Wuk Bule
Wuk Bule

Wuk Bule5 min read

Jenengku Anna. Sejatine aku tresna banget marang negeri iki, kaya dene bapak tresna marang ibu. Aku ora ngerti jalarane ibu kondur menyang negarane nalika aku isih balita, ninggalake bapak karo aku ning kene.

Sakjane bapak klebu seniman sing sarwa bisa, amarga pancen prigel nggawe sembarang karya seni. Nanging nyatane bapak mung seniman sing arang kepayon, paling ora saka sing dakngerteni sabendinane. Anehe, bapak katon sibuk kaya ora nate leren. Ana wae acara sing ndadekake bapak kudu lunga menyang sadengah papan, utawa mung karep nemoni wong. Kalamangsane aku mikir, lha banjur kapan wancine bapak nandangi gaweyane?

Aku kerep melu ngrasakne bot-repote pindah kontrakan. Wis ngono, ngaranku ora ana siji-sijia sing pakra, kepenak lan pantes dipanggoni. Isih klebu apik yen isa mapan ning sawijine omah sapetak ana perkampungan rupek, senajan babagan urusan mburi, adus lan kakus, isih kudu kudu andum panggon dadi siji karo tangga-tangga liyane.

Aku karo bapak uga kerep nunut ngiyup neng omahe kancane bapak, sing jare wong sugih, sing jan-jane ya ora. Sepisan-pindho, aku nate dijak bapak turu bareng wong akeh ning panginepan sing ruangane amba, nggon ngumpule bapak lan kanca-kancane, sing dakelingi mambune werna-werna. Tekan sawijining dina bapak bali gawa kabar nyenengake, ra suwe meneh bakal manggon neng omah sing bisa gawe bungah ati.

“Ning kana kowe isa sekolah, Nduk, tur bakal akeh kancane,” tutuge bapak ngendika mangkono.

Pamundhute bapak kuwi sing mboyong aku dadi saiki urip ning ndesa, srawung bareng wong-wong cilik aneng desa perengan gunung. Tumuli aku dadi ngrasakne wengi sing nyenyet, ora rame kaya nalika manggon ning kutha. Pancen bener ngendikane bapak, neng kene aku bisa ngrasakne ambegan luwih seger. Tinimbang ngambu werna-werna ganda bala kancane bapak, uga kebul rokok ing sajroning ruangan sing marai sirah mumet, gliyengan kaya kitiran.

Ananging, neng kene uga jenengku saya arang diceluk. Beda karo bapak, tangga teparo luwih seneng nyeluk aku ‘Wuk’ thok, ukara anyar sing ora tau diterangne artine dening bapak. Sabanjure aku mikir yen ukara kuwi mung paraban, sakwuse aku krungu dhewe ana salah sawijining wong ndesa nyeluk Tinah nganggo paraban sing padha. Durung kober aku takon babagan kuwi mau maring bapak, akeh nom-noman saut-sautan mbengoki aku nalika nembe mlaku karo Tinah liwat prapatan.

“Wuk Bule, Wuk Bule!” Karo cekakakan.

Kupingku rasane kaya kobong, banjur manjing rasa mangkel ing dhadha, amarga aku krasa yen nom-noman mau niat nduduhake menawa aku karo Tinah ki cetha bedane. Tinah ngerti yen aku nesu, gage nyeret tangan banjur ngajak aku mlayu bali. Pas kuwi temenan anggonku nesu, anyel karo kelakuane nom-noman pengangguran sing sakepenake dhewe mbengoki aku nganggo cara kaya ngono.

“Ora usah dilebokne ati, An.” Tinah nyoba nglipur anyelku.

“Rumangsane wong-wong kae paling pantes dadi manungsa pa?” Gethem-gethem, aku njerit karo mingseg-mingseg.

“Kok kowe ngomong kaya ngono?” Tinah kaget, banjur ngeculke rangkulane.

Karo isih mingseg-mingseg, aku crita kedadean sepuluh taun kepungkur. Nalika semana ibu isih gandheng karo bapak. Sawijining wengi, bapak ngejak aku lan ibu ndelok sugatan sakral, acara sing dikepyak setaun pisan. Aku ra pati kelingan kepriye ramene wengi kuwi. Nanging telung tahun sakwuse, bapak nembe crita, nalika ibu wis mungkur lunga.

“Rame banget, Nduk. Wong-wong padha suk-sukan rebutan, supaya entuk panggon ngarep dhewe ndelok arak-arakan.”

Kanyata wengi kuwi dadi pungkasane aku metu bareng sakluwarga. Bapak nate ngendika yen ibu seneng nggedhek-nggedhekne perkara cilik. Bapak rumangsa wis nerangake babagan pasugatan acara wengi kuwi. Nanging ibu kadung lara ati banjur lunga ninggal aku lan bapak sakwulan mburine.

Wiwit diceluk ‘Wuk Bule’ aku luwih seneng endha saka prapatan, cakruk, lapangan dusun, utawa nggon thongkrongane nom-noman sing cangkeme rusak. Tinah dadi luwih seneng ngajak aku menyang sawah lan bale desa, turut gang-gang cilik kaya labirin, sing dadi wates antaraning pekarangan omah-omahe penduduk.

Aku kelingan tembunge bapak, yen wong-wong ndesa pancen samadya uripe, ning sejatine sugih. Nyatane kabeh duwe omah lan pekarangan, sing ambane isa kaping lima luwih, omahe wong kutha. Saben omah mesthi ana kandhang rajakaya lan kewan liya, klebu uga lumbung kanggo nyimpen gabah lan panenan liyane.

Aku karo Tinah gedhe neng kene, ra krasa sansaya dadi prawan ndesa. Kawit cilik gunemanku nganggo basa jawa, mulane dadi ra kangelan nggonku ngetutke Tinah dolan nyang ndi wae. Aku bisa sinau akeh amarga Tinah. Wong tuwane wis dadi kaya wong tuwaku dhewe, luwih-luwih merga bapak isih kerep lunga, dadi arang neng omah.

Aku diopeni Pakdhe lan Mbokdhe kaya anake dhewe, ora ana bedane karo Tinah. Piyambake uga sing nerangake babagan parapan ‘Wuk Bule,’ nalika aku ngancik rada gedhe. Kabeh mau dicethakke kanthi pitutur kang alus, gandheng-cenenge karo babagan kuwi, klebu uga sakabehing perkara sing kudu dingerteni prawan, supaya dadi wong Jawa sing temen.

Cerita tentang gadis luar Jawa yang berusaha untuk menjadi wanita Jawa. Perjuangan demi menjadi Jawa yang seutuhnya bagi orang yang dari luar Jawa.
Sumber gambar: Deviantart

“Aja mbok gelani meneh ya, Nduk. ‘Wuk’ kuwi dudu tembung saru,” ngendikane mbokdhe.

Senajan pituture pakdhe lan mbokdhe durung isa ngleremake rasa dibedak-bedakne, nanging isa marai aku rumangsa dipecut, saya sregep nggonku sinau. Masak, mbatik, njoget, dandan, lan gawe jamu, ora suwe bisa dak tandangi dhewe kanthi wasis. Aku banjur dadi kerep diundang nyang ndi-ndi.

Sawijining dina mbesuk, aku kondhang dadi sejatining ‘Wuk Bule’ amarga kuwi. Wanita sing nduweni pasuryan Eropa nanging kapribadhene Jawa. Nanging jan-jane atiku isih nyimpen rasa getir pisah karo Tinah, sing nate kegelan amarga tansah dadi wong nomer loro ning mburiku.

***

Ing wengi gentine taun anyar Jawa, sing lumrahe dipengeti mawa Sekatenan, ing antarane byuk-rubungane wong-wong kang nembe rebutan berkah Kyai Slamet, ana bocah wedok cilik katon bungah neng pundhake bapake.

Kulite sing gemadhing dadi mbranang kena sorote lampu merkuri. Rambut irenge sing ketel dikepang loro, obah ngiwa-nengen kena suk wong-wong sakupengane. Ibune keri adoh neng mburi, kepeksa nampa jowal-jawile wong jail sing golek-golek. Wong wadon turunan landa kuwi ora ngerti menawa berkahe wengi kuwi, kanggo prawan ayune mbesuk ing tembe mburi.

Ian Hasan
Latest posts by Ian Hasan (see all)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *