Warisan
Warisan

Warisan6 min read

“Urip iki mung pilihan, Le. Sing luwih wigati kuwi ora bab pinter-pinteran milih, ning apa kowe wis tenanan anggonmu milih,” pituture bapak setaun kepungkur, wektu aku arep mangkat mranto.

Ing dalan, nalika bapak ngeterake aku saka omah teka terminal, pitutur-pitutur liyane terus nyusul dingendhikake lan kabeh dakrungokne kanthi temen.

Sakjane dudu pitutur sing wah. Biyasa wae. Aku ngarani kuwi pitutur-pitutur sing prasaja. Ora ana istimewane. Nanging mengkono ora gampang anggonku nglakoni.

“Gaweya uripmu sing beda,” ngendhikane bapak karo nyekel tanganku nalika aku arep mlebu bis.  Sabanjure bapak isih melu mlebu bis nganti aku nemu panggonan lungguh.

“Jagi kasarasan Bapak, nggih,” kandhaku nalika aku wis nemu nomor kursi sing cocog karo tiketku.

“Ora usah kuwatir, sing wigati kowe. Kowe kudu kuwat. Buktekna marang donya iki menawa kowe bisa urip ing kabeh kahanan.”

“Ampun ngajeng-ajeng gegayuhan ingkang ageng, Pak.” Aku kandha mengkono amarga aku ora pengin gawe kuciwa bapak. Kasunyatane, lungaku iki ora cetha juntrunge, malah bisa diarani aku ngapusi bapak. Ngapusi menawa aku entuk panggilan kerja ing kutha. Satemene lungaku iki amarga aku wis ora kepenak marang bapak, wis dadi sarjana ning ora gage enthuk gaweyan. Apa maneh yen ngelingi sarjana sing daksandang iki saka kasile bapak dodol dhawet.

“Muga-muga kowe ora salah anggonmu nangkep gegayuhane bapak marang kowe,” bapak nanggepi.

“Punapa ingkang dados gegayuhanipun Bapak?” pitakonku wektu bis wis arep mlaku.

“Dadiya prajurit sejati,” bisike bapak sinambi mesem.

Aku ngguyu wektu krungu kandane bapak kuwi. Batinku, mbok menawa karepe bapak gojeg. “Kula sanes tentara lho Pak,” kandhaku ngimbangi nglucu.

Bapak mesem maneh. “Ning kowe isa silat, ta?” Kandhane bapak banjur gumujeng.

Ah, bapak iki, aku bingung, apa bapak bener-bener karep nglucu? Batinku.

“Ya wis, bapak mudhun. Sing eling lan waspada ya, Le. Aja gawe isin bapakmu iki,” kandhane bapak karo nepuk pundhakku.

Nalika bapak mudhun, bis banjur mangkat. Aku ngadeg, nyondhongke awak kareben nyedhaki candela bis. Aku ndelok tangane bapak kumlawe dada-dada. Semono uga aku iya mangkono. Wektu kuwi ana pangrasa trenyuh ing atiku.

Bis mlaku ninggalake bapak sing saya katon adoh. Saya suwe katon awake bapak kaya-kaya dadi mengkeret cilik. Ilange bapak saka pandelenganku ora banjur gawe pikiranku ucul saka bapak. Wektu kuwi sing ana pikiranku bab kesusahane urip bapak. Bapak ngrumat aku dhewekan, amarga ibuk wis ndhisiki seda nalika aku isih cilik. 

Kasil saka dodol dhawet dakrasa saktemene ora sumbut kalawan butuhku wektu kuliyah biyen. Bapak kudu bola-bali mbukak leng nutup leng kanggo nyukupi butuh. Ya amarga kuwi nalika aku lulus kuliyah pengine ora suwe-suwe manggrok neng ngomah. Aku pengin njaga pangrasane bapak kanthi cara lunga.

Saiki, wis setahun klewat lan aku isih dadi pengangguran ora ketara. Kanggo nyukupi butuh saben dinane aku golek gaweyan apa wae. Aku wis gonta-ganti gaweyan, dadi tukang potokopi tau, dadi tukang parkir tau, jaga rentalan komputer lan warnet uga tau. Tekan seprene aku durung nate mulih nemoni bapak.

Sumber gambar: art. thewalters

Dadi anak tunggal dakrasa ana penak lan orane. Penake, bapak sing wis ndhudha suwe bisa konsentrasi nyukupi butuhku. Ora penake, gelem ora gelem jejibahan uripe kulawarga dadi tanggunganku. Apa wae sing dadi pangarepane bapak temtune tumuju marang aku. Sing marai ndadekake sithik anane rasa lega ya merga aku duwe bapak sing ora gampang nuntut apa-apa marang aku. Nanging mangkono, apa aku banjur bisa sakarepku dhewe? Mesthine ora mangkono.

