Sapa wae bisa kena
Alam donya iki lagi bubrah
Wus ilang tatanane
Redi padha rontok
Lemah padha bobrok
Ora ana sing bisa diawe-awe
Senajan sanak kadang dhewe
Wong-wong wus ora bisa nyawang arah
Ditambah tekaning wabah
Mung bisane ngedu amarah
Sapa sing bisa taat ora bakal cacat
Nanging sapa sing kudu ditaati?
Dene panggedhe wus ingkar dhewe
Wong cilik diplorod, wong gedhe disorot
Ora ana panggon ndhelik
Sapa wae bisa kena
Pageblug tanpa aba-aba
Luwih nggegirisi, tanpa pilih kasih

Sing sugih ya pancet selamet
Sing mlarat ya bisane mung sambat
Sing lena bakal kena
Ngrasakake pageblug sengsara