogyakarta sakjane dudu sing kapisan. Ing taun 1995 Willem-Alexander wis nate mara Kraton Yogyakarta nanging nalika wektu kuwi dheweke isih Pangeran, durung dadi Raja.

Ing Kompas meneh ana ulasan apik bab tetepungan antarane Raja Walanda kalawan Sultan Hamengku Buwana X, yaiku sandhangan sing dinggo Sultan HB X ngawenehi tandha menawa Raja Walanda pancen duwe papan pakurmatan dhuwur. Bisa dititik saka Kuluk Kanigoro lan batik sembagi sing dinggo Sultan.

https://bebas.kompas.id/baca/nusantara/2020/03/12/di-balik-baju-takwa-dan-suluk-kanigoro-sang-sultan/

Nalika ana dayoh saka Malaysia lan Denmark, Sultan nampani para tamune mung nganggo klambi batik. Tur nek kelingan, dhisik jaman Pemilu 2019, rikala para Capres gantian sowan Kraton Yogyakarta, Sultan HB X sewates nganggo klambi batik.

Nalika Sultan HB X nampa Raja Malaysia. Sumber: https://bebas.kompas.id/baca/nusantara/2020/03/12/di-balik-baju-takwa-dan-suluk-kanigoro-sang-sultan/

Miturut Bayu Dardias, Dosen Politik Pemerintahan UGM, saka kutipan Kompas, nerangake menawa Sultan HB X sajak ngurmati tenan tamu agung saka Walanda kuwi, amerga sandhangan arupa batik motif sembagi lan Kuluk Kanigoro sing dipilih Sultan HB X, kanggo nampa Raja Walanda, mung dinggo adicara-adicara wigati Kraton Yogyakarta.

Pakurmatan sing diwenehake Sultan HB X marang Raja Walanda temtune wis barang lumrah. Isih kelingan ta ing jaman biyen utusan Resident Walanda diundang kanthi nama ‘Eyang’ dening para Raja Jawa?

Malah saben ana utusan mara Kraton, embuh Yogyakarta apa Surakarta, mesthi ditampani kanthi apik, disuguhi panganan sing enak-enak, lan diwenehi tontonan. Biyen tontonane Rampogan, saiki genti beksan.

Sunan Pakubuwana X lan Resident Walanda. Sumber: https://images.app.goo.gl/nDeDiHz78vQQKmuw8

Wujud Sejarah sing Pener


Kaya ature Prof. Margana ing dhuwur mau, menawa pakaryan sing gayut klawan sejarah kuwi mesthi gumantung tumrap dokumen, arsip, lan bukti fisik sing isih bisa dilacak kanggo tanggung jawab sejatine sejarah.

Ora ana sejarah sing pener utawa ora pener. Kabeh sejarah bakal pener nalika anut tumrap sapa sing duwe panemu.

Jawasastra


Bab urusan perang sing gawe akeh kurban, kuwi mau uga wis ginaris Gusti lan akeh faktor liya sing nggondheli. Ora ana critane kucing kerah nek wis padha kenale. Tegese, penjajahan Belanda ing Indonesia ora bisa ucul saka faktor wong Indonesiane dhewe lan kemaruke Walanda.

Ananging sing duwe kekarepan ya wong kuwasa. Wong cilik mung dadi ijo-ijone bakso, maksude ora patia duwe daya apa-apa kanggo ngracik panemu kajaba duwe bala sing maewon-ewon.

Walanda teka ing Indonesia niyate kanggo dhagang. Mula ngedegake komunitas VOC. Para Raja Jawa ngerti menawa VOC duwe kakuwatan sing luwih pepak bab gaman tinimbang wong Jawa. Kanthi karep bisa unggul ing atase kraton liya, para Raja Jawa rebutan kekancan karo Walanda.

Ora kabeh Raja Jawa sipate opurtunis, ana uga Raja Jawa sing gethinge tenan marang VOC. Nanging sakgething-gethinge Raja Jawa marang VOC, mesthi ana motif liya sing dadi alesane. Malah, alesan sing ana rata-rata dudu amerga ‘penderitaan rakyat’ nanging ‘rugine awak’.

Kanthi panemu ing dhuwur mau, ing matane sejarah kabeh wong duwe salah. Klebu Indonesia dhewe, amerga ana momen akeh sing duduhake kekejamane tentara Indonesia nyiksa wong sipile Walanda. Mengkono uga sakwalike.

Panemu iki cukup digaris ing babagan kedadeyan, aja ditarik mundur ing sabab-sababe, bakal ora ana rampunge, malah engko kelakon nyalahake Gusti Allah barang.

Jawasastra

Mula sing luwih trep, dudu marang Indonesia Raja Walanda anggone jaluk pangapura, nanging marang wong Indonesia lan jaluk sepura menawa nate mbelokke cathetan sejarah bab Indonesia.

Tur ora lali, Indonesia (pemerintah) kudu wani mbukak sejarah sing saktemene bab kedadeyan ing Papua lan 1965 ucul saka urusan pemberontakan. Sakwise dibukak kanyatane, kudu uga jembar ati jaluk pangapura. Ora mung pangpura amerga wis gawe matine wong Indonesia nanging uga amerga wis nutupi sejarah utawa ora gawe papan kanggo ngomongke sejarah saka macem-macem panemu (perspektif).

Intine, jaluk sepura bab kekejaman sejarah ing jaman biyen kudune dipocapake marang ‘manungsane’ dudu marang ‘negarane’. Lha ngapa jaluk pangapura marang negarane nek negarane wae isih kober gawe sengsara ‘manungsane’?

Latest posts by jiwajawasastra (see all)