“Ora usah isin marga awake dhewe mlarat, Le. Ya ben wae mangkono ora apa-apa yen pancen dalane nuju kabahgyan kudu ngono,” pituture bapak sing liya mbengung ing kupingku.

Sarjana sing dakangen-angen, mula bukane dak percaya bisa dadi sarana ngowah kahanan, ning kasunyatane senadyan aku nganti malang-megung anggonku mbuktekake jebul ora gage nemoni kasil, banjur aku sujana bab eksistensine mbok menawa ora kaya mangkono. Apa nasibku sabenere pancen wis ditemtokake mlarat kaya mangkene iki?

Malah nalika aku nembe tenanan pengin ngowah nasib kedhisikan aku krungu kabar bapak gerah. Kabar sing daktampa, jare bapak gerah nemen lan aku kudu mulih. Nanging menawa mulih kanthi kahanan kaya mangkene temtune dudu perkara sing gampang.

Ora perkara piye aku kudu golek duwit kanggo mulih – sing sakjane bab kuwi uga isih bingung goleke, nanging luwih wigati bab kepriye carane aku njaga pangrasaku wektu ketemu bapak mengko. Apa maneh yen kelingan pitutur-pituture bapak sing sempet dakugemi. Yen mikirke bab kuwi malah nambahi ciut ati. Nanging aku ora bisa selak, aku kudu ngadhepi babagan iki. Apa yen aku ora ngadhepi, pasrah, medhot rasa, apa bunuh diri bisa ngrampungi masalah lan dadi dalan sing becik? Oh Gusti, pikiranku malah tekan ngendi-ngendi, ora bisa anteng meneh.

Wekasane aku nyilih dhuwit marang juragan sing duwe warnet, dakwanek-wanekake nemoni bapak. Wektu aku tekan latar omah, dakdelok praupane bapak katon sumringah, nampa tekaku.

“Bapak gerah kok medal?” Pitakonku.

“Bapak ngenteni tekamu, Le,” saurane bapak.

Aku banjur sungkem marang bapak. Wektu aku sadhar, daksawang awake bapak kaya-kaya dadi luwih cilik. Katon keri balung karo kulit. Lan aku ora pengin nunggu suwe-suwe nanggung pangrasa sing ora kepenak, pagrasa bab aku sing rumangsa salah. Aku pengin ngandharake kasunyatan bab kahananku. Aku teka ora nggawa apa-apa, malah bisa diarani tinimbang wektu lunga biyen bisa diarani menawa kahananku isih luwih apik wektu iku.

Nanging sawise aku blaka, bapak sing sakjane lagi gerah kaya-kaya malah dadi kuwat. Pangendhikane bapak katon dhwe wibawa. kebak kearipan. Bapak langsung nanggepi omonganku sarana crita jaman aku isih cilik biyen. Ngendhikane bapak, jare aku biyen seneng ngajak bapak dolanan delik-delikan. Bapak uga crita wektu aku remaja sing demen lelungan neng alam. Ora krasa wektu aku ngrungokke critane bapak, mripatku wis kebak luh, malah ana sing wis netes ing pipi, trus tiba neng jubin teras omah.

“Bapak seneng kowe waras-waras wae,” kandhane bapak karo nyekeli pundhakku, banjur ngajak aku mlebu omah.

“Oya, sakmenika kula sampun dugi, Bapak sakmenika sare kemawon, nggih.”

“Bapak wis mari kok Le,” kandhane bapak sinambi mesem.

“Bapak taksih pucet.”

Bapak ora nggape omonganku. Sinambi lelenggahan ing amben, bapak banjur ngendhika maneh. Embuh apa sing dicritakne apa jenenge, prasasat sajenise pengalaman urip. Pangandhikane bapak terus wae metu, kanggoku keprungu bapak nembe nderas mantra-mantra. Tak jarke bapak mangkono, mbok menawa wae bab kuwi isa gawe bapak krasa marem penggalihe.

“Kemlaratan ora isa gawe nelangsa, angger awake dhewe tetep usaha ing dalan sing bener.” Tekan ukara kuwi aku nyela lan kandha menawa uripku wis gagal. Keprungu omoganku, bapak godhag-godheg. “Amung wong sing wis tau gagal sing bakal bisa ngrasakke karaharjan, Le.” Pitutur-pitutur bapak terus dikandhakake lan saiki aku mikir kepriye carane nyela pangandhikane. Aku mung arep takon marang bapak, apa enthuk menawa aku nerusake usahane dodolan dhawet.

Yuditeha
Latest posts by Yuditeha (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *