Jefrianto mengulas detail pengabdian Ranggawarsita sebagai pujangga Jawa kepada masyarakat. bahwa kepengarangan bukan hal yang dapat ditekuni oleh kalangan bangsawan saja.

24 Desember bisa nuwuhake multi-tapsir tumrap saben wong. Ananging tumrap sutresna sastra Jawa kang sejati, tanggal iku kalebu tanggal kang keramat. Ing tanggal iku, nalika taun 1873, sastra Jawa kelangan putrane pinunjul, wasis, lan waskitha. Nora liya, tanpa ngurangi rasa urmat, priyayi agung kasebut yaiku Raden Ngabehi (R. Ng.) Ranggawarsita.

Sejatine, Panjenengane dudu siji-sijine kang darbe parab Ranggawarsita. Sabab saka cathetaning Andjar Any ing buku Ronggowarsito Apa yang Terjadi (1990) disebutake menawa R. Ng. Ranggawarsita kang awake dhewe kabeh tepungi kuwi ranggawarsita kang kaping telu.

Ranggawarsita I yaiku eyange Bagus Burham (asma timure R. Ng. Ranggawarsita III), yaiku Kyai Yasadipura II. Wondene, parab R.Ng. Ranggawarsita II dhinapuk dening keng rama yaiku Raden Mas Pajang Swara.

Sujarah kang kacarita wus kebanjur anggone nepungake menawa R. Ng. Ranggawarsita kuwi iya mung Raden Bagus Burham. Anggep wae awake dhewe wus sarujuk babagan mangkono. Kang dadi underaning rerembugan nganti saiki yaiku parab pujangga pungkasan kang kasematake tumrap Panjenengane.

Panjenengane mujudake punjangga pungkasan sabab sawise sumare, wis ora ana maneh pujangga ing lingkungan kraton Jawa. Ananging, apa pancen aran kasebut darbe teges kang mung kaya mangkono? Apa ora ana tapsir liya tumrap aran kasebut?

Andjar Any ngandharake menawa tembung pujangga asale saka tembung bujangga. Dene, tembung bujangga manut Kamus Sansekerta weton 1954 darbe teges abdi setyane keng nata.

Pujangga sadurunge Ranggawarsita ya wis trep karo teges mangkana. Kang jeneng pujangga iku abdi setyane keng nata, utamane ing babagan sastra. Tuladha kanggo iki bisa kanthi nyebut asmane Kyai Yasadipura I, Kyai Yasadipura II, lan Pangeran Karanggayam. Tugas utama sawijining pujangga yaiku anyalin tetembungane keng nata minangka karya sastra. Saliyane iku, pujangga uga antuk wenang anggawe karya sastra pribadi,

Sanadyan bisa nggawe karya pribadi, ananging tugase tetep bae ing sakupengan kraton. Pujangga wus idhentik karo raja lan kraton. Owah gingsire jagat kapujanggan nembe kedadeyan nalika Bagus Burham madeg dadi pujangga kraton Surakarta angganteni keng rama kang antuk paukuman saka Walanda.

R. Ng. Ranggawarsita anyoba uwal saka pakem sawijining pujangga. Ing 21 Maret 1855, Ranggawarsita binarung C.F. Winter anerbitake kalawarti abasa Jawa kaping paling mula ing Jawa kanthi aran Bramartani. Laire Bramaratani animbulake sawijining lindhu ing jagat sastra kala semana. Sastra Jawa miwiti tepung karo donyane masarakate. Sastra Jawa uga miwiti tepung karo lapuran-lapuran jurnalistik. 

Sepuluh taun madege Bramartani, kalawarti kasebut antuk prentah saka Pemerintahan Kolonial supaya diganti jenenge dadi Juru Martani. Owah-owahan iku kaibaratake mampir ngombe. Sabab, limang taun sabanjure, Juru Martani salin-nama maneh dadi Bramartani

Nalika makarya ing Bramartani, R. Ng. Ranggawarsita sregep asung kiritik tumrap pemerintah kolonial jaman semana. Awit sikepe iku, sidane sang pujangga antuk tekanan saka pemerintah kolonial. Tekanan mangkana andadekake Panjenengane mundur saka kalawarti Bramartani.

Mundur saka Bramartani, nora andadekake R. Ng. Ranggawarsita lerem anggone anganam karya sastra. Panjenengane tetep prodhuktip anglairake karya-karya sastra kang manjila. Ing antara karya-karyane kasebut, Ranggawarsita yasa karya kang awujud prosa kaya dene: Sujarah Parisawuli, Kitab Pustaka Raja Purwa, lan Serat Paramayoga. 

Panjenengane uga nate yasa bausastra Kawi binarung C.F. Winter ing taun 1879. Bausastra kasebut winastanan Kawi-Javansche, lan migunakake aksara Jawa. Bausasastra kasebut tansaya mratandhani menawa R. Ng. anggawarsita yekti sang pujangga pungkasan. Pujangga kang nora amung sungabekti sajerone lingkungan kraton.

