Tulisan ini mencoba membandingkan proses riset antara film Saridin dengan film Sultan Agung. Bahwa budget tidaklah jaminan menghasilkan hasil riset yang apik.

Donya iki kebak pratandha, wong Jawa uga mengkono, urip saben dinane mesthi ana wae pasemone, apa meneh karya seni utamane film. Donya sakmene ambane kanthi crita sing maneka warna kudu dipepetake ing njero kothak. Proses kaya mengkono cetha butuh wektu suwe ing saben divisine lan nglarasake medium sing digunakake.

Sansaya angel meneh nek film sing digarap mau sejarah Jawa jaman kerajaan. Ngelingi cathetan sejarah Jawa sing klebu bisa diarani valid malah saka wong kolonial Inggris lan Walanda. Kuwi nek sakubenge jaman Demak nganti Mataram. Jajal nek mundhur meneh tekan jaman Majapahit memburi.

Sumber sejarah Jawa lan umume sumber sejarah Asia Tenggara pancen akeh bedane kalawan sumber sejarah Barat, Asia Timur, Asia Tengah, lan Timur Tengah sing wis duwe tradisi tulis ing kertas, papirus, utawa tablet. Mula nalika nggarap film sejarah akurasine melu beda. Tur, kesadaran utuh seniman film Indonesia kanggo ngajak rembug akademisi sejarah utawa sing ana gathukan karo sejarah ora jeru.

Sejarah Jawa dhewe akeh renik-renik. Antarane fakta lan mitos kerep nyampur saengga nek nggoleki kaya piye penere kudu ngati-ati. Bali meneh kaya tembung wiwitan mau, wong Jawa kebak pasemon, klebu nalika nulisake sejarah. Babad pancen wis diupayakake de Graaf, Ricklefs, Peter Carey, lsp, supaya bisa dadi sumber primer sejarah Jawa. Nanging kanggo mujudake babad minangka sumber sejarah kudu dicocogake kalawan sumber liyane; crita lesan, arsip kraton, arsip kolonial, lan sakpiturute.

Ora salah wong sing omong nek film kuwi fiksi, kasil imajinasi panulis naskah lan sutradara sing proses kreatipe digarap kolektif. Nanging, alesan kaya mengkono ora banjur malih dadi pemakluman nalika wayah riset sakdurunge proses take film dilekasi, utamane nek film sing digarap film sejarah Jawa. 

Bayangke wae, manga lan anime Jepang wae kudu riset dhisik kok. Maca sumber buku, artikel, nganti nyathet mitos-mitos ing Jepang utawa sejarah donya sing sekirane bisa rumasuk crita. Naruto, One Piece, Jojo Bizarre Adventure, Monogatari, Doremon, lan anime-manga Jepang liyane ora bisa ucul saka proses riset, ora ngadeg dhewe minangka crita anyar. Tur proses paling penting pancen riset.

Jojo Bizzare Adventure Season 2. Sumber: https://www.imdb.com/title/tt2359704/

Luwih penak meneh film-film Barat sing wis suwe duwe tradisi dokumentasi. Nalika nggarap film proses riset sing dilakoni bisa luwih gampang. Durung meneh entuk sokongan saka teknogi sing diduweni. Kaya dene film sejarah 1914, 300, The Enigma, Braveheart, Viking Series, Peaky Blinders, lan sakpiturute.

Kahanan sing beda antara film sejarah Indonesia, utamane Jawa, lan film sejarah manca yaiku; teknks dokumentasi sejarah lan kesadaran seniman film kanggo ngajak akademisi sejarah utawa akademisi sing bidange cedhak karo sejarah kanggo nggarap film sejarah. Sing dimaksud ing kene yaiku film-film sejarah ing jaman kerajaan.

Apa seniman film bisa ngonceki sanepan? Apa bisa maca prasasti? Apa bisa maca teks kuno?

Bab iki nate diterangake Ratu Husmiati (2010) ing artikele Kelebihan dan Kelemahan Media Film Sebagai Media Pembelajaran Sejarah (Survei Pendapat mahasiswa di Jurusan Sejarah FIS-UNJ) menawa sajroning film sejarah nora bisa dicekel ngendi sing fiksi lan ngendi sing fakta. Loro-lorone lebur, mula rada ora cocog nek dinggo sarana mangerteni sejarah.

Pener, seniman film Indonesia sing cacahe akeh banget mesthi ana siji-loro sing bisa ngonceki sanepan lan paham macane teks kuno. Pitakonane, apa riset mau bisa dilakoni dhewe tanpa ngajak akademisi utawa peneliti sing luwih duwe kompetensi? Piye-piyea nggarap film sejarah Jawa ora bisa waton.

Sumber: Google Image

Waton ing kene maksude dudu minangka wewatesan kanggo mainake imajinasi seniman film. Waton yaiku nalika wacana sing diangkat jroning film malah ora ana dhasar sejarah sing pener. Bisa-bisa ing tembe mburi malah marai tuwuhe pemahaman sing kleru satengahing wong awam.

Ngelingi, ing wayah jaman tatemtu, film sejarah bakal dadi rujukan utama sejarah kanggone wong awam tinimbang maca buku sejarah. Jalaran wong Jawa dhewe luwih seneng nonton film tinimbang maca wacanan sejarah. Mengkene iki rak mbebayani. Contone wong Jawa tekan seprene ngarani wong Jawa jaman biyen kuwi sakti-sakti amerga kerep nonton Tutur Tinular, Wiro Sableng, Misteri Gunung Merapi, lan Angling Darma.

Lukman Abdul Hakim (2019) kandha sajroning artikele ing Jurnal Sasdaya sing judhule Menerawang Masa Lalu di Era Digital: Film Sejarah Vis A Vis Historiografi menawa “…film sejarah oleh beberapa sejarawan, dituduh mendramatisasi dan membuat distorsi terhadap masa lampau”

Kajaba sing digarap dadi film mau karya sastra Jawa sing ora ngomong akeh babagan sejarah Jawa utawa sastra lisan Jawa sing sumebyar satengahing masyarakat. Nek kaya mengkono kuwi cetha pertanggungjawabane ora seangel film sejarah Jawa. Jalaran saben sastra bisa ditapsir dhewe-dhewe.

Senadyan luwih gampang, tetep wae film saka crita Jawa mau uga kudu ana riset babagan sandhangan, papan setting lan disandhingake kalawan sumber crita Jawa liyane supaya bisa dimangerteni saben-saben versi sing diduweni. Tur sing paling baku, ngonceki sanepan sajroning crita supaya salaras mungguhing sanepan jroning film. Paribasan kaya kandhane Chatman (1985) menawa jarak kamera lan posisi kamera wae wis duweni makna.

Nglaras Film Saridin & Sultan Agung

Iki takbandingake miturut panemuku wae. Sakumpama ana sing duwe panemu liya mangga karsa aweh panemune. Rong film iki sakorane bisa dadi dhasar kanggo mangerteni ruwet lan angele garap film sejarah. Loro-lorone beda banget kahanan prosese, nanging loro-lorone dijupuk saka sejarah sing dicampur kalawan mitos.

Film Sultan Agung didalangi dening Hanung Bramantyo, dirilis taun 2018 wingi. Akeh banget sing seneng tur ubyuk-ubyuk mara bioskop. Senadyan sempet ana kontroversi jalaran kostum sing ora pas, nyatane perkara iku ora nyuda tekaning para penonton ing bioskop. Diproduseri dening salah siji turun Kraton sing duwe Mustika Ratu yaiku Mooryati Sudibyo.

Entuk pahargyan film ing Festival Film Bandung kanggo kategori Film Terpuji. Miturut skor IMDB, Sultan Agung duweni angka biji 6,8/10. Tur sangare ing Google 97% sing marani Google seneng marang film Sultan Agung. Inti film nyeritakake kaya piye uripe Sultan Agung. Konflik sing dijupuk nalika Mataram adu jurit mungsuh VOC.

Blaka wae, aku biyen nate melu dadi figuran ing film Sultan Agung. Dadi prajurit senadyan awakku lunglit. Shoot ana ing salah siji lapangan dhaerah Bantul. Wiwit saka jam nem esuk tekan nem sore. Kira-kira ana 500 punjul paraga prajurit ing lapangan kuwi. Panas, kesel, tur gumun amerga ana drone riwa-riwi.

Tak kira rupaku bakal ketara, mula aku nonton neng bioskop. Cilakane, blas ra ketara. Udheng sing wis tak modifikasi duwekku wae ora katon. Sakorane wis ngerti rekasane melu proses nggawe film bioskop senadyan mung kanggo jangkep-jangkepan. Mula ing tulisan iki dudu proses jupuk gambar sing bakal dibahas nanging riset sing dilakoni.

Salah siji adegan film Sultan Agung. Sumber: https://beritagar.id/artikel-amp/piknik/mengintip-lokasi-syuting-film-sultan-agung-di-dusun-gamplong

Rong taun sakdurunge Sultan Agung tayang, ana film beaya cilik (nek dibandhingake karo film Sultan Agung) sing tayange ora ing bioskop nanging ing Youtube yaiku serial film Saridin. Gebyare film Saridin cetha beda karo film Sultan Agung. Senadyan mengkono, ing titik iki engko sing marai rong film kuwi malah duwe katimpangan siji lan sijine.

Zuhrotus Salamah (2017) nate nggawe panaliten bab film Saridin sing tayang ing Youtube sajroning artikele Rekonstruksi Islam Jawa Saridin dalam Film Saridin: Studi Serial Film Saridin Produksi CMC (Creative Media Community), Pati, Jawa Tengah. Ana patang judhul ing antarane; Saridin Andum Waris, Saridin Ngerombang, Saridin Geger Palembang, & Saridin Ondo Rante, kabeh awale tayange nganggo CD sakdurunge mlebu Youtube.

Dadi nek mbukak film Saridin ing Youtube bakal akeh banget channel sing upload film Saridin. Dicopy saka CD banjur dishare ing Youtube. Bejane upload film Saridin ing Youtube iki sajak ora ana perkara gedhe babagan hak cipta. Saengga akeh wong jaba tlatah lair critane Saridin sing akhire bisa weruh crita Saridin.

Ucul saka panalitene Zuhrotus Salamah, sakjane isih akeh carangan critane Saridin. Tur salah siji carangan crita Saridin ana sing gathuk karo Sultan Agung. Lakon kuwi arane Sultan Agung Tani, dadi ing lakon kuwi Saridin dadi ipene Sultan Agung sing biyantu dakwah ngislamake wong Jawa.

Proses shooting film Saridin. Sumber: https://www.patinews.com/pemeran-film-saridin-kadisdik-hingga-bupati-pati/amp/

Gandheng Saridin duwe akeh versi lan sing digawe film klebu akeh, mula sing bakal dibandhingake karo film Sultan Agung yaiku sing Saridin Andum Waris. Diupload dening channel Hakazama taun 2017. Tekan saiki penontone wis nganti 1,1 juta. Kena ngapa kok sing Saridin Andum Waris? Amerga kuwi versi full ing Youtube, 2 jam punjul, lan cacah penonton uga komentare wis akeh dadi bisa dinggo bandhingan karo film Sultan Agung senadyan cacah penontone isih kalah akeh karo film Sultan Agung.

Sakliyane kuwi, Saridin Andum Waris mau film pisanan saka series film Saridin CMC. Engko bakal didelok kaya kepiye kira-kira riset sing dilakoni lan akurasi marang kabudayan Jawa ing wektu kuwi. Dadi ya mung ngira-ngira wae. Cetha sing digawe titikan yaiku wujuding aktor, sandhangan, papan, lan crita sajroning film. Antarane film rega ‘larang’ karo film sing regane ora sepira ‘larang’, ngendi kira-kira sing luwih katon niyat risete?

Ngira-Ngira Riset sing Kelakon

Miturut wawancarane Hanung Bramantyo kalawan media Beritagar.id, Hanung muni mung duwe wektu telung sasi kanggo riset. Dheweke lan tim milih riset pustaka nganggo bukune de Graaf Puncak Kekuasaan Mataram: Politik Ekspansi Sultan Agung, Babad Nitik Sultan Agung, lan Babad Tanah Jawi. Sakliyane iku, Hanung uga nganakake wawancara kalawan para kulawarga kraton Yogyakarta, abdi dalem, lan nelisik marang sejarawan saka UGM.

Rada medeni pancen. Riset film mung telung sasi. Mesthine wangsulane Hanung kuwi sewates ancer-ancer, cetha wektu sing dibutuhake luwih saka telung sasi. Kajaba nek jebul pancen wektu sing dinggo riset mung semono. Anggep wae apa sing diomong Hanung bab wektu riset mau sewates petungan kasar. Gandheng ra ana sing ngerti bab pira suwene anggone riset, mula sing diwedhar perkara sumber buku sing dinggo wae. Apa telung buku kuwi tenanan diriset? Saka filme ngendi sing luwih ketara, kasil riset apa imajinasi?

Sakjane bukune de Graaf Puncak Kekuasaan Mataram: Politik Ekspansi Sultan Agung, kuwi salah siji karya tulis sejarah sing apik tur pepak. Akeh bandhingan kalawan sumber cathetan kolonial. Senadyan ing tembe mburi tulisane de Graaf mau dijangkepi dening sejarawan generasi sakbanjure, tetep bukune bisa diarani cukup pepak.

Maca bukune de Graaf prasasat maca novel, tur saben kedadeyan mesthi ana cathetan sejarahe. Nek saka sumber Jawa, de Graaf nganggo Babad Tanah Jawi versi Meinsma lan Serat Kandha. Rong sumber kuwi diolah sinambi nglebokake sumber kolonial. Nek bab masa timur Sultan Agung, de Graaf mung nerangake menawa Sultan Agung, wektu kuwi isih nganggo nama Mas Rangsang, ngumbara ing akeh papan.

Bab mangsa timure Sultan Agung pancen durung ana rujukan sing trep. Sajroning Babad Nitik Sultan Agung lan Serat Kandha uga digambarake mengkono. Sultan Agung ngumbara saka kraton, jajah desa milan kori. Gandheng durung ana rujukan sing trep, de Graaf ora wani ngarang mangsa timur Sultan Agung.

Bolongan siji saka critane Sultan Agung iki banjur diolah Hanung Bramantyo nganggo cara imajinasi. Sajroning film, Mas Rangsang nyantrik ana ing salah siji padepokan. Ing padepokan kuwi Mas Rangsa ketaman tresna karo Lembayung. Sakjane nek ngerti mengkene, jane Hanung lan tim ora prelu ngreka crita Sultan Agung menyang padepokan, senadyan biyan ana kemungkinan pancen mara padepokan, nanging nek durung ana bukti sing pas mendhing ora usah digawe.

Tinimbang ngentekake wektu nggarap adegan ing padepokan sing ora cetha sumber sejarahe, mbok luwung langsung fokus menyang episode utama, yaiku perang antarane Mataram mungsuh VOC lan intrik-intrik sing ana ing njerone sinambi tetep punjering ing babagan perang antarane Mataram mungsuh VOC.

Hanung lan Tim sowan makam. Sumber: https://www.viva.co.id/amp/showbiz/film/978099-film-kolosal-hanung-libatkan-500-orang-berapa-bujetnya

Perkara imajinasi iki uga sempet ditulisake Leila S Chudori ing Tempo kanthi judhul Sultan Agung dan Formula Film Sejarah tanggal 01 September 2018. Miturut Leila S Chudori, ora salah film kuwi dhasar imajinasi, nanging tetep kudu disambung karo narasi sejarah supaya kasil filme tetep mlebu nalar.

Banjur, Hanung uga ngarani menawa wong Barat kuwi nggambarake Sultan Agung minangka Raja Jawa sing wengis. Gampang ngethok sirahe wong, lan sakpiturute. Mangkono ujare Hanung ing akeh media website. Nanging apa iya wong Barat mujudake Sultan Agung minangka Raja Wengis? Nek Hanung lan tim maca temenanan sumber pustaka sing dinggo, utamane buku karyane de Graaf, mesthine Hanung luwih mangerteni bab iki.

Miturut de Graaf ing njero bukune, pancen Sultan Agung ‘dianggep’ wengis dening wong kolonial. Contone nalika Sultan Agung mancung sirah salah siji pejabat Kraton Mataram sing kambon arep mbalela, njongkeng keprabon. Mula wong Barat ngarani Sultan Agung wengis, kamangka wengis sing dimaksud mau wujuding rasa teges marang sapa wae, klebu sanak pejabat Matatam dhewe.

Nanging ana sakcathetan, pancen wong Barat nate kecekel nalika leren ing pelabuhan Jepara. Wong Barat kuwi dicekel, banjur utusane Sultan Agung didhawuhi wong Barat mau kanggo milih; sunat apa mati. Malah ing njero bukune de Graaf, wong Kolonial sing meksa pengin duwe hubungan apik kalawan Mataram.

Niyatan kuwi dingerteni Sultan Agung, banjur ana utusan saka Kolonial sing dikongkon Sultan Agung mulang basa Jawa. Sakwise kuwi Sultan Agung gelem wae naleni hubungan karo Kolonial angger diwenehi meriem cacah papat. Lha ing tembe mburine, meriem kuwi dinggo Sultan Agung nglawan VOC. Nek Hanung ngarani sumber Barat nggambarake Sultan Agung minangka Raja Wengis, ya rada meleset.

Sumber Barat luwih akeh sing kandha menawa Sultan Agung mau Raja sing lungit tur pinter main politik.

Tur anggone Mataram nglurug Sultan Agung babar blas dudu jalaran dhawuhe Sunan Kalijaga kaya sing diandharake Hanung, nanging sewates perkara politik dagang. Nek dianggep serangane Mataram mau amerga dhawuh Sunan Kalijaga, kena ngapa kok repot-repot Sultan Agung ngakon wong Landa mulang dheweke basa manca Landa?

Adegan perang film Sultan Agung. Sumber: https://jakartakita.com/amp/2018/07/16/mooryati-soedibyo-cinema-hibahkan-bangunan-set-film-sejarah-sultan-agung/

Saka pirangane conto ing dhuwur kuwi wis bisa ketara menawa riset sing digarap Hanung kalah karo imajinasine Hanung dhewe. Sajake amerga film kuwi pesenan saka salah siji turun Mataram mulane film Sultan Agung sing digawe kebangeten anggone ngunggulake Sultan Agung. Tanpa dirasa, Sultan Agung dening Hanung diadohake saka sipate minangka manungsa lan para raja lumrahe.

Sawang film Saridin sing digarap komunitas ing Pati. Dudu komunitas gedhe. Ora gumun sinematografine ya biyasa wae. Sarana lan prasarana sing dinggo katon ‘klasik’, nanging sing sangar, ora digawe-gawe kaya film kerajaan saka Indosiar sing duwe adegan numpak naga utawa ula banjur gelut sinambi ngidak godhong.

Senadyan gebyare ora katon nanging film Saridin bisa nggugah teknik naratif sing apik. Konflik sing dibangun lan sebab-akibat sing disambung tetep masuk akal. Setting sing digawe realis banget, kaya adegan Saridin dikunjara dening antek Landa. Pancen dalan critane apik, senadyan mengkono tetep sinematografi prelu diolah meneh. Kaya adegan mlayu ing sawah utawa nalika Saridin sing dipancung nanging ora mempan.

Gandheng komunitas sing nggarap film Saridin cedhak kalawan crita Saridin, dalan crita lan validasi sing dibangun ora patia wigati. Kajaba nalika Dewi Samaran, biyunge Saridin, diwujudake minangka jim ing Laut Kidul utawa cekake dianggep Kanjeng Ratu Kidul. Kabeh versi crita Saridin mlebu sajroning film Saridin, mung adegan ketemu Dewi Samaran kuwi sing rada ngganjel.

Miturut panalitene Zuhrotus Salamah (2017) ana patang versi bab asal usul Saridin. Saben versi nglebokake tokoh Dewi Samaran. Gandheng versi sing akeh kuwi prelu diolah, sajak tim garap film Saridin ngewenehi alternatif pamaknaan liya, yaiku Dewi Samaran minangka titah ghaib ing Laut Kidul Jawa.

Paraga Saridin. Sumber: https://www.patinews.com/pemeran-film-saridin-kadisdik-hingga-bupati-pati/amp/

Nek saka riset, film Saridin bejane ngajaki para seniman kethoprak Pati sing pancen wis mangerteni crita-crita bab Saridin. Bisa aweh pertimbangan versi ndi sing luwih pas kanggo adegan tatemtu. Kanthi cara mengkene, bisa diarani crita film Saridin luwih sugih tinimbang film Sultan Agung saka Hanung. Nanging nek ban sinematografi, wujude Landa, lan kostum, film Sultan Agung luwih unggul.

Kanthi beaysa sakmadyane, film Saridin kabukti sanggup nyusun wujuding crita sing cedhak marang batin wong Jawa. Apa meneh basa sing dinggo pancen basa Jawa. Ing video Youtube, film Saridin ora utawa durung ditambahi subtitle. Jal umpama film Sultan Agung garapan Hanung dialoge nganggo basa Jawa kabeh banjur diwenehi subtitle, mesthi sangar dadine.

Karakter paraga sing kasusun sajroning film Saridin diselarasake marang crita-crita sing sumebyar. Tiliki wae paraga Saridin, senadyan dudu aktor sing kondhang padha kaya Ario Bayu, nanging bisa mujudake sipat-sipat ketokohan Saridin sing manjing ing crita lesan brayat Pantura. Wiwit saka gesture, dialog, nganti teknik keaktoran kerasa pas masiya ana perangan adegan tatemtu sing diluwih-luwihake ngelingi dhasar aktore mau saka kethoprak.

Wujud karakter Saridin minangka manungsa lugu, sing wani mbuktekake kanthi ilmiah nyata orane anane Gusti Allah sarana anjlog saka wit kelapa. Gayeng nanging panemu kawruh agamane ringkes, ya kuwi Saridin. Sandhangan sing dinggo sakmadyane lan ora digawe gebyar, disokong meneh karo make up sing polos alusan.

Anggone ngolah film Saridin cetha bisa luwes tinimbang film Sultan Agung, ngelingi nek film Sultan Agung kudu pener nglarasake kostum apa sajroning film mungguhing paugeran lan awisan kraton Yogyakarta utawa Surakarta. Mula suk mben Hanung Bramantyo mendhing ngangkat film tokoh lokal wae aja sing saka kraton, ruwet.

Film Saridin nek diarani apik banget ya ora, nanging sing paling penting yaiku critane cetha tur mlebu nalar. Para paragane bisa mindhah media anggone adegan saka kethoprak menyang film. Apa meneh disokong karo panaliten ing jurnal. Gedhe cilik budget dudu jaminan riset kanggo film sejarah bisa pener utawa ora.

Budget riset duwekke tim Sultan Agung mesthine bisa ngasilake film bab pribadhi Sultan Agung sing luwih sangar. Ora malah kuwalitas riset sing dilakoni kalah mungguhe film Saridin. Ing ngarep, bab iki kudu ditenani dening para seniman film Indonesia sing arep nggarap film sejarah.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)