Nyancang Srengenge
Upama bisa, srengenge kang gumlewang kae
Arep dakcancang
Murih ajeg manther sunare
Manggang otot bayu
Amrih kuwagang
Ngoyak lan nggayuh playumu
Kebumen, Oktober 2020
SURUP
Aja kandha menawa surup sedhela meneh teka
Aja gugup nggonmu ngabarake
Srengenge angslup
Ing tapel wates iki
Aku isih kepengin nyawang
Ombak segara ngranggeh-ngranggeh
Jangkahing laku
Senajan ati panggah goreh
Nalika krungu wedharing sejamu
Kebumen, Oktober 2020

NGRUKUBI WENGI
Senajan wengi kokkrukubi
Ora bisa nutup petenge ati
Wengi ajeg mrambat
Nggubed jantramu kang tansah sesambat
Ujare kabeh gawe ribet
Mula kudu diruket
Apa ora jeneng ingaranan sungsang
Ngrukupi wengi ngupadi pepadhang
Sedheng panyawangmu bae tansah sidhem lan merem
Damar mancung bae kesusu koksipet
Apa pancen pandulumu sing cupet
Coba tadhahana cahya rembulan
Kang tumiba ing sela-selaning gegodhongan
Coba giringen sewu konang
Lan methiki lintang-lintang
Sadurunge ndakwa wengi
Kang nggembuleng ing ati
Kebumen, Oktober 2020

- Telung Gurit Eko Merapi: Nyancang Srengenge - October 18, 2020