R. Ng. Ranggawarsita wus uwal saka tradhisi kapujanggan kang biyasane amung kerja ing sisine raja. Panjenengane gelem cancut taliwanda ing madyaning masarakat kaya dene gawe kalawarti, bausastra, lan karya-karya kang nora mung sumebar ing lingkungan kraton.

Mula nora mokal, ing taun 1953, nalika angresmekake Patung R. Ng. Ranggawarsita, Presiden Soekarno nalika paring parab mring R. Ng. Ranggawarsita minangka pujangga rakyat. Manut Sang Proklamator, R. Ng. Ranggawarsita cedhak karo rakyat. Mangreti lan darbe rasa tepa salira kang dhuwur mring kahanan sakiwa tengene. 

Patung Ranggawarsita ing Radya Pustaka. Sumber: Dokumentasi Jawasastra

Apa kang diaturake dening Presiden Soekarno pancen nyata anane menawa tinilik saka karya sang pujangga kang paling kasusra, yaiku Serat Kalatidha. Ing karya kasebut, R. Ng. Ranggawarsita anggambarake kahanan sosial kala kang manut panemune, lan cetha manut cara Jawa, karanan jaman edan. Masarakat Jawa jaman semana manut Panjenengane wus adoh saka sikep tepa salira, guyub rukun, lan sapiturute.

Masarakat ing jaman semana kaya dene kasirep ing gumebyaring jaman. Ora ngedan ora keduman.

Serat Kalatidha sasuwene iki kerep amung dimangreteni minangka karya kang kaya dene jangka. Kamangka, menawa kanthi animbang kiprah-kiprahe R. Ng. Ranggawarsita, Serat Kalatidha bisa diarani minangka karya sastra kang kebak kritik sosial mring kahanan sakiwa tengene. Andjar Any uga suka panemu kang njurung kanyatan mangkana.

Manut Andjar Any, R.Ng. Ranggawarsita anggone ngritik pancen cara alus. Ananging, sapa wonge kang premati temtu paham menawa karya sastrane sang pujangga, saliyane endah lan nengsemake, darbe kritik sosial kang patitis.

Menawa nganggo tilikan jaman saiki, R. Ng. Ranggawarsita bisa diarani sastrawan kang suka wigati mring kahanan sosial lumantar karya-karyane. R. Ng. Ranggawarsita nora beda karo W.S. Rendra, Pramoedya Ananta Toer, Wiji Thukul, minangka sastrawan “pemberontak” tumrap kahanan jaman kang morat-marit anane. Utawa ing basane sang pujangga pungkasan karanan jaman edan.

Mula, wis samesthine parab pujangga pungkasan kuwi dadi punjering sejatining rasa mongkog. Sabab, karya sastra kang mau-maune kang mung ana ing widyatmaka kraton, dening R. Ng. Ranggawarsita ditepungake mring masarakat.

R. Ng. Ranggawarsita bisa diarani duta sastra Jawa ing kala semana. Sastra Jawa kang mula bukane mung urip ing lingkungan kang elit, digawa dening sang pujangga urip ing laladan kang luwih teba, kang luwih nyata.

Kanggo anyampurnakake lelakune, R. Ng. Ranggawarsita uga yasa karya sastra awujud prosa. Karya sastra awujud prosa ing jaman semana kalebu wujud karya sastra kang anyar. Prosa kaya dene cerita cekak lan novel nembe ditepungake mring masarakat Jawa dening Instituut voor de Javaansche Taal (Lembaga Bahasa Jawa), kang madeg ing taun 1832.

Sawise R. Ng. Ranggawarsita gawe karya prosa akeh priyayi kang uga niru tumindake kaya dene Mas Ngabehi Reksatanaja, Mas Bei Artaatmadja, lan Mas Pudjaardja. Panin sakehe penerbit kang muncul ing kala semana.

Ing kene, R. Ng. Ranggawarsita tampil minangka pionir, utamane kanggo golongane yaiku para priyayi, miwiti tradhisi kepengarangan ing Jawa. Kapengarangan, manut R. Ng. Ranggawarsita, dudu barang agung kang urip ing kraton.

Kapengarangan iku sipate egaliter. Nora mung dinarbe dening golongan agung apa dene bangsawan.

R. Ng. Ranggawarsita wis mujudake putra wangsa Jawa kang punjul ing apapak mrojol ing akerep. Emane, ing jaman saiki R. Ng. Ranggawarsita saiki mung mawujud kutipan-kutipan ing sabarang tulisan, lan sarana kanggo pamer menawa Jawa nate darbe sastrawan kang menjila tumekeng mancanegara. Durung ana kang madhani semangate kanggo ngembangake lan nglesterakake sastra Jawa.

Jefrianto
Visit
Latest posts by Jefrianto (see all)