Membabar ajaran kejahatan Jajalanat, Raja Kejahatan, pada cucunya yang ditulis dalam Serat Jiljalaha karya Ranadiningrat. Sebuah konter narasi pada sikap dan sifat adiluhung priyayi Jawa

Ora kurang karya sastra Jawa sing ngajari piwulang becik. Wujude ana sing arupa tembang lan ana uga sing gancaran. Ana sing diseratake kanthi lugu lan pancen ngemot ajaran, nanging ana akeh uga sing disamarake sarana wujud sastra. Wosing karya sastra Jawa sing tansah dipahami minangka ajaran becik kuwi mau, jujur wae, marai awak dhewe bosen. Ibarat donya iki digambarake nek ora ireng ya putih. Kamangka ing jaman digital, jaman modern, utawa post-truth era iki becik lan ala bisa di-‘nego’.

Kanggone wong tuwa, saben cah enom wajib diwenehi ngerti tur dituntun kaya piye kuwi carane tumindak becik miturut wewulang adiluhung. Malah ing kanyatane, wong tuwa ora mung ndikte tumindak becik nanging ora sithik wong tuwa sing tekan seprene isih ndikte saktemene wujud rasa tresna lan gegayuhan duwekke cah enom.

Sakumpama cah enome duwe mental sing kuwat ora dadi ngapa, isih bisa golek cara, nanging piye nek cah enome mentale bapuk? Sing kelakon malah dadi stress, elek-eleke kelakon kendhat amerga disurung terus dening wong tuwa.

Kahanan kaya mangkono bisa uga jalaran nyumber saka wacanan serat sing mboseni mau. Nora duwe bandhingan saengga dadya sabab saklek ing panemu, ora gelem lan angel nampa owahing jaman. Perkara ngene iki sing bakal marai cah enom angel jumangkah.

Obah sing rada beda sithik karo panemune wong tuwa wae langsung dipaido. Ora gelem diajak rembugan dhisik. Cilakane, panemu saklek kuwi mau ana sing nular marang siji-loro cah enom. Nek ngono terus, kapan kabudayan Jawa bisa ngrengkuh wujud lan papan satengahing tatanan global?

Gelem nampa apike, angger mbuwang alane, jalukane yaiku, kabudayan Jawa kudu sampurna, ora duweni cacat. Mula awak dhewe butuh counter narasi, supaya kabudayan Jawa iki imbang.

Maksude imbang yaiku, senadyan ta ana wewulang ala utawa tumindak sing ala, kudu dipahami minangka saklumrahe manungsa lan tetep diayomi miturut kasujarahan lan kabudayan Jawa. Kaya dene wong Jerman sing tekan seprene tetep nyinaoni Hitler, utawa wong Jepang sing ngakoni dhewe nek sistem penulisane kajupuk saka tlatah Cina.

Becik lan alane wewulang gumantung sapa sing njunjung.

Ing antarane akeh banget kasusastran Jawa sing sewates aweh wedharan perkara kabecikan lan piwulang sing mboseni mungguhing jaman saiki, ana lumayan akeh judhul karya sastra Jawa sing bisa mbukak pangertene awak dhewe marang kabudayan Jawa kanthi utuh: Darmogandhul, Centhini ing episode saru, Serat Narasawan, lsp. Kanggone para ilmuwan Jawa, karya-karya kuwi dibiji ‘menarik’, nanging nek kanggone wong Jawa saklek, karya-karya kuwi mau klebu ‘uwuh’ utawa ‘larahan’ utawa ‘tabu’.

Sumber: https://www.sastra.org/agama-dan-kepercayaan/wulang/1268-jiljalaha-h-buning-c-1920-438?k=jiljalaha

Sakjane isih ana akeh meneh karya-karya sastra Jawa sing sipate kaya mangkono. Salah sijine yaiku Serat Jiljalaha: Wedharan bab piwulange Hyang Ijajil. Dianggit dening Raden Riya Ranadiningrat, putra wayahe Sultan Hamengkubuwana II, saka Nagari Ngayugyakarta Hadiningrat (Nancy Florida, 2000: 243). Serat Jiljalaha duweni telung versi, yaiku versi saka Mangkunegaran, Surakarta, lan Yogyakarta. Ing tulisan iki sing dibahas sing teka Yogyakarta lan bisa diakses ing sastra.org

Serat Jiljalaha sing dibahas iki diterbitake lan dicap dening H. Buning, Yogyakarta, rikala taun 1920. Miturut angka taun terbite, bisa diarani Serat Jiljalaha iki klebu perangan sastra Jawa baru, miturut periodesasi sing digawe dening Poerbatjaraka. Sajroning serat, awak dhewe bakal nemu rada akeh ukara-ukara lan tetembungan sing kaserat nganggo basa Melayu (Indonesia) kanthi sambung sinambung kalawan basa Jawa ngoko.

