Adhuh biyung ,
kok tresnaku wurung
Atiku iyung,
Dina-dina rasane wuyung
Ngalor-ngidul klinthang-klinthung,
kaya wong linglung
Adhuh biyung
Aku bingung
Aku njaluk tulung….
“Dakpungkasi sing kaya gurit iki merga wis bingung kudu nggungung tembung, dakbacutake anggonku nyuwung njemplung sinambi tongkrong nyawang wuwung, ra krasa ana swara ‘mak plung…’.”

Latest posts by Viqri Khaikal (see all)
- Suwung nJemplung - October 7, 2020