Angin kang tumiyup sansaya krasa atis ing awak. Swara jangkrik krak krik krak krik sing kaprungu wiwit mau kaya kidung ing wayah wengi. Pandom jam nuduhake angka 22.15 nanging Rina isih panggah melek. Mbuh apa kang lagi dipikirake. Dheweke mung theleg-theleg ing ngarep laptope. Nanging katon banget yen dheweke ora konsen ing tulisan kang wiwit mau diketik. Pikirane mlayu adoh. Kaya-kaya lagi mikir prakara kang gedhe.

“Agghhhh” panggresahe karo unjal ambegan landhung.

            Paryanto sisihane kang wiwit mau wis mapan turu luwih ndhisik uga ora mangerteni yen sing wedok isih durung bisa ngeremake mripat. Dheweke wis angler kagawa impen. Sing keprungu mung swara ambegane kang rada banter.

            HP dijupuk, Rina banjur ndudal-ndudul HP. Nanging pikirane mlayu adoh. Mbuh apa kang ana ing pikirane. Dheweke bola-bali maca tulisan kang ana ing layar HPne. HP njur diuncalake ing kasur. Banjur dheweke coba ngeremake mripate. Kaya mbuka alur cerita nalika murwani bale somah karo sisihane nalika 15 tahun kepungkur.15 tahun kepungkur dheweke sesandhingan karo Paryanto kang biyen dadi kanca kuliahe.

            Nalika semana rasane dheweke kaya dadi ratu ing atine Paryanto kang pancen wektu iku nuduhake rasa tresnane mung kanggo wong wadon siji yaiku dheweke. Kaya-kaya ora ana wong wadon liya sing bisa narik kawigatene kajaba dheweke. Wis, pokoke apa kang dadi panjaluke bakal dituruti. Pengen apa mesthi dituruti, pengen lunga nyang ngendi mesthi diterke.

            Kabeh sarwa rinasa endah. Mbok menawa bisa gawe serike ati wong kang padha nyawang. Mendah senenge bisa dadi sisihane Paryanto. Menawa iku kang ana ing pikirane wong-wong ing njaba kana. Lha ora kepiye, wong pancen kabeh nduwe. Omah ya wis ngadeg. Isi omah ya wis jangkep. Mobil uga wis nduwe. Kurang apa maneh. Kabeh wis diduweni dening wong lanang kang aran Paryanto iku.

            Kabeh crita antarane Rina lan Paryanto ing zaman semana kaya-kaya metu ing pikirane Rina. Kabeh kaya diudhal, dionceki, dieling-eling ora ana sing klewatan. Wiwit kenalan. Banjur sesambungan nganti tekan bisa nyandhing. Nganti saiki nduweni anak loro. Kabeh lumaku kaya crita.

            Nanging apa kang dirasakake watara seminggunan iki beda adoh karo kaya sing dirasakake kaya wingi-wingi. Rina ngrasakake seminggunan iki ana owah-owahan sikap saka Paryanto. Ora ana greget kaya wingi-wingi. Neng ngomah mung bisa kepethuk karo sisihane mung sore nalika mulih kerja.

Bengi nalika bar isyak mesthi wis padha ngeremake mripat. Kaya-kaya blas ora ana wektu kanggo ngudhar crita. Blas ora ana wektu kanggo gojeg bareng anak bojo. Owah-owahan kang tumungkul saka Paryanto seminggunan iki ndadekake atine Rina ora bisa jenjem. Ya lagi seminggunan iki. Ana apa jan-jane? Pitakonan kang ngebaki pikirane Rina.

            Wengi sansaya nyenyet. Ora krasa mbok menawa saking kesele Rina banjur kelem ing ngimpi. Wis ora krungu maneh swara jangkrik. Wis ora krungu maneh swara pandom jam. Dheweke wis nututi impene sing wis mlayu adoh, njur ora krasa nganti wayah pajar. Turune angler blas ora nglilir.

            “Wis jam lima” ujare karo njranthal medhun saka paturon. Kaget merga tangine kawanen. Saben dina dheweke mesthi tangi gasik, paling ora jam setengah papatan wis tangi. Nanging esuk iki ora ngerti tangine bisa kawanen. Kanthi mripat kang isih riyip-riyip dheweke tumuju pawon.

 Kaya padatan, dheweke nggodhog banyu kanggo adus. Wong pancen yen wayah esuk njekut hawane, mulane yen arep adus ndadak kudu nganggo banyu anget supaya awak ora kadhemen. Banjur cepak-cepak masak kanggo ninggali anak bojone nalika ditinggal kerja. Pokoke yen wayah esuk kaya-kaya dheweke kudu cekatan olehe nandangi gaweyan ngomah. Yen ra ngono kabeh bakal kethetheran.

            “Dan, mengko yen arep sekolah aja lali sarapan sik,adhimu jak sisan, kuwi kabeh wis cumepak ning meja” aloke Rina marang Dani anake sing nomer siji sing lagi nata buku sekolahe.

            “Nggih” wangsulane Dani cekak tanpa noleh ning Ibune.

