Nglangkahi Oyod Mimang
Ing sajroning guneman
Mijilnya murwani lelangen asmara
Aku isih eling marang apa kang dadi sedyaku
Ananging..
Apa ora entuk yen aku sing wis ngancik diwasa iki
Ora entuk nandhang katresnan
Apa tresnaku iki bakal takkipatake maneh
Yen aku kerep ngipatake tresna
Uripku besuke bakal kepriye
Apa iya aku urip ijen ning donya iki
Urip ya ijen
Apa meneh mati
Ya tetep wae ijen ning njero kuburan
Adhuh biyung…
Nyarung jagung
Abot kaya mikul langit

Mandira Sungsang
Yektine..
Aku kepengin oncat
Seka wewayanganmu
Nadyan abot
Aku kudu mati aneng lelakon iki
Ananging..
Yen urip dudu lelakon kang padha
Pindhane mandira
Aku mung dadi
Pangayoman sajroning kekarepanmu
Nanging sungsang ing kasunyatan uripku
Sayektine..
Aku wus netepi apa kang dadi sedyaku
Sajroning campuh prang
Datan duwe karep unggul ning palagan
Aku mung kepengin bisa
Mardikeng dhiri
Mardikeng saka wewayangan kamuktenmu

- Rong Gurit Sri Indah Lestari - October 28, 2020
- Mupus Wuri - September 27, 2020