Rum Luhuring Kabudayan ing Tangane Bocah-Bocah
Rum Luhuring Kabudayan ing Tangane Bocah-Bocah

Rum Luhuring Kabudayan ing Tangane Bocah-Bocah4 min read

Saya suwe lakune jaman, teknologi lan masalah sing tuwuh uga saya ngrembaka. Manut ujare Nasida Ria ana ing sawijine tembange, “tahun 2000, tahun harapan yang penuh tantangan dan mencemaskan. Wahai pemuda dan para remaja, ayo siapkan dirimu. Siap ilmu, siap iman”. Saiki, awake dhewe ana ing taun 2020 ateges wis mlebu sajrone 20 taun kawitan saka abad kaping selikur.

Pemudha ing tahun 2000-nan, ing jaman saiki mesthi wis dadi wong tuwa. Maneka warna masalah sing ana, wis mesthine beda klawan taun-taun kepara abad-abad kepungkur. Anane masalah iki samesthine kudu dilakoni kanthi dhasar nut jaman kalakone. 

Majune jaman mawa teknologi, njalari owah gingsire kabudayan saya gampang obah. Ing jaman saiki, apa iya kumudu ngeli ana satengahe iline jaman sing durung pinesthi ala becike? Mokal lamun nyabrang segara nratas miline ombak sing gedhe.

Ana kalane wong-wong kudu mlaku alon-alon bebasan “nut iline banyu, angeli tanpa keli”, kudu anut lakune mangsa ing babagan trend. Kabeh wong ora bisa mbendung lakune teknologi sing cepet olehe ngrembaka.

Kabeh iku mawa kasunyatan, ora lidok ujare wong gaplok. Ngenani babagan teknologi lan owah gingsire kabudayan, jaman samengko kaya anggegem mawa abang. Lamun digegem kenceng dadi panas, yen diuculake mati kanginan. 

Jaman saiki, teknologi wis maju nganggo banget. Prasasat donya sing jembar mung dadi saambane hape utawa laptop. Saabreg informasi lan maneka warna pawarta kang ngebaki jagad bisa disawang.

Sumber: Pinterest

Nadyan pitukone generasi enom kudu lila kelangan sethithik jatine kabudayan saking derese miline kabudayan mau. Angel tumrape wong tuwa kanggo mituturi wong enom sing wis kecanduan teknologi lan ninggal jejering pranatan. 

Ing tanggal 23 Juli kapungkur, dipengeti minangka Hari Anak Nasional ing tahun 2020. Kaya adate pengetan apa wae, bakune kudu bisa methik sarine kanggo apa lan piye anggone nyawang kahanan utawa bab sing dipengeti minangka kaca benggala, sarana mawas dhiri.

Sinau saka kadadeyan sing wis dumadi, jan-jane awake dhewe uwis kecolongan akeh ing babagan nggulawenthah jatining kabudayan nuswantara, ora ngamungake kabudayan Jawa wae. Saka sekabehane kabudayan, sing cetha anane perubahan yaiku kabudayan Jawa.

Kabeh iku bisa dititi priksa, tuladhane ana ing tembang dolanan. Bocah cilik-cilik jaman saiki langka sing ngerti lan bisa nembangake tetembangan kuna kayata Nyata Kowe Wasis, Gundhul-gundhul Pacul, Buta-buta Galak, Jaranan, Bang-bang Wus Rahina, lan sapanunggalane. Umpamaa ana, ora sepiroa.

Aja maneh ana ing kutha-kutha gedhe, saperangan ing desa-desa sing jarene minangka ruh tradhisi kabudayan Jawa wae wiwit luntur. 

Neng babagan panganan, ndak ya awake dhewe iki tau mulang njlentrehake babagan jajan pasar? Iki lho cenil, gethuk, klepon, ondhe-ondhe, jenang, lan sapanungalane?

Aja maneh njedhekake, kalamangsane bedakake antarane arem-arem lan lemper wae isih bingung. Apa maneh babagan palawija, ana pala gumantung, pala kesimpar, tela pohung, tales, gembili, gadhung. 

Ing babagan dolanan, jaman biyen bocah cilik-cilik padha seneng dolanan dhakon, gobag sodor, suwengan, jithungan utawa jlumpetan, bedhekan cangkriman, lan liya-liyane. Apa maneh nalika padhang bulan ing latar, bocah-bocah padha dolanan bebarengan sinambi geguyonan.

Mula, banjur ana lagon padhang bulan. Nut lakune jaman, bocah cilik-cilik tanpa pamawase sing tuwa utawa luwih diwasa banjur dicekeli hape. Kabeh dolanan online cumawis, nanging durung mesthi gathuk karo umur lan guna paedahe.

Sumber: Dribble

Saiki, donya lagi digawe viral klawan aplikasi “beksan” tik-tok. Bocah cilik-cilik sing durung mangerti kayangapa efek sing tuwuh saka kejeme media sosial, melu kasempyok pengaruhe. Apa iya beksan anyaran iku bakal gumantekake Tari Bondhan, Tari Keprajuritan, Jaranan, lan sapanunggalane? Sumangga kersa panjenengan. Awit sayektine rum luhure kabudayan iku ana tangane bocah-bocah. 

Jan-jane para winasis ing babagan kabudayan ora sumelang anane perkembangan teknologi. Sebab kabeh iku pancen wis ginaris kudu dumadi. Awit biyen, Nuswantara iki wis katekanan budaya akeh awit jaman batu tumeka saiki iki. Kabeh iku ora dadi ngapa, waton ora ngilangake jati dhirine bangsa.

Underane perkara yaiku kepriye carane eksistensi kabudayan asli iku tetep ngrembaka ana ing Nuswantara. Umpama jatine kabudayan ilang, wong Jawa ilang jawane, padha wae ngilangake ciri khas sing wis kaloka ing mancanegara.

Umpama kabudayan ilang, tata krama lan subasita uga wiwit musna. Yen wis ngene, sapa sing kapitunan? 

Nur Rokhim
Latest posts by Nur Rokhim (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *