Jaman saiki, nadyan ta ora kabeh, para mudha-mudhi ing Indonesia rata-rata wis padha bisa ngenyam pendidikan nganti teka ing Perguruan Tinggi. Yen anggone padha ngangsu kawruh bisa tekan rampung, banjur diwenangake nyandhang gelar Sarjana lan sapanunggalane. Anggone padha ngangsu kawruh maneka warna jurusane, gumantung jurusan apa kang dikarepake.

Ana kang ngudi kawruh ing jurusan Bahasa, Ekonomi, Mesin, Seni, Sosial, Teknik, Tata Boga, lan sapiturute. Kabeh padha nggegulang ilmu ing bidhange dhewe-dhewe, kareben nduweni sangu kanggo nglakoni urip ing tembe wurine.

Ya ora mokal yen para mudha-mudhi sak iki kapinterane luwih pinunjul, nuwun sewu, katimbang karo kang ngangsu kawruh mung teka ing Sekolah Lanjut Tingkat Atas lan sapanunggalane. Amarga anggone ngangsu kawruh ing bangku pendidikan ya luwih rada sawetara suwe. Cundhuk yen ngelmu, wawasan, lan pola pikire kuwi luwih jembar. Tuladhane, wong kang ngenyam pendidikan teka ing Perguruan Tinggi mono biasane yen ngudhari reribet ora grusa-grusu, dipenggalih kanthi temen nganti bisa ketemu, endi ta kang dadi dhodhok selehe prekara.

Nanging kok isih ana emane. Mulane ana tetembungan, “Manungsa ora ana kang sampurna”. Nadyan para mudha-mudhi sak iki wis padha jembar ilmu lan wawasane, nanging saperangan isih akeh kang padha lali marang budaya ketimurane. Ing bumi Nusantara, tata krama kuwi luwih aji katimbang kapinteran.

Sumber gambar: Pinterest

Tata krama kang dikarepake ora mung bab solah-bawa, andhap-asor, muna-muni, tandang-tanduk, nanging uga bab rasa-pangrasa. Yen mung tata krama bab wong enom ngurmati marang kang luwih tuwa kuwi kalebu lumrah. Upama ana piyayi sepuh lagi thenguk, banjur awake dhewe liwat ana ngarepe, solah ndhungkluk sinambi ngucap, “Nyuwun sewu, ndherek langkung nggih, Mbah.”, ngono kuwi tak kira isih kerep padha nindakake tur ora lali.

Nanging tata krama kang kudu dijumbuhake karo jaman milenial iki, yaiku bab rasa-pangrasa. Dak kira isih akeh kang durung padha menggalihake. Ing jaman sosial media iki, nadyan ta ora kabeh, saperangan akeh wong kang posting ana ing media sosial bab panganan, busana, utawa wektu lagi plesir. Tuladhane, saben lagi jajan ana rumah makan, ora lali panganane difoto banjur diposting ana sosial media karo ditulisi kang unine warna-warna.

Ya kabeh mono pancen kareman lan wenange dhewe-dhewe. Nuwun sewu, rumangsaku kuwi kok kalebu ngatonake rasa pamer marang liyan. Coba ta rasakna, ing donya iki ora kabeh wong padha kacukupan ing samubarange. Nuwun sewu, isih akeh sanak sadulure awake dhewe kang saben mangan sedina ora kaping telu, tur ora mesthi enak. Yen pawongan kuwi ngepasi nonton status media sosiale kang diposting awake dhewe mau, rak ya malah kelara-lara ta rasane.

Ana tetembungan, “Musik iku karam”. Yen dionceki temenan, tembung mau ngemu suraos kang diarani karam iku swarane thinthingane sendhok-porok lan piring kang ora sengaja dirungokake marang wong kang lagi kaluwen. Padha wae nalika posting bab pangan, yen ditonton karo wong kang lagi kaluwen apa ora malah kelara-lara rasane.

Nanging beda marang wong kang usaha kaitane karo pangan lan busana kang liwate online. Dheweke pancen kudu nawakake dagangane kanthi cara diposting supayane bisa payu. Dak kira, tuladha mau ora mung mligi bab posting ana sosial media, thok. Nanging isih akeh tuladha kang kudu dipenggalih maneh, dirasakake maneh, luwih-luwih ing jaman modern iki. Jaman milenial iki. Serba media sosial iki.

Ayo ta pra-kanca, padha menggalih bab tata krama lan nguripake bab rasa-pangrasa ing jaman milenial iki. Yen bab ilmu, mesthi kabeh wis padha jembar ngilmu uga wawasane. Nanging, ya aja lali marang budaya ketimurane. Bab budi lan pakarti. Bab tata krama. Bab njaga rasa. Ing bumi Nusantara iki, tata krama kuwi luwih aji tinimbang kapinteran. Mulane ayo padha pinter-pinter anggone olah jiwa, olah raga, uga olah rasa. Amarga sandhuwuring ilmu ana adab. Sandhuwuring ilmu ana solah alusing budi.

Kevin Meinandoval
Latest posts by Kevin Meinandoval (see all)
Last modified: December 29, 2020

Comments

Write a Reply or Comment

Your email address will not be published.