            “Sarapan saiki apa mengko njenengan?” takone Rina marang Paryanto sisihane sing isih ana njero kamar. Pancen sadurunge Rina budhal kerja dheweke mesthi cepak sarapan kanggo sing lanang. Sanajan sing lanang kadangkala ya ora sarapan neng ngomah.

            “Ngko wae, tak njupuk dhewe” wangsulane Paryanto kanthi cekak.

            “Ya wis, aku pamit kerja sik” bacute Rina karo pamit nyalami sing lanang. Sing dipamiti ya mung meneng sajanan ngelungke tangane.

            Motor Beat putih banjur distater. Digas banter kaya playune kancil. Sing numpak kaya ora ngeling-eling maneh welinge Bapak Ibune “yen numpak motor ki sing ngati-ati, ora perlu grusa-grusu, sing alon-alon waton klakon”. Wejangan kuwi kaya dilalekake dening Rina sing pancen pikirane lagi semrawut. Mikirake sing lanang kang seminggunan iki ora kaya biasane, saiki dadi adhem sikape marang dheweke.

            Jarak omah tekan sekolahan panggonan kerjane pancen lumayan adoh. Mula Rina olehe budhal ya mesthi rada gasik. Adohe dalan kang diliwati. Semilire angin kang nerak awake. Ora dirasakake. Sing genah dheweke mung pengen ndang bisa tekan papan panggonan kerjane. Ketemu karo murid-muride sing bisa gawe seneng atine.

            Sedina mulang ing sekolahan kaya bisa ngilangake pikiran kang lagi semrawut iku. Neng sekolahan bisa guyon karo kanca-kancane. Dheweke mung nyoba ora ngatonake praupan sedhih ing sangarepe kanca-kancane supaya ora ana kang cubriya karo prakara kang lagi ngganggu pikirane. Nalika lagi lungguh ing ruang guru, dheweke njupuk HP saka tas banjur ngirim SMS marang sisihane.

Nyoba ngajak omong sanajan mung lumantar SMS kareben komunikasi isih bisa dijaga. Nanging seminggunan iki, ya mung wangsulan cekak kang dikirim dening sisihane. Yen wis ngono, Rina ora nutugage olehe SMS. Dheweke banjur nyangklong tas, njur bali nyang ngomah.

            ***

            Batine Paryanto ya jane mesakke karo sing wedok. Kok ora mesakke piye wong olehe seminggunan ngenengke sing wedok kuwi mung merga arep menehi surprise marang bojo kinasihe iku. Pancen seminggu kepungkur dheweke wiwit gawe suasana omah ora kaya wingi-wingi. Cara kasarane kanggo ngerjani Rina bojone sing tanggal 10 Januari mengko bakal ulang tahun kaping 40. Wis ora enom maneh pancen. Nanging kanggone Paryanto, Rina mujudake wanita special selawase.

            Tahun-tahun sadurunge dheweke pancen ora tau sing jenenge menehi surprise marang bojone. Umpama sing wedok ulang tahun ya mung metu golek mangan bareng-bareng karo anak-anake. Ning ing tahun iki dheweke kepengin banget gawe senenge atine bojo kinasihe sanajan ndadak nganggo ethok-ethok dheweke ngadoh saka sing wedok. Eee ben kaya ning sinetron-sinetron ngono kae hlo, wektu ulang tahun dikerjani ndhisik sadurunge diwenehi kado.

            Setu tanggal 10 Januari kuwi sengaja Paryanto wis nyiapake kabeh. Omahe ditata rapi diwenehi hiasan. Dheweke uga wis tuku roti ulang tahun jangkep karo lilin kang nuduhake angka 40. Nganti direwangi izin sedhela mulih saka kantore. Kado arupa kalung wis siap kanggo bojone. Saiki kari nunggu sing arep diwenehi surprise.

            Suara motor beat wis kaprungu. Paryanto karo anake enggal ngadeg ning mburi lawang. Lawang ora dikunci supaya mengko bojone langsung bisa mlebu. Sawise markirake motore Rina banjur mlebu omah.

            “Selamat ulang tahun kami ucapkan, selamat panjang umur kita kan doakan, selamat sejahtera sehat sentosa, selamat panjang umur dan bahagia “ Paryanto sing nyekeli roti ulang tahun karo anak-anake nyanyi bareng, Rina mung bisa mlongo.

Dheweke ora ngira yen jebule arep entuk surprise kaya ngono, nanging pungkasane uga ora bisa ndhelikake rasa bungahe. Jebul seminggunan iki sikape sing lanang beda ora kaya wingi-wingi mung merga kepengin ngerjani dheweke. Mung ethok-ethokan, ora tenanan.

Wah, jan kaya ning sinetron tenan batine Rina. Saiba bungahe Rina nalika diwenehi kado kalung saka sing lanang. Dheweke mung bisa ngucap syukur muga-muga kaluwargane tansah ayem tentrem selawase.

*Cuthel.

Fajrin Dwi Artika
Latest posts by Fajrin Dwi Artika (see all)