Sempal
Sempal

Sempal5 min read

Nalika weruh rambut sasuwel sing ndlesep ing jongkat sing gumlethak ing meja kamar, Galang mbesengut. Rambut sasuwel mau mesthi wae rambute Arimbi, bojoku. Wis pirang-pirang dina iki, dheweke pancen sambat yen rambute mbrodholi. Saben jongkatan, mesthi wae gogrog ing jogan utawa kamar. Anakku, Galang, nganti sambat amarga saben dolanan mesthi kepethuk rambute ibune.

Isih esuk nalika aku metu saka omah. Karepku kepengin weruh kahanan dalan lan wit-witan sawise udan deres sewengi nutug. Padatane, sabubare udan deres ngene iki, wit-witan ing sacedhake omahku padha mentiyung lan kalenane mbludag. Setaun kapungkur, aku malah nganti ngeruki kalenan amarga bangket ing kiwa tengene ambrol.

Banyu katon deres kaya grojogan, ananging aku ora nemoni wit sing sempal utawa doyong. Mesthi wae amarga setaun iki, Pak RT asring gawe acara kerja bakti. Mula kalenan bisa mili kanthi lancar. Dalanan uga padhang amarga akeh wit-witan sing ditegor kereben ora marakake dalane lunyu kayoman wit dhuwur.

Nalika arep mlebu, aku weruh Arimbi wis lungguh ing kursi ngemper. Dheweke dhingkluk kanthi pasuryan sing ora bisa dakjlentrehake. Blanjan sakplastik isih sumeleh ing sisihe. Aku weruh pete rong lenjer ing jero plastik. Dheweke mesthi wae arep adang lodheh terong dicampur pete klangenanku.

Nalika aku nyedhak, dheweke gage-gage mlebu. Aku isih weruh tangane sing kemlawe kaya bar ngusapi eluh ing mripate. Gek ana apa ya? Batinku. Jangkahku sansaya cepet lan pikiranku malah dadi bruwet. Aja-aja olehku menehi dhuwit kanggo blanja mau isih kurang utawa ana perkara liyane sing luwih wigati saka kuwi.

Aku mlebu pawon, banjur lungguh ing kursi sacedhake kompor. Pancen ana eluh ndlewer ing pipine Arimbi nalika aku, kanthi sengaja, ngematake anggone ngudhak wajan.

“Ana apa, ta, Dhik?” Pitakonku.

Tanganku njupuk pete rong lenjer ing dhuwur meja, banjur dakoceki nganggo lading. Arimbi isih meneng wae. Dheweke malah mateni kompor. Dak kira arep nglungani aku amarga ora kepengin crita. Ananging, dheweke lungguh ing kursi sisihku.

“Ana apa jane?”

Arimbi ngunjal ambegan. Katon kaya ana perkara sing abot sing dirasakake.           “Ora apa-apa, Mas,”

“Ora apa-apa kok nangis ngono?”

Anggonku ngonceki pete wis oleh separo lenjer. Arimbi uga melu njupuk pete sing isih sak lenjer kuwi mau banjur melu ngonceki.

“Dhasare aku sing bodho. Babagan rambut brodhol wae dadak crita karo Bu Sar.”

“Lha mbokmenawa ana sing durung nate ngalami, kan bisa dadi tutorial.” wangsulanku kanthi entheng. Aku ngguyu. Sanajan diempet, Arimbi uga melu mesem. Nanging eseme kecut.

“Aku iki tenanan lho, Mas,”

“Lha mbok kira aku guyonan apa piye?”

Arimbi mentheleng. Mbuh ngapa, saben dipenthelengi dheweke kaya ngono mau, aku malah seneng. Dheweke sansaya katon ayu.

“Lha jane crita kepiye ta kok nganti nangis ki?”

Arimbi ngunjal ambegan maneh. Dheweke dhingkluk. Ora gage crita ananging malah ngaturake ngapura marang aku. Dheweke rumangsa kuciwa ora bisa menehi aku anak saka rahime dhewe. Yen ora dakpedhot, mesthi wae bakal teka ngendi-ngendi. Aku ora tegel saben weruh dheweke nangis yen ngomongake babagan anak. Sakliyane kuwi, saiki wis ana Galang. Dheweke wis njalma srengenge sing madhangi kahanan pedhut nalika aku lan Arimbi ngadhepi kasunyatan ora diparingi momongan.

Dakrungokake Arimbi crita. Nalika esuk mau, dheweke pancen teka ing warunge Bu RT sadurunge ibu-ibu liyane. Bu RT wae durung mulih saka pasar nalika Arimbi teka. Dheweke arep mulih ya nanggung. Aja-aja durung teka omah, Bu RT malah teka. Nalika ngenteni Bu RT kuwi mau, Bu Sar, tanggaku sing omahe ora nganti satus meter saka omahku iki, teka. Kaya padatan, apa ta sakliyane ngrumpi yen ibu-ibu lagi ngumpul.

“Janjane aku kepingin mulih, Mas, ananging ora kepenak. Wediku yen diarani nglungani Bu Sar.” Ukarane Arimbi.

Saiki, raine wis katon padhang. Sajake, bolah sing njindhet atine wis udhar.

“Ya pas crita bab rambut kuwi mau, Bu Sar ngomong yen padatane rambut brodhol kuwi nalika rewang bayi,”

“Mung kaya ngono kok nganti kowe nangis?” Saiki mendhung sing maune wis ilang, bali maneh ing raine Arimbi.

“Ya, aku ngerti apa karepmu, Dhik. Apa sing mbok rasakake kuwi, aku uga nate ngrasakake. Awake dhewe wis apal,” ngono pengayem-ayemku marang Arimbi.

Pancen, sepuluh taun kuwi dudu wektu sing suwe kanggo ngenteni momongan. Anggonku usaha mrana-mrene wis nganthi mobat-mabit kaya thinthir katerak angin. Ananging piye maneh, pancen garise urip ya ngono kuwi mau. Sanajan abot, aku bisa nampa kanthi legawa, nanging dudu perkara gampang nalika kaluwargaku dhewe durung trima.

Atiku lan Arimbi kaya-kaya sempal nalika kaluwargaku nduwe pepenginan supaya aku lan Arimbi pisahan. Sewengi natas aku ora bisa turu. Kanthi eluh sing ndlewer, ora mandheg anggonku nyawang Arimbi sing lagi turu ing sisihku. Aku ora nyana yen kaluwargaku tega kepengin aku pisah, kamangka olehku ndedonga lan ngupaya ora leren.

Dakrewangi pindhah supaya atiku lan Arimbi bisa lerem. Ora kok aku arep maneni wong tuwa, ananging aku ora kepengin nyidrani janji sing wis dakugemi nalika aku lan Arimbi miwiti bebrayan agung. Aku ora kepingin gawe kuciwa dheweke. Aku puguh, menawa kabeh peparingane Gusti kuwi mesthi wae pancen sing apik dhewe.

“Aja dipikir bab kaya ngono kuwi, Dhik. Saiki wis ana Galang. Wis ana panglipur kanggo aku lan kowe.”

Arimbi dhingkluk, ngusapi luh nganggo tangan loro. Galang liwat nalika arep mlebu padusan. Bocah lanang kuwi mau pancen olehku ngadhopsi saka panti asuhan. Dheweke lincah, polahe akeh, lan kadhang kala nakal amarga asring ngganggu ibune yen lagi mangsak ing pawon.

Keprungu swara lawang didhodhog. Aku mlaku menyang jogan ngarep. Ana Bapak lan Ibu ngadeg ing ngarep lawang.

“Galang endi, Gus?” Pitakone Bapak, “Bapak nggawa duku klangenane,”

Durung wae mlebu, Bapak wis nakonake putune. Sawise ngiringake Bapak lan Ibu ing sofa, aku bali menyang pawon.

“Aja nangis wae, ta, Dhik. Kae Bapak lan Ibu mrene. Gek ndang dijangan teronge. Aku ya selak ngelih.” 

“Gek sing nangis ki ya, sapa?”

“Lha sing lambene kewer-kewer mau sapa, ya?”

Arimbi mbesengut. Duh, kok sansaya ayu bojoku iki yen lagi mrengut kaya ngono. Aku mesam-mesem dhewe dene Arimbi lan Galang wis tumuju jogan ngarep nemoni Bapak lan Ibu. Aku ngadeg sacedhake lawang pawon. Nyawang kanthi ati trenyuh marang pawongan papat sing saiki lagi kumpul ing jogan. Bapak lan Ibu seleh lan nrima nalika mbiyen dakaturi arep ngadhopsi Galang. Sanajan kakang-kakangku akeh sing puguh kepingin aku pisahan, nanging jembar lan padhange ati wong tuwa, pranyata tetep njelma lintang sing gawe kahanan uripku suminar.

Latif Nur Janah
Latest posts by Latif Nur Janah (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *