Rumangsa
Kalaning ing kala cidra
Cidrane kuwi mung mukti
Mukti ginawe ing ngalam donya
Donyane wong-wong kang culika
Kalaning ing kala singgah
Singgahane mung hawa nepsu
Nepsu kang ngambra-ambra
Ambrane wong-wong kang lali
Kalaning ing kala mukti
Muktine wus bakal ilang
Ilang ing padhang jingglang
Njingglangi wong-wong kang suci
Samudana
Ruketing ati iki ginawa ngimpi
Samar kasamar kembang-kembang bungah
Sejatine wus katon samudanane
Tutup tinutup manise esem kecut
Klawan janji-janji kang wus kababar
Kabare wus ilang, musna, muspra
Wus dadi angin semu, samudanane
Neng kene mung gari rasa sepi
Digawa bungah kembang ngimpi
Impen-impen kang lumaku rikat
Ruket, samudanane

Wewayangan
Atising hawa sing ngumbar crita
Babagan kahanan ngayawara
Swara-swara angin kang tumeka
Nambahi kapang kang suwe ilang
Kae layung wis ngumandhang
Kadhang-kadhang teka wewayangan
Sanajan isih kelingan, kudune lali
Kasaput angin ing wayah wengi
Kelakone?
Sun gurit ing wayah wengi
Swasana sangsaya sepi
Kasaput hawa njekut ngemuli
Pitakon butuh wangsulan
Wangsulan ora kudu caturan
Endahe bebrayan
Jarene mukti kekancan
Bareng nggayuh gegayuhan
Apa aku wis lali
Yen lali elingna
Suwe-suwe sangsaya ndadra
Mungkin rada ngayawara
Wengi kok kaya ngene
Dipikir mumet endhase
Impene wis ngawe-awe
Ra kelakon sajake