Tumpuk Undhung10 min read

Tangane Yuni mindahake persneling nang angka siji karo ngurangi olehe ngidak pedal gas. City car klawu metalik banjur alon-alon dipenggokake mlebu latar kantor. Latar ngarep kantor lumayan jembar, rata, lan apik amarga dipasangi grassblock.

Tajuk wit ketapang kencana kang ditandur ing cedhak pos satpam nutup latar kaya payung. Suket mutiara ngisi tengahe grassblock kanton ijo subur. Kantor UKARA pancen eyup lan asri.

Sawuse markir mobile pener garis, Yuni nyandhak tote bag kanvas werna abu-abu kang gemletak ana ing jok ngarep sisih kiwa.

Dheweke banjur rogoh-rogoh tase, njupuk botol plastik isi infused water kang subuh mau wis kasiapake.

Sawise ngombe banyu isi rendeman irisan jeruk lan jahe, dheweke banjur njupuk lipstik saka tas. Karo ngaca nang spion, Yuni ngolesake lipstik werna nude andalane.

“Sugeng enjang Bu Yuni. Gasik sanget. Wah, mobil enggal?” Satpam kantor nyedhaki Yuni yang metu saka mobile, uluk salam.

“Ora anyar iki. Setu wingi diterke nang omah,” ngono jawabane Yuni karo mesem.

“Wis sarapan durung, Pak Dit? Iki tak gawake roti. Patang tangkep, baginen karo Agus. Cukup ta, nggo ganjel weteng?” Pitakone Yuni karo ngulungake kresek isi roti.

Satpam jeneng Didit kuwi olehe nyambut gawe wis kurang luwih limang tahun. Prawakane kuru dhuwur. Wonge sregep kerja lan helpful. Umure kira-kira telungpuluhan, lan wis omah-omah.

Anak bojone ana nang ndesa. Istilahe jaman saiki LDM utawa Long Distance Marriage. Didit kebagian jaga wiwit sore tekan esuk sadurunge kantor buka.

Shift saka esuk tekan sore jatahe Gondhes, parabane Agus, satpam anyaran kang umure kira-kira sepuluh taun luwih enom tinimbang Didit.

Sanajan wis nyambut gawe, Gondhes isih mbocahi. Senenge nonton bal-balan nang TV, nganti direwangi lek-lekan. Alesane sisan ngancani Didit. Mengko pas shift-e dheweke ngilang turu nang gudang. Nganti katog Yuni olehe nyeneni Gondhes, nanging bocahe santuy pol.

Wis patang sasi iki Yuni kedhapuk ngurus kantor, lengkap sak pegawaine. Sadurunge, Yuni iku asistene Bu Nindya, owner UKARA, perusahaan periklanan kondhang ing Yogyakarta. Merga olehe nyambut gawe temen lan profesional, Yuni dadi kesayangane bose.

Nalika Bu Nindya kudu mondhok ana RS merga kudu pasang ring ing jantunge, Yuni otomatis didhawuhi ngurusi kantor. Yuni sing gojag-gajeg ora pede, banjur ditambahi bonus mobil karo Bu Nindya.

Persise setengah bonus, amarga Bu Nidya sing mudhut mobil kuwi lan Yuni kudu mbayar setengah regane. Olehe mbayar nyicil ora nganggo bunga. Seminggu wingi, sidane Yuni ngalah lan gelem nampa proposale bose kuwi.

Setu wingi, montor gres diterke nang omahe. Yuni sing wis bisa nyupir sawetara suwe amarga kerep didhawuhi ndherekake Bu Nindya, wis paham bab mobil.

Duwe mobil dewe kanggone Yuni kuwi campuran bungah karo ora butuh sakjane. Nanging Yuni uga paham, menawa dheweke kudu njaga prestige-ne kantore, utamane nek dheweke kudu ketemu karo klien lan calon klien. Kuwi fungsi mobile mau.

“Piye, dear, mobile?” Ana pesen Whatsapp mlebu, saka Burhan.

Yuni kenal Burhan kurang luwih sadurunge Bu Nidya mlebu RS. Yuni ndherekake Bu Nindya ketemu klien nang daerah Monjali. Mulihe ban mobil bocor, kamangka udan grimis.

Bejane, olehe konangan yen bane bocor isih ana ing latar parkir kedai kopi. Merga ngarepke Magrib, Yuni nekat udan-udanan cepet-cepet mbongkar ban.

Pas kari masang ban serep, ana mobil mlebu pelataran kedai. Wong lanang sing numpak mobil kuwi, jenenge Burhan, langsung nulungi Yuni. Sawise kedadean kuwi, Yuni cedhak karo Burhan.

“Aku wis duwe bojo, Yun.” Burhan ngakoni statuse marang Yuni. Nalika kuwi Burhan ngajak Yuni plesir nang Pantai Indrayani. Karo ngekep Yuni saka mburi, Burhan kandha mengkono.

Burhan banjur ndhungkluk nyendhekake sirahe nang githoke Yuni. Lamat-lamat wangi parfume Yuni mrasuk ing irunge. Nuwuhake rasa kang wus suwe ora dirasaake Burhan. Olehe ngekep Yuni tambah kenceng.

Wong loro kuwi sawetara nyawang garis horisontal kang adoh. Ombak oyak-oyakan kaya ora ana kesele. Angin segara samsaya suwe samsaya semribit.

Gambar mung ilustrasi Yuni & Burhan. Sumber: Quennmind

Sedela-sedela Yuni mbenekake rambute kang morat marit. Dress linen putih kang dienggo Yuni, nambahi efek resik lan putih marang pakulitane Yuni.

Burhan, sinaosa mung nganggo celana cargo werna khaki karo kaos oblong ireng, katon bagus amarga dedege gagah dhuwur. Yen disawang, serasi banget wong loro kuwi.

Yuni kaya kena setrum krungu pangakune Burhan. Rasane kaku lan mati rasa. Nanging anehe, sawise kuwi, malah tuwuh rasa kurmat marang Burhan. Ora akeh wong lanang bisa jujur kaya mengkana.

Biasane ngenteni konangan dhisik. Apa meneh Burhan banjur nyritaake masalahe karo bojone. Burhan didiagnosa dokter ora bisa duwe anak, alias mandul.

Bojone ngajak pegatan, nanging durung kaleksanan amarga ngeman bapak. Burhan kuwi anak tunggal. Dheweke ora tegel nglarani ati bapakne kang wis sepuh lan kerep gerah, malah bisa kasebut langganan opname nang RS.

Mobil anyar ki pancen beda ya, Mas? Isih kinyis-kinyis.” Ngono Yuni ngetik nang hapene, kang banjur ditambahi nganggo emoticon isin.

“Kinyis-kinyis kaya dear biyen.” Mangkono Burhan mbalesi dipungkasi nganggo gambar ati abang cacah telu. Wong loro kuwi mau banjur kangsenan ketemu kaya adate. Sisan inreyen mobil anyar.

Ing dina-dina candhake, meh saben bengi Yuni lunga karo Burhan. Mulih saka kantor, Yuni methuk Burhan kang wis ngenteni nang daerah Plengkung Gadhing.

Burhan duwe bisnis agen travel, nyewa kantor ana ing daerah kana. Wong loro kuwi banjur ngetan, golek mangan. Bar mangan, Yuni ngedrop Burhan nang daerah Janti, banjur Yuni menggok ngetan, bablas mulih nang Prambanan.

Dina Setu lan Minggu, merga kantor prei, olehe yang-yangan uga prei. Burhan biasane ana acara keluwarga. Yen ora karo bojone, Burhan biasane ngancani bapakne maen catur.

Dear, kayane eman-eman ya nek mobilmu nganggur dina Setu Minggu.” Burhan ngajak Yuni rasan-rasan bab mobil, nalika wong loro nunggu soto langganan nang daerah ringroad wetan.

“Kagungan ide apa njenengan, Mas B?” Pitakone Yuni. Burhan ngundang Yuni kanthi sebutan ‘dear’ kang artine ‘sayang’. Kosok walike, Yuni nyeluk Burhan nganggo sebutan ‘Mas B’, B-ne dilafalke cara basa Inggris dadi ‘bi’.

“Yen disewaake wae piye? Akeh wong butuh mobil pas weekend. Apa meneh nek pas preinan. Kayane wong sak Indonesia dolan nang Yogya kabeh. Lumayan to, bisa kanggo mbayar cicilan?”

“Halah! Kok wong sak Indonesia ta? Wong sak jagad tumplek nang Yogya ngono? Sing wong Yogya dha milih ndhekem nang omah ora lungan soale wegah kena macet.”

Rumangsa mathuk karo pertimbangane Burhan, Yuni wiwit nyewaake mobil saben Setu lan Minggu. Menawa kudu ketemu klien banjur dijadwalke dina kerja, Burhan sing ngatur sewan montore.

Pranyata gampang banget golek duwit yen ngerti panggonane. Duwit bayaran sewan langsung mlebu rekening banke Yuni. Olehe kangsenan sakloron saben bengi saka Senin tekan Jumat.


“Sugeng enjang Bu Yuni. Kok kadingaren mboten nitih mobil?” Gondhes aruh-aruh ketemu Yuni teka numpak sepeda motor dina Senin. Olehe teka uga wis jam 08.15, ora gasik kaya padhatan.

“Iya, Gus. Mobile isih disewa,” Yuni semaur cendhak, banjur markir sepeda motore lan mlebu kantor. Godhes kuwi jeneng sak temene Agus Susetya. Wong sak kantor nyeluke Gondhes, mung Yuni lan Bu Nidya kang nyeluk dheweke nganggo jeneng asli.  

Tekan ruangane, Yuni ngrogoh tas, nggoleki hapene. Wiwit mau bengi Yuni ora bisa ngontak Burhan. Yuni wis nyoba telpon via Whatsapp, ora diangkat. Pesene uga ora ana tanda yen wis diwaca.

Tulisan last seen karo tanggal lan jam pungkasan Burhan nganggo aplikasi kuwi, yaiku Senin esuk mau, kira-kira Subuh.

“Mas B kenapa, ya? Muga-muga ora kena musibah.” Yuni mbatin. Deweke mulai panik. Burhan klebu wong tertib lan disiplin, ora tau sing jenenge kentekan paket data. Dheweke uga ora tau ora mbales pesene.

“Apa Mas B kena musibah?”

Sedina kuwi Yuni kepikiran karo Burhan. Jam maksi, Bu Nindya ujug-ujug nelpon ngajak lunch bareng sisan diajak ketemu calon klien. Yuni kepeksa lunga nganggo taksi online, lan kepeksa nyritaake bab Burhan marang Bu Nindya.

Bose ora nesu, mung weling Yuni supaya ati-ati. Zaman iki samsaya ora karuan, akeh uwong kang apus-apus. Bose banjur ngomong nek arep melu nggoleki mobil sing ilang.

“Kula nyuwun wekdal sawatawis, Bu Nin,” Yuni nyoba nego. Dheweke arep nyoba nggoleki Burhan dhisik. Sapa ngerti Burhan kena alangan.

“Burhan golekana, Yun, nanging aku arep kongkonan uwong nggoleki mobile. Yen tenan ilang, kudu cepet digoleki, sadurunge ilang tenanan, malah ora bisa kelacak babar blas. Tur meneh, statuse kuwi lak mobilku, amarga olehmu nyicil durung rampung.”

Yuni mung bisa sendika dhawuh. Deg-degan Yuni krungu swarane Bu Nidya rada kenceng. Deweke percaya bose duwe koneksi akeh. Yuni wis tau krungu rumor saka wong-wong bengkel, yen ana mobil dicolong, biasane ana sindikat kang nampani lan mroses.

Bubar kantor Yuni ora langsung mulih. Yuni mampir nang Malioboro Mall. Mlebu mall kang nomer siji dibangun nang Yogyakarta kuwi, dheweke langsung njujug toko obat.

Yuni pancen milih toko obat franchise saka luar negeri iku, supaya dheweke bisa milih lan maca labele dhisik. Ora kaya nek mlebu apotek sak lumrahe, kang kudu diladeni lan dijupukake barange karo pegawene.

Kepara sedela Yuni nemoake barang kang dibutuhake. Dheweke rada bingung amarga ana telung merek. Kepeksa dheweke takon pegawe toko: merek kang paling laris. Rampung mbayar nang kasir, Yuni langsung munggah nang lantai dhuwur, golek toilet.


Kurang luwih patangpuluh lima menit candhake, Yuni wis numpak sepeda motore. Tujuane mung siji: nggoleki Burhan!

Urusane saiki ora mung soal mobil. Yuni njujug kantore Burhan nang daerah Plengkung Gadhing. Muter-muter sedela, Yuni ora nemokake ruko kang jare disewa agen travele Burhan.

Yuni pancen ora tau takon jeneng lan alamat agen travele Burhan. Yuni tambah deg-degan. Apa tenan Burhan ngapusi dheweke? Apa Burhan uga ngapusi bab katresnane?

Sirahe Yuni krasa nyut-nyutan. Wetenge krasa eneg, rasane kepengin luntak. Awan mau dheweke pesen salad kang dipangan mung separo karo ngombe ginger tea. Bu Nindya ngaruh-aruhi olehe mangan mung sethithik.

Yuni ngerasa beja biyen nate kepo, mriksa dompet lan ngintip KTPne Burhan. Saiki deweke tekan alamat omahe Burhan. Dheweke isih mikir-mikir apa mengko kang arep diucapake yen ketemu Burhan. Yen ketemu bojone piye?

“Nuwun sewu, punapa punika leres dalemipun Pak Burhan? Nami kula Yuni.”

Karo ngempet atine sing gronjalan, Yuni takon karo wong wedok ayu kang mbukaake lawang. Yuni yakin kuwi bojone Burhan, amarga persis foto wong wadon kang ana nang dompete Burhan. Yuni rumangsa tambah gliyengan, donyane rasane dadi peteng.

“Mas Burhan! Tulung iki! Mas? Mas? Mas Burhan!” Wong wadon iku bengok-bengok sajak bingung amarga tamune ujug-ujug ambruk sawise nakokake bojone. Bejane, bojone Burhan reflek enggal nampani tamune.

Sawetara kuwi, Burhan ana ing kamar, dheleg-dheleg. Sasi iki batas akhir deweke kudu mbayar utang. Burhan kepeksa nyilih duwit nang Koh Jiu, kanggo nomboki agen travele kang bangkrut wiwit dikelola adi ipene.

Jumat wingi, adi ipene kuwi malah mlayokake mobil sewan duweke Yuni. Konangane Minggu bengi, nalika Burhan kudu mbaleake mobil kaya padhatan. Tekan dina Senin, adi ipene lan mobile kuwi durung ketemu.

Burhan netepake ati, arep blaka lan njaluk ngapura marang Yuni. Burhan mbukak hapene, arep telpon Yuni. Burhan lagi nggateake lan weruh menawa akeh pesen WA saka Yuni, uga notifikasi menawa Yuni telpon ping bola-bali.

Burhan lagi wiwit maca pesen saka Yuni, nalika dheweke krungu bojone bengok-bengok sajak wigati.

Krungu bojone celuk-celuk saka ruang tamu, Burhan gage metu saka kamar. Karo mlaku, Burhan ngrampungake maca pesen-pesene Yuni.

“Mas Burhan, tulung! Iki tamumu kepriye? Malah semaput. Jarene jenenge Yuni.”

Burhan kaya disiram banyu es, nalika krungu jeneng Yuni diucapake bojone. Tekan ruang tamu, Burhan mandeg kamitenggengen. Yuni semaput dipapah bojone.

Burhan maca pesen pungkasane Yuni, dikirim awan mau, kang nambahi shock: ‘Mas B, aku +.’

Rampung

Latest posts by Dyah Bratajaya (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *