Teori Gadjah Mada & Pura
Teori Gadjah Mada & Pura

Teori Gadjah Mada & Pura10 min read

Tekan seprene nama Gadjah Mada tetep dadi tetenger wujuding Nuswantara. Senadyan isih akeh sing nora sarujuk, wong-wong sing ora sarujuk kangelan golek tandhingan liya lan mbangun narasi kaya dene Gadjah Mada. Antara ghaib lan antara nyata, Gadjah Mada lebur satengahing alam imajinasi lan alam realitas.

Awit saka alam imajinasi tuwuh gagasan menawa Gadjah Mada kuwi sing nyawijikake Nusa Antara lan imajinasi kuwi dipeksa mlebu marang liyan, awit saka alam realitas nama Gadjah Mada dadi tenger dalan, kampus, gedhung, lan sakpiturute.

Gayut kalawan samaring Gadjah Mada iku, tuwuh macem-macem bethekan sapa lan apa sejatine Gadjah Mada. Ana sing ngarani Gadjah Mada kuwi lakon gaweyan angen-angene Moh Yamin, ana sing ngarani Gadjah Mada kuwi mung mitos.

Ana sing percaya menawa Gadjah Mada kuwi pancen temenanan ana, lan ana sing ngajokake panganggep yen jeneng ‘Gadjah Mada’ kuwi ora nduding marang saksosok sing dianggep ‘Gadjah Mada’ amerga jeneng ‘Gadjah Mada’ mau sejatine aran pangkat. 

Sumber gambar: https://m.detik.com/news/berita-jawa-timur/d-4504077/seniman-mojokerto-ini-mengaku-tahu-rupa-gajah-mada

Kira-kira ngendi sing pener? Wong-wong sing ngarani Gadjah Mada kuwi imajiner wis cetha kalah, jalaran sumber sing nyebutake nama Gadjah Mada ana pirang-pirang, ana sing awujud prasasti lan naskah. Saumpama nduding Gadjah Mada iku angen-angenane Moh Yamin, ora ana buktine sing kuwat, ngelingi Moh Yamin dhewe antuk jeneng Gadjah Mada saka wacanan, paling.

Mula kemungkinane kari siji sing prelu digoleki dhisik, Gadjah Mada mau mung saktokoh utawa Gadjah Mada kuwi nama pangkat sajroning kraton Wilwatikta.

Sajroning tulisan iki, dakceritakake dhaerah Desa Modopuro, desaku, sing konon miturut wong-wong desa, nate dadi papan dununge Gadjah Mada biyen. Akeh narasi crita bab kena ngapa Gadjah Mada sempet manggon ana ing desaku, kabeh narasi bakal dakandharake.

Aku dhewe antara percaya karo ora, apa kuwi mung pangangen-angene wong desa utawa pancen sejarahe kaya mangkono  

Toponim desa lan panggonan ing kabupatenku, Mojokerto, biyasane ora adoh-adoh saka tembung ‘mada’ / ‘modo’ lan ‘maja’ / ‘mojo’, nanging sing aneh, desaku nek ora salah siji-sijine desa ing Mojokerto sing nganggo ‘mada’ / ‘modo’, liyane padha nganggo ‘maja’ / ‘mojo’. Desa Modopuro mlebu ing wilayah Kecamatan Mojosari, Kabupaten Mojokerto. 

Sakukuping Kabupaten Mojokerto ana panggon-panggon sing jenenge; Mojoroto, Mojokarang, Mojolegi, Mojotamping, Mojogeneng, Mojolebak, Mojodadi, Mojodowo, Mojojajar, Mojokusumo, Mojokumpul, Mojopilang, Mojorejo, Mojowates, Mojowiryo, Mojowono, Mojokembang, Balongmojo, lan Mojoranu. Saka pirang-pirang jeneng ‘mojo’ kuwi mung desaku sing nganggo ‘modo’, Modopuro. 

Sajak panulisan sing pener kuwi nek manut tata cara nglegena ketemune dadi ‘maja’ dudu ‘mojo’ lan sing pener ‘mada’ dudu ‘modo’, nanging ngelingi wilayah Jawa Timur Arek sing panulisane ngetut pangucap, dadi ora dadi masalah. Sajroning tulisan iki tetep ditulis kaya mangkono, amerga miturut administratife pancen ngono.

Cerita 1

Isih kelingan aku, pisanan nalika nampa crita bab desa Modopuro kuwi saka guru ngajiku ing Madrasah Diniyah sing diasuh dening Kyai Dhofir. Ustad sing ngandharake cerita iki namane Ustad Khusaini. Satengahing wayah mulang ngaji bab nahwu, Ustad Khusaini ujug-ujug cerita mula bukaning Desa Modopuro. Ustad Khusaini dhewe wis antuk cerita kuwi kanthi turun temurun.

Miturut Ustad Khusaini, desa Modopuro kuwi jeneng asline yaiku Madyapura. Kajupuk saka rong tembung; Madya lan Pura. Madya tegese tengah, lan pura tegese papan ngibadahe wong Hindhu.

Dadi menawa manut ujaring Ustad Khusaini, desa Modopuro mau antuk jeneng kaya mangkono saka tembung Madyapura, pura sing ana satengahing papan. Suwe lan reja-rejaning jaman, jeneng Madyapura mau banjur lebur dadi Madapura utawa Modopuro.

Crita iki nyoba dakkonfirmasi marang para warga Modopuro liyane, utamane sing wis umur tuwa. Saka anggonku konfirmasi, ora ana sing ngiyani tur ora ana sing nyalahake. Malah, wong-wong ngawenehi versi crita liyane miturut dheweke.

Bab nama Madyapura sing banjur malih dadi Modopuro pancen bisa dinalar, senadyan rada meksa. Saka ‘madya’ nuli malih ‘mada’ miturutku kudune ketemu dadi ‘mado’ jalaran tembunge ‘madya’ nanging wacane ‘madyo’, ora ‘modyo’.

Masiya rada meksa, tetep wae ana sing percaya versi iki. Malah ana sing nggayutake menawa pura sing dimaksud iku dununge ana ing sakubenge makam Mbah Wali. Miturut versi iki, makam kuwi sejatine duk ing nguni wewujudane kuwi arupa pura, dudu makam Islam kaya sing dipercaya dening wong desa saiki.

Nggoleki papan trep kanggo pura sing dimaksud cetha ora gampang, nanging sakorane wis kecekel kira-kirane, yaiku Makam Mbah Wali sing mbabat alas Modopuro mau asline pura. Nek dibayangake miturut ambane jarak, pancen makam Mbah Wali papane pener ana tengah desa, senadyan ora pas tengah banget.

Sumber: Youtube keyword ‘makam eyang mayangkara Modopuro’

Laras anggonku ngecek lumantar Google Earth, saumpama Makam Mbah Wali sing dikira Pura mau diukur ngidul – ngalor, pancen bisa kepetung pas ana tengah, nanging nek digawa ngetan – ngulon, rada ora pas.

Prelu digoleki wujud pura sembahyang sing saktemene supaya cerita iki valid. Rasa cubriya bab teori desa Madyapura iki dilalah pancen cukup selaras menawa papane ana ing sakubenge makam Mbah Wali, jalaran ing lapangan pesareyan mburi makam, ana reruntuhan bata-bata lawas lan dipercaya susunan batu kuwi tinggalan saka jaman Majapahit. Apa reruntuhan kuwi sing dimaksud pura?

Cerita 2

Ana versi liya ngenani cerita desa Modopuro, cerita kaping pindho iki dakentuk kanthi kolektif, wiwit SMA kelas siji wis miwit nglumpukake. Ora mung takon wong-wong tuwek nanging uga takon marang arek-arek nalika wayah ngopi. Anggonku antuk paling pisanan versi iki saka pak dhe, jenenge Pakdhe Purin. Sedina-dina pakaryane dadi guru SMP.

Aku rada lali takone ana ngendi, sing pesthi versi iki cukup kuwat tinimbang versi sakdurunge. Tinimbang nganggur, nalika ana kesempetan, nek ora kleru pas kumpulan bani, perkara iki daktakokake marang Pakdhe Purin.

“Pakdhe, kok isok desa iki dijenengi desa Modopuro?” Mengkono takonku. Dening Pakdhe Purin banjur diwangsuli kanthi temenenan, “Modopuro iki biyen omahe Gadjah Mada.” Mung ngono thok dheweke aweh wangsulan. Wangsulane cekak banget lan kanggoku sing isih kelas loro SMA ora dhong. 

Cerita saka Pakdhe Purin iki dakgawa menyang warung kopi, menyang wong tuwa liyane klebu wong tuwaku dhewe lan kulawarga liyane. Semaure ameh padha kabeh, lan rata-rata ngiyani teori iki.

Modopuro menawa ditulis kanthi manut miturut tata cara nglegena ketemune Madapura; saka tembung mada lan pura. Tembung ‘mada’ duweni arti macem-macem, ing antarane mada kuwi duweni arti mabuk, nanging dening Pakdhe Purin lan penganut teori iki ditempelake marang jeneng Gadjah Mada.

Banjur tembung ‘pura’ ora dimaknani minangka ‘pura’ sing maksude papan panggonan ngibadah wing Hindhu, nanging ‘pura’ minangka omah, utawa nek manut OJED pura mau tegese town, court, royal residence, capital, lan kingdom.

Teori nomor loro iki bisa ditampa, lan pancen masuk akal. Emane, kanggo golek bukti fisike angel banget. Mlayune mesthi menyang sakubenge kompleks pesareyan makam Mbah Wali sing dipercaya akeh reruntuhan bata-bata tinggalan Majapahit. Senadyan angel digoleki bukti fisike, nanging tetep luwih mlebu nalar tinimbang teori nomer siji mau sing ngarani Modopuro saka Madyapura. 

Sumber: http://gardawilwatikta.blogspot.com/2016/01/perjalanan-ke-modopuro.html?m=1

Wong-wong desa Modopuro sing sendika marang teori nomer loro iki duwe penganggep nek desa Modopuro ing jaman Majapahit mbiyen kuwi wilayah khusus duwekke Gadjah Mada.

Yen pener kaya ngono, tegese Gadjah Mada ora mapan ing Trowulan nanging ing Modopuro. Duweni gedhong-gedhong lan bangunan sing mratandhani kuwi wilayah istanane.

Sakumpama ngelingi ambane desa Modopuro saiki, sajak rada ora masuk akal menawa omahe Gadjah Mada sakmono ambane. Mesthi mung ana ing sisih ngendi ngono sing trep.

Cerita 3

Teori pungkasan sing nyangkut bab mula bukaning nama Modopuro iki dakentuk saka praktisi supranatural utawa para penganut kejawen saka tangga desa ing Sumber Tanggul lan Seduri, dadi ora saka desa Modopuro dhewe.

Nek manut teori iki, crita nama Modopuro malah duweni runtutuan sing bisa ditampa, senadyan tetep ing perkara bukti fisik tetep angel ditemokake.

Ing Seduri, luwih pas ing Padepokan Petilasan Resi Saloko Gading, aku entuk teori crita nomor telu iki. Resi Saloko Gading iki dikeramatake dening wong-wong Seduri. Bisane ketemu jalaran saka ngimpi. Sakwise entuk ngimpi nganti balik telu, Mbah Akhiyar mbukak papan kuwi. Resi Saloko Gading iki dipercaya salah siji Sapta Rsi utama Majapahit. 

Nalika cahya soma sumambirat, aku lumaku bareng kanca-kanca tumuju padepokan Resi Saloka Gadhing. Niyate pokoke ngono kuwi. Nggawa motor loro boncengan kabeh. Tekan kana ana dayoh sing luwih dhisik teka ing pendhapa. 

Pendhapa alase tekelan, nanging pas ing tengah pendhapa ora ditekel malah dijarke kothong lan langsung lemah. Ing tengah iku ana anglo, sakdhuwure anglo ana dupa lan menyan lagi murub mobyak-mobyak iku dahana. Gandane arum manis, nentremake, nanging uga kebak hawa prabawa. Para dayoh sing teka dhisikan padha bali, gentian saiki wayahku sakkanca.

Sumber: Facebook Mojokerto Blakrakan

Satengahing crita, salah siji cantrik sing nampa para dayoh takon saka ngendi asalku, dakwangsuli menawa aku saka Modopuro. Dening sang cantrik aku diwenehi crita mula bukaning Desa Modopuro lan kena ngapa diarani Modopuro. Kandhane sang cantrik iki mengko ora beda kalawan crita sing diandharake dening salah siji bedande saka Pura Sasana Bina Yoga ing Sumber Tanggul.

Pura Sasana Bina Yoga iki klebu pura anyar. Panggone cedhak kalawan langgar. Biyene lemah kosong banjur dituku dening para umat Hindhu ing desa Sumber Tanggul. Karepe digawe pura, tinimbang kudu adoh-adoh menyang Surabaya kanggo ngibadah.

Sakwise ngurus ijin sing ruwet, pura iki bisa ngadeg ing taun 2016. Ing sandhing pura, ana candi anyar sing diwenehi jeneng candi leluhur Majapahit. Ana arca Raden Wijaya, Hayam Wuruk, lan Gadjah Mada. Bejane, wong-wong Islam ing Sumber Tanggul wiwit dhisik ora duwe masalah lan malah melu mbiyantu proses pembangunan pura.

Candi Leluhur Majapahit. Sumber: https://balitribune.co.id/content/bupati-tabanan-bangun-candi-leluhur-majapahit-di-mojokerto

Teori crita nomer telu sing dakentuk saka Pura Sasana Bina Yoga mirip banget kalawan crita sing dakentuk saka Padepokan ing petilasan Resi Saloka Gadhing. Kaya mengkene caritane.

Intine, pancen crita Desa Modopuro kuwi ora bisa ucul saka tokoh Gadjah Mada. Sing sangar, teori nomer telu iki ngukub rong cerita sakdurunge.

Gadjah Mada mbiyen kerep mara menyang papan sing saiki diarani desa Modopuro. Dheweke teka kareben ngangsu kawruh marang Resi Mayangkara bab olah kanuragan, militer, lan telik sandhi. Resi Mayangkara kuwi salah siji Sapta Rsi utama Majapahit.

Cangkruk ing Pura Sasana Bina Yoga, dokumentasi Jawasastra

Lha Resi Mayangkara iki sing miturut sumber saka Padepokan Resi Saloka Gading lan Pura Sasana Bina Yoga panggon omah lan sareyane ana ing makam Mbah Wali Modopuro. 

“Makam keramat Modopuro sing diarani makam Mbah Wali kuwi sejatine petilasan Eyang Mayangkara.” Mengkono ujare cantrik ing Padepokan Saloka Gadhing.

“Cungkupe nek disawang rak bentukane kaya stupa.” Ujare pemuka agama ing Pura Sasana Bina Yoga. Katrangan kuwi dakeling-eling, nalika biyen sempet mlebu makam Mbah Wali, pancen kijingane kenthel banget corak Buddha / Hindhu.

Tinimbang bolak-balik saka Trowulan menyang Modopuro, Gadjah Mada milih mbangun pura utawa omah singgah ing Modopuro. Supaya urusan agama ora ketinggalan, Gadjah Mada uga nggawe pura cilik sakcandhake omahe, dadi bisa tetep ngibadah sinambi ngangsu kawruh marang Rsi Mayangkara. Gandheng Rsi Mayangkara dudu Islam, dening wong Modopuro petilasene diislamake.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *