Semar Mubal

urip iku entut
gak urusan jawa utawa tionghoa
muslim utawa buddha
kabeh iku padha
neng ngendia ae tetep entut
terus geneya padha ribut?
– Heru Harjo Hutomo, Jogja, 2017
Punkchoir Kabhinekan

kalamun nandhing sarira
tinemu beda malah nyulayani
benere dhewe ginunggung
tinampik liyaning lyan
beda kalian tepa sarira puniku
ika kang den upayaa
tinemu samining sami
-Heru Harjo Hutomo, Ponorogo, 2017
Raos Sami

sarirasa iku wus
dadya mupakating panemu
sakehing kabhinekan sampun katali
rinengga eloking kluwung
lestantun manggon kelakon
-Heru Harjo Hutomo, Ponorogo, 2017
Kaca(wirang)i

sarpa iku
aweh pasemoning laku
begalaning marga
sang hyang pramana margi
panon hyang manon memanoning pyambaknya
-Heru Harjo Hutomo, Jogja, 2017
Haqq(iqi)

semar iku
pamomong satriya tuhu
ing njero lan njaban
tansah gumolong nyawiji
kehing lamis lawan cidra swuh kabrastha
-Heru Harjo Hutomo, Jogja, 2017
Pagelaran

tan ingsun maparangah kahananmu
sakaliring dudu jati
amung daden kang ngreridhu
nanging tumraping margi
linampahan kanthi tanggon
-Heru Harjo Hutomo, Ponorogo, 2018
- Kandha Manyura - August 23, 2020
- Petruk NgeJawa - July 11, 2020
- Semar Mubal; Arakan Gurit Heru Harjo - June 11, 2020
Menarik, penasaran, aku ingin tahu lebih banyak karyamu Bung. Salam kenal.