Tembung ‘nganggit’ wis cetha aweh tandha menawa sing ngarang kuwi pancen Raden Riya Ranadiningrat, nanging durung mesthi sing nulis utawa nyerat uga Ranadiningrat. Kaya kandhane Margana, 2004, sajroning buku Pujangga Jawa dalam Bayang-Bayang Kolonial kanthi ngutip Nancy Florida:

“Dalam teks Jawa, istilah ingkang nyerat (yang menuIis) belum tentu ia juga ingkang nganggit (yang mengarang) naskah itu. Ingkang nyerat sering hanyalah orang yang menuliskan naskah itu sedangkan pengarangnya mungkin orang lain. Istilah lain yang berkaitan dengan produksi dan reproduksi naskah Jawa adalah ingkang angiket (yang mengumpulkan), ingkang akarya sastra (yang mengerjakan teks), ingkang nedhak (yang menyalin).”

Saktemene Ijajil

Nama Ijajil dudu nama sing aeng mungguhing ajaran-ajaran Samawi. Tembung asline yaiku Azazel, nanging nek miturut Islam dadine Azazil. Sajroning wulangane ajaran Samawi, Azazel utawa Izazil iki dipercaya minangka nama sejatine Iblis, nanging bab iki isih durung kababar terang. Isih gojag-gajeg amerga nek pancen dipercaya minangka the fallen angel tegese Azazel / Azazil nora ana bedane kalawan Lucifer.

Kanyatane, nama Azazel iki sumbere saka wulangan Yahudi. Mesthine sajroning Serat Bab Agami Yahudi koleksi Perpusnas sing didigitalisasi ing Khastara diterangake sapa lan apa tugase Azazel, nanging prelu diwaca titi kabeh dhisik.

Cethane, nama Azazel kaserat ana ing Kitab Henokh utawa 1 Enoch. Para ilmuwan sing nelateni ajaran Yahudi percaya nek Azazel kuwi salah siji setan, emane ing Injil durung tinemu kanthi jelas, mung sewates disebut (Robert Helm, 1994: 217).

Ing kitab Henokh, Azazel uga disebut Samyaza. Dheweke ngajari para manungsa carane nggawe gaman banjur mimpin pra manungsa lan jim kanggo njongkeng kepraboning Gusti.

Azazel utawa Samyaza ing tradisi Yahudi dipercaya minangka anake Surga lan putrining Bumi. Alur cerita utamane wis dijelasake dening Paul D Hanson, 1977, sajroning artikele Rebellion in Heaven, Azazel, and Euhemeristic Heroes in 1 Enoch 6-11, hlm 197: 

Background note: Sons of Heaven and Daughters of Earth (6:1-2a).

 (1) Plot of rebellion by astral deities in heaven and their descent (6:2b-8).

 (2) Sexual commingling, birth of giants, devastation caused by the giants, earth’s plea (7:1 -6; 8:4 [minus 7:lde] ).

 (3) Angelic intercession before the Most High, deliverance of Noah, and punishment of the rebels and their offspring who are bound and cast to earth, ultimately to be punished in the fiery abyss (9:1-10:15 [minus 9:6, 8c, and 10:4-10]).

 (4) Restoration of the Kingship of the Most High and of Cosmic Order (10:1

Jeneng Azazel utawa Azazil kuwi mau banjur diserep dadi basa Jawa, ketemune dadi Ijajil. Aksara ‘z’ diganti kalawan aksara ‘j’, ngelingi ing aksara Jawa luwih lumrah nganggo ‘Ja’ dudu ‘Za’ senadyan miturut aturan tata tulis baku KBJ wis dicepakake aksara Jawa sing bisa muni ‘Za’.

Masalahe, kena ngapa kok nama Ijajil mau tibane dadi judhul serat sing judhule Serat Jiljalaha? Apa maksude tembung Jiljalaha? Kok adoh banget saka tembung Ijajil? Bab iki wis dijelasake ana ing dialog, rembugan, antarane Petruk lan Gareng sajroning Kalawarti Kejawen, diterbitake dening Balai Pustaka, tanggal 02 sasi April taun 1932. Makna saka Jiljalaha diwedhar dening Petruk:

“Jênêngane bae: Jiljalaha, rak iya wis cêtha, ta, yèn saka: jajil ala, dadi iya wis lumrah nèk isine: blondrokan, blondrongan”

Jebul bisane ketemu tembung Jiljalaha saka nama Ijajil mau kasil nggabungake antara tembung ‘Ijajil’ lan ‘ala’, mula dadine Jiljalaha. Nek manut pangerten mangkono, pancen pener menawa Ijajil dipadhakake kalawan wakiling tumindak ala. Teknik nggawe basa kaya mangkono pancen lumrah banget kanggone wong Jawa, utamane para pujangga Jawa. Rong tembung didadekake siji banjur nuwuhake rasa basa sing khas.

Miturut Edwin Wieringa, 2016, sajroning prosidinge Satan’s Sermon: a Late 19th Century Javanese Elit Objection to the Spirit of the Age, Serat Jiljalaha iki ngemu watak guyonan sing peteng lan entuk inspirasine saka Serat Ambiya.

Sakliyane kuwi, Ronnit Ricci, 2016, sajroning artikele Reading a History of Writing: heritage,
religion and script change in Java, jeneng Ijajil uga disebut ana ing Serat Sindula. Ceritane, Aji Saka diseneni Kanjeng Nabi Muhammad, banjur Aji Saka dikongkon Ijajil supaya mara menyang tanah Jawa wae lan ngedegake agama Islam ing Jawa, kareben cetha nek Arab kuwi Arab, Jawa kuwi Jawa

Serat Jiljalaha iki wis dicetak dadi buku dening salah siji dosen Universitas Indonesia, yaiku Murni Widyastuti taun 2012 dek wingi. Judhule tetep padha nanging ditambahi ben luwih jelas isi serat sing digawe buku, judhul pepake Serat Jiljalaha: Ajaran Ijajil

Ajaran Hyang Ijajil sajroning Serat Jiljalaha

Serat Jiljalaha dicap lan diterbitake dening H. Buning, taun 1920. Tulisane kanthi piranti cetak, dudu ditulis tangan. Ing bagiyan pambuka, pihak penerbit aweh pengantar sing intine Serat Jiljalaha kuwi mujudake basa sarkas lan satire. Mula senadyan ngajak marang lelaku ala, nanging sejatine ora lugu kaya ngono. Pihak penerbit kanthi pepak muni:

“Saking pamanggih kula Sêrat Jiljalaha punika maksudipun dhatêng piwulang sae, sarta namung sawantahipun, nanging suraosipun kaangge walikan, têgêsipun sadaya ingkang kacariyos ing sêrat wau anggêpipun sae, nanging sayêktosipun awon, mila kêdah kinosokwangsul. Turut kalihan namaning sêrat: Jiljalaha, bilih dipun walik, jilja, jajil, laha, ala=jajil ala. Lo rak namung sawantah kemawon.”

Emane, pihak penerbit ora mbukak alesan liyane. Mung njelasake isi saka judhul Jiljalaha. Angger muni nek Serat Jiljalaha kuwi sarkas tanpa nambahi bukti saka isi teks sing asli.

Nek cara mbedhahe kaya mengkono, bakal marai salah paham sing maca, lan nutup kemungkinan tafsir alternatif. Kasarane, penerbit H. Buning ngakon sapa wae sing maca Serat Jiljalaha supaya percaya nek Serat Jiljalaha kuwi mung sarkas lan satire kanggo wong-wong ala.

Pitakonane, apa iya Serat Jiljalaha mung mujudake karya sastra sing satire lan sarkas? Apa bukti teks sajroning wacanan Serat Jiljalaha sing bisa nguwati nek Serat Jiljalaha iku sarkas lan satire? Piye nek nyatane Serat Jiljalaha pancen ditulis kanggo ngajak marang tumindak ala? Aja-aja Serat Jiljalaha kanthi cara sarkas lan satire nanging kanggo wong priyayi lan mbantah konsep adiluhung?

Kandhane Nancy Florida, 2000, ing buku Javanese Literature in Surakarta Manuscripts Vol.2 Manuscript of Mangkunegaran Palace, inti plot lan alur sajroning Serat Jiljalaha yaiku nalika Jajalanat, Raja Kejahatan, mulang putune ajaran saka Hyang Ijajil. Nama ‘Ijajil’ ditempeli tembung ‘Hyang’ sajak kanthi alesan amerga ‘Ijajil’ kuwi mbiyene kadhapuk minangka malaekat. Kanggone wong Jawa, sajake, status malaekat padha karo pangkat dewa.

Ing bagiyan wiwitan, Ranadiningrat nglebokake sekar macapat nanging mawa basa Melayu, nanging selang-seling kalawan tembung Jawa. Bagiyan iki duduhake wektu nulise Serat Jiljalaha: 

“kutika bêrmulai têrtulis | padha ari Slasa tanggal ping pat | bulan Dulkijah taun Je | sêngkalanya yang taun | misih pake basa Ijajil | sengkok nèt kênthi warang | itu jugak turut | misih pake lètêr durga | cuba liat rupanya dhibawah ini | bukan têrlalu eram |”

Ketara ta tembung-tembung sing nganggo basa Melayu lan tembung ngendi sing nganggo basa Jawa? Apa karepe penulis kok nyampur basa sajroning tembang iku? Miturutku ana rong kemungkinan: 1) Mbandhingake basa Jawa lan Melayu, 2) Supaya dipahami wong luwih akeh. Engko sakmemburi uga isih akeh tembung basa Melayu, nanging ora banget akehe 

Ilustrasi Ijajil. Sumber: Pinterest

Ajaran kapisan yaiku supaya awak dhewe nganggep wong Landa minangka kanca. Saumpama diwenehi dhuwit dening wong Landa kudu ditampani amerga kuwi rejeki. Banjur nek sowan menyang wong pangkat kudu nggawa gula-teh supaya dadi tandha nek awak dhewe tamu. Lucune, nalika awak dhewe nampa tamu, ora entuk nyuguhi apa-apa, kajaba wong sing mertamu nggawani barang utawa sangu.

Awak dhewe diajari selektif marang tamu. Nek tamune mung nggawa awak mendhing ora diwenehi ngombe lan mangan. Apa meneh tamu sing awak dhewe lagi ngerti.

Sakliyane iku, awak dhewe ora entuk ngewenehi dhuwit marang wong mlarat lan wong sing njaluk-njaluk. Alesane, supaya ora ketularan. Ranadiningrat sajak pengin ngandhani menawa wong mlarat ora prelu diwenehi welas asih jalaran mlarate ya amerga digawe dhewe. Teks luwih pepake bab iki ing antarane yaiku: 

“lawan aja sok ngênèhi dhuwit | nyang wong mlarat mundhak kêtularan | nadyan ta tanggamu anggèr | kalamun anjêjaluk | lênga tuwin sêga sathithik | ginawe dulang bocah | poma sira putu | wis aja korèwès pisan | iku ingkang dadi jalaran bilai | gombale anênular ||”

Khusus kanggo wong lanang, Ranadiningrat aweh ajaran supaya awak dhewe kerep nonton tayuban. Nek bisa kudu katon sugih senadyan dhuwite utang. Kareben bisa nyawer lan entuk kalungguhan saka para panonton liyane. Aja kalah mungsuh para Walanda apa meneh priyayi Jawa sing kemaki.

Priyayi Jawa sing wegah lan emoh nonton tayub kuwi dianggep mung apus-apus utawa ethok-ethok, sakjane ya seneng banget nek nonton tayub lan tledhek. Ngelingi bab iki, Ranadiningrat mbukak sipat munafike para priyayi Jawa. Temtune dudu perkara sing angel kanggo Ranadiningrat mbukak wadine priyayi, lha wong dheweke ya klebu priyayi.

Mbuwang-mbuwang dhuwit dianggep minangka dalan tumuju swarga. Aja eman marang dhuwit. Angger bisa dadekake seneng. Banjur sing diarani aweh danareksa yaiku nalika awak dhewe bisa nyenengake bojone tangga. Kuwi sing diarani seneng saktemene. Aja-aja spirit Bojomu Semangatku kuwi wis eksis wiwit jaman mbiyen.

Nalika nemu wayah sing pas kanggo dolan menyang omahe tangga, bojone tangga kudu diselametake. Sakumapa awak dhewe rabi banjur dadi mlarat, awak dhewe kudu pegatan. 

rekane mangkene kaki | yèn tanggamu lagi lunga | trakadhangan lagèk caos | ya kuwi sing kêbênêran | banjur sira sănjaa | api-apia durung wruh | nèk sing lanang ora ana ||

banjur takona sing ririh | kakang napa wontên griya | sabab dhèk wingi pun kangsèn | nging wêlinge kalih kula | nèk aku ora ana | dhuwit wènèhna bakyumu | mêkatên raka jandika ||

mêngko nèk gêlêm nampani | lah kuwi sing kêbênêran | gampang cêkêlên tangane | nanging aja milih papan | măngsa ngarah bedaa | mathok anggêr pêrlu cukup | wis kalêbu wong utama ||

nanging ana sing ngungkuli | yèn sira nuju ngawula | kinasihan mring wong gêdhe | bêcik kathik saratana | karêbèn wuwuh trêsna | bedhangên klangênanipun | pilihên sing kinasihan ||

wis tamtu yèn wuwuh asih | sababe wis tunggal rasa | rasa mulya sêjatine | iku sarat kang utama | nanging dipun prayitna | sukêt godhong aja krungu | mundhak badhar lakunira ||

Sumber gambar: http://f-se.blogspot.com/2012/02/f-se-cecily-brown-where-sex-paintings.html?m=1

Ajaran liyane yaiku nalika awak dhewe mlaku ana dalan. Dielingake aja gawe perkara marang liyan, nanging nek ana sing wani ngece satengahing dalan, wong sing ngece mau kudu ditabok lan ditempeleng supaya awak dhewe diarani jlêgêdhag. Saumpama dikeroyok, ya kudu ngamuk, aja mung tampa trima diantemi, tujune supaya awak dhewe kajen.

Beda kasus meneh nek nalika guyon ana sing nyenggol atimu, langsung pisuhana, sakumpama diwales pisuhan, wong iku kudu disuduk wetenge. Aja wedi lan aja mamang. Mengkono iku ajarane Hyang Ijajil sing sejati:

nanging aja sêrak-sêrik | diwaoni mring wong kathah | nèk wani tabokên kêplog | yèn dikroyog ya ngamuka | mêngkono wong jlêgêdhag | aja dhêmên clurat-clurut | kaya dudu trah Pêndhawa ||

lan yèn nuju sira kaki | jêjagongan lan wong kathah | yèn ana sing wani nyêngès | ngajak gêguyon mring sira | ya banjur pisuhana | mênèk wani malês misuh | jur sudukên babar pisan ||

karo bok rada sing dhiri | yèn lumaku nèng dêdalan | aja sok nyimpangi uwong | nèk ana sing wani nunjang | tabokên bae kêplag | pêsthi yèn kajèn awakmu | poma kaki lakonana ||

Ajaran sing rada akeh diwedhar dening Ranadiningrat yaiku bab adu pitik lan nyandhu. Cara jaman saiki candhu kuwi bisa dipadhakake kalawan nyimeng. Kanthi akeh banget dijelasake menawa inti ajaran Hyang Ijajil yaiku marang rasa kendel lan nalika ora sadhar marang kahanan awak.

Awit saka kahanan pikiran sing ngambang mau, awak dhewe bisa nglakoni apa wae. Ora wedi nindakake lelakon ala kaya dene para priyayi, Landa, lan wong-wong Cina. Mengkono wulangane Hyang Ijajil.

Saka wedharan ing dhuwur, bisa diarani menawa pancen Serat Jiljalaha pancen mujudake watak basa sing sarkas lan satire nanging obyek e dudu wong ala. Wong sing didadekake obyek dening Ranadinigrat malah wong-wong sugih, priyayi, lan konsep adiluhung. Miturut Serat Jiljalaha, konsep adiluhung kuwi ngrangkeng rasa kamanungsane wong cilik, mula kudu ditrabas.

Sakumpama wong cilik pancen susah banjur nindakake babagan ala, ya wis sakmesthine, amerga wong priyayi lan duwe pangkat ora bisa dadi conto, lha wong priyayine wae nganggo piranti ‘adiluhung’ mung kanggo tutup watak sing nyata.

Serat Jiljalaha mbukak kanthi vulgar kahanane wong Jawa sing kepepet. Dibukak kanthi lugu lan dibasakake kanthi apa anane. Serat Jiljalaha iki bisa minangka counter narasi menawa kabudayan Jawa sing dianggep adiluhung kuwi fana, sabab ana tumindak sing kaya mangkono lan kuwi ukurane nganggo ukuran kamanungsan, dudu kabudayan.

Gombalamoh
Latest posts by Gombalamoh (see all)