tan ana kang luwih sabar
tinimbang udaning sasi Juni
den ginudakake kepyuring kangenne
mring wit kang kinembang iku
ora ana kang luwih wicaksana
tinimbang udaning sasi Juni
den busakake tetilasing suku
kang mamang anèng dalan iku
datan ana kang luwih waskitha
tinimbang udaning sasi Juni
den umbarake apa kang ora kinocap
rumesep oyoding wit kembang iku
Puisi Asal

Latest posts by Ilham Wahyudi (see all)
- Udan Sasi Juni - July 21, 2020